PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Senèn, 14 Juli

Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.—Mat. 26:75.

Rasul Pétrus kudu berjuang ngatasi kelemahané. Contoné, pas Yésus ngomong nèk menurut ramalan dhèwèké kudu sengsara lan mati, Pétrus malah ngélikké Yésus. (Mrk. 8:​31-33) Pétrus karo murid-murid liyané ya bola-bali padu soal sapa sing paling penting. (Mrk. 9:​33, 34) Bengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus ya tau nyerang lan nyabet kupingé Malkhus nganti pothol. (Yoh. 18:10) Terus bengi kuwi, merga wedi karo wong-wong, Pétrus ora ngakoni Yésus nganti ping telu. (Mrk. 14:​66-72) Bar kuwi Pétrus nangis lan sedhih banget. Yésus terus nyemangati Pétrus bèn ora cilik ati. Bar diuripké manèh, Yésus ngekèki Pétrus kesempatan mbuktèkké nèk isih sayang Yésus. Yésus ngongkon Pétrus ngopèni domba-dombané. (Yoh. 21:​15-17) Pétrus gelem. Terus pas Péntakosta, dhèwèké ya ana ing Yérusalèm lan termasuk sing nampa roh suci. w23.09 22 ¶6-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 15 Juli

Engonen anak-anak dombaku.—Yoh. 21:16.

Rasul Pétrus ngongkon para pinituwa, ”Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah.” (1 Ptr. 5:​1-4) Para pinituwa, njenengan mesthi sayang karo sedulur-sedulur lan péngin nggatèkké meréka. Tapi kadhang ora isa merga sibuk lan wis kesel. Terus, kudu piyé? Critakna kabèh karo Yéhuwah. Pétrus nulis, ”Nèk kowé mbantu wong liya, kowé kudu ngendelké kekuwatan saka Gusti Allah.” (1 Ptr. 4:11) Mungkin njenengan ora isa mbantu sedulur-sedulur ngatasi kabèh masalahé. Tapi élinga, nèk ana ”gembala sing utama” yaiku Yésus Kristus. Yésus sing luwih sanggup nulungi sedulur-sedulur, embuh saiki utawa sukmbèn. Yéhuwah péngin para pinituwa sayang, nggatèkké, lan ”dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah”. w23.09 29-30 ¶13-14

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Rebo, 16 Juli

Yéhuwah ngerti nèk pikirané wong sing wicaksana kuwi ora ana gunané.—1 Kor. 3:20.

Aja niru pandhangané manungsa. Nèk niru pandhangané wong-wong umumé, suwé-suwé awaké dhéwé isa waé ninggalké Yéhuwah lan ora manut pathokané. (1 Kor. 3:19) ”Kawicaksanané donya” nggawé wong-wong ora manut Gusti Allah. Beberapa wong ing Pèrgamus lan Tiatira terpengaruh pandhangané wong-wong sing bejat lan nyembah brahala. Merga nganggep perbuatan kaya ngono ora salah, jemaat kuwi diwènèhi naséhat sing tegas karo Yésus. (Why. 2:​14, 20) Saiki ya padha. Mungkin keluarga utawa kanca ngomongi awaké dhéwé bèn pekéwuh nganti nganggep pathokané Yéhuwah kaku. Mungkin awaké dhéwé diomongi nèk hubungan sèks sakdurungé nikah kuwi ora salah lan pathokan ing Alkitab wis ketinggalan jaman. Kadhang awaké dhéwé mikir nèk arahané Yéhuwah kurang terperinci. Mungkin awaké dhéwé péngin ”ngluwihi apa sing wis ditulis”.—1 Kor. 4:6. w23.07 16 ¶10-11

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim