Jumat, 11 Juli
Aku bakal nuruti kowé.—PD. 19:21.
Yéhuwah ora kaku merga rendah hati lan nduwé rasa mesakké. Misalé, pas arep matèni wong-wong Sodom sing jahat. Liwat malaékaté, Yéhuwah ngongkon Lot mlayu ing dhaérah pegunungan. Tapi merga wedi, Lot njaluk bèn dhèwèké sak keluarga mlayu ing Zoar, sing sakjané arep dihancurké. Yéhuwah sakjané isa meksa Lot kanggo manut. Tapi merga rendah hati, Yéhuwah gelem nuruti Lot. (PD. 19:18-22) Yéhuwah ya nduduhké rasa mesakké karo wong Niniwé. Yéhuwah ngutus Nabi Yunus kanggo ngumumké nèk kutha kuwi bakal dihancurké merga wong-wongé jahat. Tapi merga wong Niniwé mertobat, Yéhuwah mesakké lan ora sida ngancurké kutha kuwi.—Yun. 3:1, 10; 4:10, 11. w23.07 21 ¶5
Setu, 12 Juli
Yéhoas dipatèni . . . lan dikubur . . . ning dudu ing kuburané para raja.—2 Bb. 24:25.
Yéhoas kaya wit sing disangga. Sakwisé penyanggané dicabut, wit kuwi ambruk pas kena angin. Sakwisé Yéhoyada mati, Yéhoas ora wedi manèh karo Yéhuwah pas dipengaruhi karo wong-wong sing ora nyembah Dhèwèké. Apa pelajarané? Mung merga keluarga utawa sedulur-sedulur ing jemaat dadi teladan, ora otomatis awaké dhéwé wedi karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa tetep cedhak karo Yéhuwah mung nèk maca Alkitab, ngrenungké kuwi, lan ndonga. (Yér. 17:7, 8; Kol. 2:6, 7) Yéhuwah ora njaluk sing ngluwihi kesanggupané awaké dhéwé. Yéhuwah mung péngin awaké dhéwé ’wedi karo Dhèwèké lan manut karo préntahé, merga iki kabèh kewajibané manungsa’. (Pkh. 12:13) Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngadhepi masalah apa waé lan tetep setya. Ora ana sing isa misahké awaké dhéwé saka Yéhuwah. w23.06 18-19 ¶17-19
Minggu, 13 Juli
Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.—Why. 21:5.
Ing awal ayat 5 ana kata-kata, ”Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha.” (Why. 21:5a) Kata-kata iki istiméwa. Ing buku Wahyu, Yéhuwah ngomong langsung kuwi mung ping telu thok. Salah sijiné ana ing ayat iki. Dadi, jaminan iki sing ngomong dudu malaékat, dudu Yésus, tapi Yéhuwah dhéwé. Nah, Yéhuwah ”ora isa ngapusi”. (Tit. 1:2) Kuwi berarti kata-katané Yéhuwah, termasuk sing ing Wahyu 21:5, 6 isa dipercaya. Terus Yéhuwah ngomong, ”Deloken.” Ing basa asliné, kata ”deloken” kerep muncul ing buku Wahyu. Terus, Gusti Allah bar kuwi ngomong apa? Gusti Allah ora ngomong, ”Aku arep nggawé kabèh dadi anyar.” Gusti Allah ngomongé, ”Aku nggawé kabèh dadi anyar.” Janjiné Yéhuwah mémang kelakoné isih sukmbèn, tapi saking pastiné, Yéhuwah ngomongé seolah-olah kuwi wis kelakon.—Yés. 46:10. w23.11 3-4 ¶7-8