PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Setu, 30 Agustus

Nganggo penghiburan sing awaké dhéwé tampa kuwi, awaké dhéwé isa menghibur wong liya.—2 Kor. 1:4.

Kaya mata air sing ngetokké banyu sing seger kanggo wong sing lagi ngelak, Yéhuwah menghibur wong-wong sing lagi susah. Piyé bèn awaké dhéwé isa dadi kaya Yéhuwah sing gampang mesakké lan gelem menghibur sing lagi susah? Carané, awaké dhéwé isa berupaya nduwé sifat-sifat sing marakké dadi gampang ngrasa mesakké lan péngin menghibur. Sifat-sifat apa waé? Bèn isa ”terus menghibur liyané”, awaké dhéwé kudu apikan, isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, lan nduwé rasa sayang sing kaya karo keluargané dhéwé. (1 Tés. 4:18; Kol. 3:12; 1 Ptr. 3:8) Ngapa kok nèk nduwé sifat-sifat kuwi awaké dhéwé dadi tergerak kanggo menghibur? Yésus ngomong, ”Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati. Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik.” (Mat. 12:​34, 35) Dadi, nèk awaké dhéwé nduwé rasa mesakké lan nduwé sifat-sifat kuwi mau, pas ndelok wong susah, awaké dhéwé otomatis tergerak péngin menghibur dhèwèké. Menghibur wong liya kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang karo meréka. w23.11 10 ¶10-11

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Minggu, 31 Agustus

Wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.—Dan. 12:10.

Bèn isa paham ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé butuh bantuan. Umpamané ngéné, njenengan lunga ing dhaérah sing durung tau ditekani. Tapi, ana kancané njenengan sing ngerti tenan dhaérah kuwi. Dhèwèké ngerti njenengan lagi ing ngendi lan kudu liwat dalan endi bèn isa tekan tujuan. Njenengan mesthi bersyukur merga nduwé kanca sing siap mbantu. Yéhuwah ya kaya kanca sing siap mbantu. Dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé urip ing dina-dina terakhir lan ngerti uripé awaké dhéwé sukmbèn piyé. Dadi bèn isa paham tenan ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé kudu rendah hati njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 2:28; 2 Ptr. 1:​19, 20) Wong tuwa péngin anak-anaké bahagia. Yéhuwah ya kaya ngono. (Yér. 29:11) Tapi bédané, Yéhuwah isa ngandhani apa sing kelakon sukmbèn lan kuwi kabèh mesthi bener. Kuwi ditulis ing Alkitab bèn awaké dhéwé ngerti apa sing bakal kelakon. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis ngandhani soal kuwi.—Yés. 46:10. w23.08 8 ¶3-4

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Senèn, 1 September

Gusti Allah bakal madhangi awaké dhéwé kaya cahaya pas matahari terbit.—Luk. 1:78.

Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa kanggo nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Mukjijaté Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké sanggup nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Contoné, Yésus isa mbébaské wong-wong saka akibat dosa, yaiku penyakit lan kematian. (Mat. 9:​1-6; Rm. 5:​12, 18, 19) Yésus isa marèkké ”kabèh penyakit” lan nguripké kabèh wong sing wis mati. (Mat. 4:23; Yoh. 11:​43, 44) Yésus ya nduwé kuwasa kanggo ngendhegké badai lan mbébaské wong-wong saka roh jahat. (Mrk. 4:​37-39; Luk. 8:2) Awaké dhéwé mesthi dadi nduwé harapan merga Yéhuwah mènèhi kuwasa kanggo Yésus. Awaké dhéwé yakin nèk janjiné Gusti Allah mesthi bakal kelakon. Mukjijaté Yésus kuwi bukti nèk sukmbèn pas Yésus mréntah ing bumi keadaané bakal luwih apik. w23.04 3 ¶5-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim