Jumat, 29 Agustus
Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong.—Yoh. 17:26.
Yésus ora mung ngandhani wong-wong nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, soalé wong Yahudi wis ngerti jenengé Gusti Allah. Tapi, Yésus ya ”nerangké soal Gusti Allah” kuwi kaya apa. (Yoh. 1:17, 18) Misalé, ing Kitab-Kitab Ibrani disebutké nèk Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké. (Pa. 34:5-7) Bèn wong-wong isa luwih mbayangké sifaté Yéhuwah kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan soal anak sing ilang lan bapaké. Saka kadohan, pas ndelok anaké sing mertobat bali mulih, bapaké langsung mlayu marani dhèwèké, meluk, lan bener-bener ngampuni dhèwèké. Ya kaya ngono kuwi sifaté Yéhuwah sing seneng ngampuni lan gampang mesakké.—Luk. 15:11-32. w24.02 10 ¶8-9
Setu, 30 Agustus
Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi, awaké dhéwé isa menghibur wong liya.—2 Kor. 1:4.
Kaya mata air sing ngetokké banyu sing seger kanggo wong sing lagi ngelak, Yéhuwah menghibur wong-wong sing lagi susah. Piyé bèn awaké dhéwé isa dadi kaya Yéhuwah sing gampang mesakké lan gelem menghibur sing lagi susah? Carané, awaké dhéwé isa berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dadi gampang ngrasa mesakké lan péngin menghibur. Sifat-sifat apa waé? Bèn isa ”terus menghibur liyané”, awaké dhéwé kudu apikan, isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, lan nduwé rasa sayang sing kaya karo keluargané dhéwé. (1 Tés. 4:18; Kol. 3:12; 1 Ptr. 3:8) Ngapa kok nèk nduwé sifat-sifat kuwi awaké dhéwé dadi tergerak kanggo menghibur? Yésus ngomong, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati. Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik.” (Mat. 12:34, 35) Dadi, nèk awaké dhéwé nduwé rasa mesakké lan nduwé sifat-sifat kuwi mau, pas ndelok wong susah, awaké dhéwé otomatis tergerak péngin menghibur dhèwèké. Menghibur wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo meréka. w23.11 10 ¶10-11
Minggu, 31 Agustus
Wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.—Dan. 12:10.
Bèn isa paham ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé butuh bantuan. Umpamané ngéné, njenengan lunga ing dhaérah sing durung tau ditekani. Tapi, ana kancané njenengan sing ngerti tenan dhaérah kuwi. Dhèwèké ngerti njenengan lagi ing ngendi lan kudu liwat dalan endi bèn isa tekan tujuan. Njenengan mesthi bersyukur merga nduwé kanca sing siap mbantu. Yéhuwah ya kaya kanca sing siap mbantu. Dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé urip ing dina-dina terakhir lan ngerti uripé awaké dhéwé sukmbèn piyé. Dadi bèn isa paham tenan ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé kudu rendah hati njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 2:28; 2 Ptr. 1:19, 20) Wong tuwa péngin anak-anaké bahagia. Yéhuwah ya kaya ngono. (Yér. 29:11) Tapi bédané, Yéhuwah isa ngandhani apa sing kelakon sukmbèn lan kuwi kabèh mesthi bener. Kuwi ditulis ing Alkitab bèn awaké dhéwé ngerti apa sing bakal kelakon. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis ngandhani soal kuwi.—Yés. 46:10. w23.08 8 ¶3-4