Kemis, 28 Agustus
Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké, yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké.—Mzm. 145:18.
Yéhuwah, ”sing gedhé katresnané”, selalu ndhukung awaké dhéwé. (2 Kor. 13:11) Dhèwèké nggatèkké saben wong. Yéhuwah ya bakal ”nduduhké katresnan sing langgeng”. (Mzm. 32:10, cathetan ngisor) Semakin ngrenungké kasih sayangé Yéhuwah, awaké dhéwé isa semakin akrab karo Dhèwèké. Awaké dhéwé isa leluasa ndonga lan ngomong nèk butuh kasih sayangé Yéhuwah. Kabèh sing dikuwatirké isa dicritakké merga yakin nèk Yéhuwah paham lan péngin mbantu. (Mzm. 145:19) Kaya pas cuacané adhem dadi péngin nyedhak ing api unggun bèn anget, awaké dhéwé ya péngin nyedhak karo Yéhuwah bèn isa ngrasakké kasih sayangé. Rasané mesthi bahagia isa ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah sing gedhé banget. Muga-muga awaké dhéwé ya ngomong, ”Aku sayang karo Yéhuwah”.—Mzm. 116:1. w24.01 31 ¶19-20
Jumat, 29 Agustus
Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong.—Yoh. 17:26.
Yésus ora mung ngandhani wong-wong nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, soalé wong Yahudi wis ngerti jenengé Gusti Allah. Tapi, Yésus ya ”nerangké soal Gusti Allah” kuwi kaya apa. (Yoh. 1:17, 18) Misalé, ing Kitab-Kitab Ibrani disebutké nèk Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké. (Pa. 34:5-7) Bèn wong-wong isa luwih mbayangké sifaté Yéhuwah kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan soal anak sing ilang lan bapaké. Saka kadohan, pas ndelok anaké sing mertobat bali mulih, bapaké langsung mlayu marani dhèwèké, meluk, lan bener-bener ngampuni dhèwèké. Ya kaya ngono kuwi sifaté Yéhuwah sing seneng ngampuni lan gampang mesakké.—Luk. 15:11-32. w24.02 10 ¶8-9
Setu, 30 Agustus
Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi, awaké dhéwé isa menghibur wong liya.—2 Kor. 1:4.
Kaya mata air sing ngetokké banyu sing seger kanggo wong sing lagi ngelak, Yéhuwah menghibur wong-wong sing lagi susah. Piyé bèn awaké dhéwé isa dadi kaya Yéhuwah sing gampang mesakké lan gelem menghibur sing lagi susah? Carané, awaké dhéwé isa berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dadi gampang ngrasa mesakké lan péngin menghibur. Sifat-sifat apa waé? Bèn isa ”terus menghibur liyané”, awaké dhéwé kudu apikan, isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, lan nduwé rasa sayang sing kaya karo keluargané dhéwé. (1 Tés. 4:18; Kol. 3:12; 1 Ptr. 3:8) Ngapa kok nèk nduwé sifat-sifat kuwi awaké dhéwé dadi tergerak kanggo menghibur? Yésus ngomong, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati. Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik.” (Mat. 12:34, 35) Dadi, nèk awaké dhéwé nduwé rasa mesakké lan nduwé sifat-sifat kuwi mau, pas ndelok wong susah, awaké dhéwé otomatis tergerak péngin menghibur dhèwèké. Menghibur wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo meréka. w23.11 10 ¶10-11