PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Selasa, 8 Juli

Dinané Yéhuwah bakal teka.—1 Tés. 5:2.

Rasul Paulus madhakké wong-wong sing ora slamet pas dinané Yéhuwah kaya wong turu. Wong sing turu ora sadhar karo apa sing kelakon ing sekitaré. Akèh wong saiki kaya ngono. (Rm. 11:8) Wong-wong kuwi ora percaya nèk saiki wis ”akhir jaman” lan nèk sengsara gedhé wis mèh teka, padahal wis ana bukti-bukti sing jelas. (2 Ptr. 3:​3, 4) Awaké dhéwé ora kaya ngono. Awaké dhéwé péngin tetep siap nganti dinané Yéhuwah teka. (1 Tés. 5:6) Awaké dhéwé ya péngin tetep tenang lan sadhar. Kenapa? Nèk sadhar, meskipun wong-wong ing sekitaré awaké dhéwé berdebat merga nduwé pendapat sing béda-béda, awaké dhéwé ora bakal mèlu-mèlu. Mémang saya suwé kuwi saya angèl. Tapi ora perlu kuwatir. Yéhuwah isa mbantu liwat roh suciné bèn awaké dhéwé tetep tenang lan isa nggawé keputusan sing apik.—Luk. 12:​11, 12. w23.06 10 ¶6-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Rebo, 9 Juli

Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku.—PH. 16:28.

Nèk krungu jeneng Simson, apa sing njenengan bayangké? Mungkin langsung kebayang nèk dhèwèké kuwi wong sing kuwat banget. Tapi menurut Alkitab, dhèwèké tau nggawé kesalahan. Tapi Yéhuwah ndelok upayané dhèwèké bèn tetep setya. Mulané, kisahé ditulis ing Alkitab. Yéhuwah milih Simson kanggo mbébaské bangsa Israèl. Sakwisé Simson mati, Yéhuwah ngongkon Paulus nulis jenengé Simson ing daftar wong-wong sing imané kuwat. (Ibr. 11:​32-34) Simson ngendelké Yéhuwah meskipun situasiné ora gampang. Contoné Simson kuwi apik banget. Awaké dhéwé isa niru contoné Simson. w23.09 2 ¶1-2

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Kemis, 10 Juli

Kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah.—Flp. 4:6.

Cara liyané bèn isa tetep sabar, nyritakké kabèh sing dikuwatirké karo Yéhuwah. (1 Tés. 5:17) Mungkin, saiki masalahé durung abot. Tapi, apa njenengan selalu crita karo Yéhuwah pas jèngkèl, kesel, utawa bingung? Nèk kèt saiki kerep ndonga pas ana masalah sing sepélé, njenengan ora bakal ragu njaluk bantuané Yéhuwah. Njenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah sing paling ngerti kapan lan piyé carané mbantu. (Mzm. 27:​1, 3) Nèk saiki sabar pas ngadhepi masalah, sukmbèn pas sengsara gedhé isa tetep setya. (Rm. 5:3) Kok isa? Akèh sedulur sing ngrasakké dhéwé nèk tetep sabar, pas ana masalah manèh isa ngadhepi kuwi. Nèk sabar, dadi luwih percaya Yéhuwah bakal mbantu. Merga iman saya kuwat, nèk ana masalah manèh dadi isa ngatasi kuwi.—Yak. 1:​2-4. w23.07 3 ¶7-8

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim