Selasa, 15 Juli
Engonen anak-anak dombaku.—Yoh. 21:16.
Rasul Pétrus ngongkon para pinituwa, ”Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah.” (1 Ptr. 5:1-4) Para pinituwa, njenengan mesthi sayang karo sedulur-sedulur lan péngin nggatèkké meréka. Tapi kadhang ora isa merga sibuk lan wis kesel. Terus, kudu piyé? Critakna kabèh karo Yéhuwah. Pétrus nulis, ”Nèk kowé mbantu wong liya, kowé kudu ngendelké kekuwatan saka Gusti Allah.” (1 Ptr. 4:11) Mungkin njenengan ora isa mbantu sedulur-sedulur ngatasi kabèh masalahé. Tapi élinga, nèk ana ”gembala sing utama” yaiku Yésus Kristus. Yésus sing luwih sanggup nulungi sedulur-sedulur, embuh saiki utawa sukmbèn. Yéhuwah péngin para pinituwa sayang, nggatèkké, lan ”dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah”. w23.09 29-30 ¶13-14
Rebo, 16 Juli
Yéhuwah ngerti nèk pikirané wong sing wicaksana kuwi ora ana gunané.—1 Kor. 3:20.
Aja niru pandhangané manungsa. Nèk niru pandhangané wong-wong umumé, suwé-suwé awaké dhéwé isa waé ninggalké Yéhuwah lan ora manut pathokané. (1 Kor. 3:19) ”Kawicaksanané donya” nggawé wong-wong ora manut Gusti Allah. Beberapa wong ing Pèrgamus lan Tiatira terpengaruh pandhangané wong-wong sing bejat lan nyembah brahala. Merga nganggep perbuatan kaya ngono ora salah, jemaat kuwi diwènèhi naséhat sing tegas karo Yésus. (Why. 2:14, 20) Saiki ya padha. Mungkin keluarga utawa kanca ngomongi awaké dhéwé bèn pekéwuh nganti nganggep pathokané Yéhuwah kaku. Mungkin awaké dhéwé diomongi nèk hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi ora salah lan pathokan ing Alkitab wis ketinggalan jaman. Kadhang awaké dhéwé mikir nèk arahané Yéhuwah kurang terperinci. Mungkin awaké dhéwé péngin ”ngluwihi apa sing wis ditulis”.—1 Kor. 4:6. w23.07 16 ¶10-11
Kemis, 17 Juli
Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.—WB. 17:17.
Bayangna piyé perasaané Maria ibuné Yésus pas dikandhani malaékat Gabrièl nèk dhèwèké bakal meteng padahal durung nikah. Maria mesthi bingung banget. Dhèwèké ya kudu nggedhèkké bayi sing bakalé dadi Mésias. Terus, Maria ya kudu njelaské karo Yusuf tunangané, nèk Maria meteng padahal meréka durung tau hubungan sèks. (Luk. 1:26-33) Maria mesthi butuh dikuwatké. Bèn isa éntuk kekuwatan, Maria nggolèk bantuan. Contoné, bèn ngerti luwih akèh soal tugasé, Maria takon karo malaékat Gabrièl. (Luk. 1:34) Bar kuwi, Maria lunga marani Èlisabèt, seduluré, sing omahé ”ing dhaérah pegunungan” ing Yéhuda. Ing kono, Èlisabèt muji Maria. Terus merga dituntun roh suciné Yéhuwah, Èlisabèt nyampèkké ramalan soal bayi ing wetengé Maria. (Luk. 1:39-45) Maria ngomong nèk Yéhuwah wis ”nduduhké kuwasané sing hébat”. (Luk. 1:46-51) Yéhuwah nguwatké Maria liwat Gabrièl lan Èlisabèt. w23.10 14-15 ¶10-12