Rebo, 30 Juli
Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.—Kis. 4:20.
Awaké dhéwé isa niru para murid sing tetep nginjil meskipun dilarang karo pamréntah. Awaké dhéwé ya isa ndonga karo Yéhuwah bèn isa kendel lan ngerti kudu ngomong apa pas nginjil. Njaluka bantuané Yéhuwah bèn isa ngadhepi masalah. Awaké dhéwé mungkin lara, déprèsi, ditinggal mati wong sing disayangi, ngalami masalah ing keluarga, dianiaya, utawa ngalami masalah liyané. Wis ngono awaké dhéwé isih ngadhepi pandemi lan perang. Nèk ngono critakna perasaané njenengan karo Yéhuwah. Crita waé kaya nèk lagi crita karo sahabat. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ”bakal tumindak kanggo kepentinganmu”. (Mzm. 37:3, 5) Awaké dhéwé isa terus ”sabar ngadhepi kesusahan” nèk terus ndonga. (Rm. 12:12) Yéhuwah ngerti njenengan ngalami masalah apa. Dhèwèké ”ngrungokké dongané” njenengan.—Mzm. 145:18, 19. w23.05 5-6 ¶12-15
Kemis, 31 Juli
Kudu terus mastèkké apa sing nggawé Gusti Allah seneng.—Éf. 5:10.
Wektu arep nggawé keputusan, kudu nggolèki sik apa ”karepé Yéhuwah”, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi. (Éf. 5:17) Nggolèki pathokan ing Alkitab kuwi padha karo péngin ngerti pandhangané Yéhuwah soal masalah sing lagi diadhepi. Nèk pathokané Yéhuwah ditrapké, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. Sétan péngin bèn awaké dhéwé terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo nglayani Yéhuwah. (1 Yoh. 5:19) Awaké dhéwé isa waé mulai ngutamakké harta, pendidikan, utawa gawéan, timbang nggolèk kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah. Nèk kuwi sing kelakon, sakjané kuwi tandha pikirané wis mulai terpengaruh dadi kaya wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Mémang, hal-hal kuwi penting tapi aja nganti dadi sing paling penting. w24.03 24 ¶16-17
Jumat, 1 Agustus
Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.—Mzm. 34:19.
Ana loro kesimpulan saka ayat kuwi: (1) Wong sing bener ngalami kesusahan. (2) Yéhuwah mbébaské awaké dhéwé saka kabèh kesusahan. Carané piyé? Yéhuwah mbantu awaké dhéwé bèn nduwé pandhangan sing bener soal donya iki. Mémang nèk nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal bahagia. Tapi, Yéhuwah ora janji nèk saiki awaké dhéwé isa bébas saka masalah. (Yés. 66:14) Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus mikirké harapan ing masa depan pas isa urip saklawasé. (2 Kor. 4:16-18) Nganti kuwi kelakon, saben dina Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa tetep setya. (KP. 3:22-24) Apa sing isa dipelajari saka umaté Yéhuwah sing setya ing jaman Alkitab lan jaman saiki? Mémang awaké dhéwé isa ngalami masalah sing ora disangka-sangka. Tapi nèk percaya karo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal ndhukung awaké dhéwé.—Mzm. 55:22. w23.04 15 ¶3-4