PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Minggu, 20 Juli

Pikiran-Ku ora kaya pikiranmu.—Yés. 55:8.

Nèk kayané dongané awaké dhéwé ora dijawab-jawab, isa mikirké, ’Sing tak jaluk iki apa wis bener?’ Kadhang, awaké dhéwé mikir nèk sing dijaluk kuwi wis sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Tapi, isa waé kuwi dudu solusi sing paling apik. Terus, mungkin sing awaké dhéwé jaluk kuwi ora cocog karo karepé Yéhuwah. (1 Yoh. 5:14) Misalé, contoné wong tuwa sing ndonga bèn anaké isa tetep setya karo Yéhuwah. Kétoké kuwi permintaan sing apik. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa sapa waé kanggo nglayani Dhèwèké. Yéhuwah pénginé kabèh wong termasuk anak-anak nglayani Dhèwèké merga meréka mémang péngin. (PT. 10:​12, 13; 30:​19, 20) Dadi, kuduné wong tuwa ndongané njaluk Yéhuwah mbantu meréka isa ndhidhik anaké bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké.—WB. 22:6; Éf. 6:4. w23.11 21 ¶5; 23 ¶12

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Senèn, 21 Juli

Kowé kudu terus menghibur liyané.—1 Tés. 4:18.

Ana réferènsi sing nyebutké nèk kata ”menghibur” sing disebutké Paulus kuwi maksudé ”ana ing sampingé wong sing lagi susah kanggo nguwatké wong kuwi”. Dadi, nèk menghibur sedulur sing lagi susah kuwi berarti awaké dhéwé mbantu dhèwèké bèn semangat manèh nglayani Yéhuwah. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo dhèwèké. (2 Kor. 7:​6, 7, 13) Nduwé rasa mesakké kuwi ana hubungané karo menghibur. Kok isa? Soalé, nèk nduwé rasa mesakké, awaké dhéwé mesthi dadi péngin menghibur lan nulungi wong sing lagi susah. Dadi, kudu nduwé rasa mesakké sik lagi isa nulungi. Paulus njelaské nèk Yéhuwah kuwi ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”.—2 Kor. 1:3. w23.11 9-10 ¶8-10

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 22 Juli

Isa ngrasa seneng wektu ngalami kesusahan.—Rm. 5:3.

Kabèh muridé Yésus bakal ngalami kesusahan. Misalé Rasul Paulus. Dhèwèké ngomong kanggo sedulur-sedulur ing Tésalonika, ”Wektu aku isih bareng karo kowé, aku wis kerep ngandhani kowé nèk awaké dhéwé bakal ngalami kesusahan. Kowé ngerti nèk kuwi kelakon tenan.” (1 Tés. 3:4) Terus kanggo jemaat Korintus, dhèwèké nulis, ”Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal kesusahan sing tak alami . . . Aku mikir nèk aku mesthi mati.” (2 Kor. 1:8; 11:​23-27) Awaké dhéwé saiki ya isa ngalami kesusahan. (2 Tim. 3:12) Bar dadi muridé Yésus, apa kanca lan keluarga dadi ngécé utawa malah sikapé kasar karo njenengan? Apa njenengan malah dadi éntuk masalah merga berupaya tetep jujur ing gawéan? (Ibr. 13:18) Apa njenengan ya ditentang pamréntah merga nginjil? Ora soal kesusahan apa sing njenengan alami, Paulus ngomong nèk njenengan isa tetep bahagia. w23.12 10-11 ¶9-10

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim