Setu, 19 Juli
Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon.—Ibr. 11:32.
Pas wong Éfraim nesu-nesu karo dhèwèké, Gidéon tetep tenang lan ora nesu. (PH. 8:1-3) Dhèwèké ngrungokké lan apikan wektu njawab. Wektu ana sing ngritik, para pinituwa ya isa kaya ngono. (Yak. 3:13) Hasilé, jemaat isa tetep rukun. Wektu dipuji merga menang nglawan wong Midian, Gidéon muji Yéhuwah. (PH. 8:22, 23) Piyé para pinituwa isa niru Gidéon? Muji Yéhuwah pas berhasil. (1 Kor. 4:6, 7) Misalé, pas dipuji merga isa nyampèkké ceramah sing apik, dhèwèké isa ngomong nèk kuwi asalé saka Alkitab utawa merga awaké dhéwé kabèh wis dilatih organisasiné Yéhuwah. Para pinituwa ya isa mikirké, apa carané mulang ngluhurké Yéhuwah utawa mung nggawé wong liya terkesan. w23.06 4 ¶7-8
Minggu, 20 Juli
Pikiran-Ku ora kaya pikiranmu.—Yés. 55:8.
Nèk kayané dongané awaké dhéwé ora dijawab-jawab, isa mikirké, ’Sing tak jaluk iki apa wis bener?’ Kadhang, awaké dhéwé mikir nèk sing dijaluk kuwi wis sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Tapi, isa waé kuwi dudu solusi sing paling apik. Terus, mungkin sing awaké dhéwé jaluk kuwi ora cocog karo karepé Yéhuwah. (1 Yoh. 5:14) Misalé, contoné wong tuwa sing ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah. Kétoké kuwi permintaan sing apik. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa sapa waé kanggo nglayani Dhèwèké. Yéhuwah pénginé kabèh wong termasuk anak-anak nglayani Dhèwèké merga meréka mémang péngin. (PT. 10:12, 13; 30:19, 20) Dadi, kuduné wong tuwa ndongané njaluk Yéhuwah mbantu meréka isa ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké.—WB. 22:6; Éf. 6:4. w23.11 21 ¶5; 23 ¶12
Senèn, 21 Juli
Kowé kudu terus menghibur liyané.—1 Tés. 4:18.
Ana réferènsi sing nyebutké nèk kata ”menghibur” sing disebutké Paulus kuwi maksudé ”ana ing sampingé wong sing lagi susah kanggo nguwatké wong kuwi”. Dadi, nèk menghibur sedulur sing lagi susah kuwi berarti awaké dhéwé mbantu dhèwèké bèn semangat manèh nglayani Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo dhèwèké. (2 Kor. 7:6, 7, 13) Nduwé rasa mesakké kuwi ana hubungané karo menghibur. Kok isa? Soalé, nèk nduwé rasa mesakké, awaké dhéwé mesthi dadi péngin menghibur lan nulungi wong sing lagi susah. Dadi, kudu nduwé rasa mesakké sik lagi isa nulungi. Paulus njelaské nèk Yéhuwah kuwi ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”.—2 Kor. 1:3. w23.11 9-10 ¶8-10