Jumat, 18 Juli
Dhèwèké nglantik awaké dhéwé dadi raja lan imam kanggo nglayani Gusti Allahé lan Bapaké.—Why. 1:6.
Ing antarané murid-muridé Yésus ana sing wis dipilih nganggo roh suci lan nduwé hubungan sing istiméwa karo Yéhuwah. Jumlahé 144.000. Meréka bakal nglayani dadi imam ing swarga bareng karo Yésus. (Why. 14:1) Pas meréka isih ing bumi, Gusti Allah ngangkat meréka dadi anaké. Nah, Ruang Suci ing tabernakel nggambarké hubungan istiméwa kuwi. (Rm. 8:15-17) Ruang Mahasuci ing tabernakel nggambarké swarga, panggonané Yéhuwah. ”Kordhèn” sing misahké Ruang Suci karo Ruang Mahasuci nggambarké badané Yésus. Pas Yésus isih dadi manungsa, dhèwèké ora isa mlebu swarga dadi imam agung ing bait rohani. Bar Yésus mati, dhèwèké mbukak dalan bèn wong-wong sing wis dipilih roh suci mau isa munggah swarga. Wong-wong sing wis dipilih kuwi ya ora isa munggah swarga nèk isih nganggo badan manungsané.—Ibr. 10:19, 20; 1 Kor. 15:50. w23.10 28 ¶13
Setu, 19 Juli
Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon.—Ibr. 11:32.
Pas wong Éfraim nesu-nesu karo dhèwèké, Gidéon tetep tenang lan ora nesu. (PH. 8:1-3) Dhèwèké ngrungokké lan apikan wektu njawab. Wektu ana sing ngritik, para pinituwa ya isa kaya ngono. (Yak. 3:13) Hasilé, jemaat isa tetep rukun. Wektu dipuji merga menang nglawan wong Midian, Gidéon muji Yéhuwah. (PH. 8:22, 23) Piyé para pinituwa isa niru Gidéon? Muji Yéhuwah pas berhasil. (1 Kor. 4:6, 7) Misalé, pas dipuji merga isa nyampèkké ceramah sing apik, dhèwèké isa ngomong nèk kuwi asalé saka Alkitab utawa merga awaké dhéwé kabèh wis dilatih organisasiné Yéhuwah. Para pinituwa ya isa mikirké, apa carané mulang ngluhurké Yéhuwah utawa mung nggawé wong liya terkesan. w23.06 4 ¶7-8
Minggu, 20 Juli
Pikiran-Ku ora kaya pikiranmu.—Yés. 55:8.
Nèk kayané dongané awaké dhéwé ora dijawab-jawab, isa mikirké, ’Sing tak jaluk iki apa wis bener?’ Kadhang, awaké dhéwé mikir nèk sing dijaluk kuwi wis sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Tapi, isa waé kuwi dudu solusi sing paling apik. Terus, mungkin sing awaké dhéwé jaluk kuwi ora cocog karo karepé Yéhuwah. (1 Yoh. 5:14) Misalé, contoné wong tuwa sing ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah. Kétoké kuwi permintaan sing apik. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa sapa waé kanggo nglayani Dhèwèké. Yéhuwah pénginé kabèh wong termasuk anak-anak nglayani Dhèwèké merga meréka mémang péngin. (PT. 10:12, 13; 30:19, 20) Dadi, kuduné wong tuwa ndongané njaluk Yéhuwah mbantu meréka isa ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké.—WB. 22:6; Éf. 6:4. w23.11 21 ¶5; 23 ¶12