Selasa, 29 Juli
Kowé . . . nggawé Aku seneng.—Luk. 3:22.
Ing Alkitab disebutké, ”Yéhuwah seneng karo umaté.” (Mzm. 149:4) Kuwi mesthi marakké kabèh umaté dadi ngrasa ayem. Tapi merga cilik ati, ana sing ragu-ragu terus mikir, ’Apa tenan Yéhuwah seneng karo aku?’ Jaman mbiyèn, ana umaté Yéhuwah sing setya, sing ya tau ngrasa kaya ngono. (1 Sam. 1:6-10; Ayb. 29:2, 4; Mzm. 51:11) Menurut Alkitab, manungsa sing ora sampurna isa disenengi Yéhuwah nèk meréka beriman karo Yésus lan dibaptis. (Yoh. 3:16) Dibaptis kuwi bukti nèk wis mertobat lan janji nèk bakal terus nglakoni karepé Gusti Allah. (Kis. 2:38; 3:19) Kuwi isa marakké Yéhuwah seneng, soalé kuwi berarti awaké dhéwé péngin akrab karo Dhèwèké. Nèk terus ngupayakké sing paling apik kanggo nepati janji ngabdi, Yéhuwah bakal seneng karo awaké dhéwé lan nganggep awaké dhéwé kanca akrabé.—Mzm. 25:14. w24.03 26 ¶1-2
Rebo, 30 Juli
Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.—Kis. 4:20.
Awaké dhéwé isa niru para murid sing tetep nginjil meskipun dilarang karo pamréntah. Awaké dhéwé ya isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa kendel lan ngerti kudu ngomong apa pas nginjil. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa ngadhepi masalah. Awaké dhéwé mungkin lara, déprèsi, ditinggal mati wong sing disayangi, ngalami masalah ing keluarga, dianiaya, utawa ngalami masalah liyané. Wis ngono awaké dhéwé isih ngadhepi pandemi lan perang. Nèk ngono critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Crita waé kaya nèk lagi crita karo sahabat. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ”bakal tumindak kanggo kepentinganmu”. (Mzm. 37:3, 5) Awaké dhéwé isa terus ”sabar ngadhepi kesusahan” nèk terus ndonga. (Rm. 12:12) Yéhuwah ngerti njenengan ngalami masalah apa. Dhèwèké ”ngrungokké dongané” njenengan.—Mzm. 145:18, 19. w23.05 5-6 ¶12-15
Kemis, 31 Juli
Kudu terus mastèkké apa sing nggawé Gusti Allah seneng.—Éf. 5:10.
Wektu arep nggawé keputusan, kudu nggolèki sik apa ”karepé Yéhuwah”, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi. (Éf. 5:17) Nggolèki pathokan ing Alkitab kuwi padha karo péngin ngerti pandhangané Yéhuwah soal masalah sing lagi diadhepi. Nèk pathokané Yéhuwah ditrapké, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. Sétan péngin bèn awaké dhéwé terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah. (1 Yoh. 5:19) Awaké dhéwé isa waé mulai ngutamakké harta, pendidikan, utawa gawéan, timbang nggolèk kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah. Nèk kuwi sing kelakon, sakjané kuwi tandha pikirané wis mulai terpengaruh dadi kaya wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Mémang, hal-hal kuwi penting tapi aja nganti dadi sing paling penting. w24.03 24 ¶16-17