Senèn, 7 Juli
Kowé kudu ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah. Ayo padha mara ing ngarepé lan sorak-sorak.—Mzm. 100:2.
Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia lan réla wektu nglayani Dhèwèké. (2 Kor. 9:7) Lha nèk ngono, apa awaké dhéwé kudu tetep berjuang meskipun sakjané ora péngin? Gatèkna contoné Paulus. Paulus ngomong, ”Aku nggebugi badanku, lan kuwi tak préntah kaya budhak.” (1 Kor. 9:25-27, cathetan ngisor) Paulus tetep berjuang bèn isa manut karo Yéhuwah meskipun sakjané ora péngin. Apa Paulus nyenengké Yéhuwah? Ya. Malah, Yéhuwah mberkahi upayané Paulus. (2 Tim. 4:7, 8) Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé tetep berjuang meskipun ora nduwé motivasi. Meskipun ora seneng karo kegiatané, Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé berjuang merga sayang karo Yéhuwah. Kaya Yéhuwah mberkahi Paulus, Yéhuwah ya bakal mberkahi awaké dhéwé. (Mzm. 126:5) Pas ngrasakké dhéwé berkah saka Yéhuwah, njenengan mungkin dadi ngrasa termotivasi. w23.05 29 ¶9-10
Selasa, 8 Juli
Dinané Yéhuwah bakal teka.—1 Tés. 5:2.
Rasul Paulus madhakké wong-wong sing ora slamet pas dinané Yéhuwah kaya wong turu. Wong sing turu ora sadhar karo apa sing kelakon ing sekitaré. Akèh wong saiki kaya ngono. (Rm. 11:8) Wong-wong kuwi ora percaya nèk saiki wis ”akhir jaman” lan nèk sengsara gedhé wis mèh teka, padahal wis ana bukti-bukti sing jelas. (2 Ptr. 3:3, 4) Awaké dhéwé ora kaya ngono. Awaké dhéwé péngin tetep siap nganti dinané Yéhuwah teka. (1 Tés. 5:6) Awaké dhéwé ya péngin tetep tenang lan sadhar. Kenapa? Nèk sadhar, meskipun wong-wong ing sekitaré awaké dhéwé berdebat merga nduwé pendapat sing béda-béda, awaké dhéwé ora bakal mèlu-mèlu. Mémang saya suwé kuwi saya angèl. Tapi ora perlu kuwatir. Yéhuwah isa mbantu liwat roh suciné bèn awaké dhéwé tetep tenang lan isa nggawé keputusan sing apik.—Luk. 12:11, 12. w23.06 10 ¶6-7
Rebo, 9 Juli
Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.—PH. 16:28.
Nèk krungu jeneng Simson, apa sing njenengan bayangké? Mungkin langsung kebayang nèk dhèwèké kuwi wong sing kuwat banget. Tapi menurut Alkitab, dhèwèké tau nggawé kesalahan. Tapi Yéhuwah ndelok upayané dhèwèké bèn tetep setya. Mulané, kisahé ditulis ing Alkitab. Yéhuwah milih Simson kanggo mbébaské bangsa Israèl. Sakwisé Simson mati, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis jenengé Simson ing daftar wong-wong sing imané kuwat. (Ibr. 11:32-34) Simson ngendelké Yéhuwah meskipun situasiné ora gampang. Contoné Simson kuwi apik banget. Awaké dhéwé isa niru contoné Simson. w23.09 2 ¶1-2