Selasa, 5 Agustus
Wong sing ngamati awan ora bakal manèn.—Pkh. 11:4.
Wong sing isa ngendhalèni dhiri berarti sanggup ngendhalèni pikiran lan perbuatané. Dhèwèké isa nglakoni sing bener bahkan nèk kuwi angèl utawa ora nduwé motivasi. Wong isa ngendhalèni dhiri merga dituntun roh suci, mula njaluka karo Yéhuwah bèn dibantu roh suciné. (Luk. 11:13; Gal. 5:22, 23) Aja ngentèni nganti keadaané bener-bener apik. Jaman saiki, aja berharap keadaané isa bener-bener apik. Nèk terus-terusan ngentèni, tujuané awaké dhéwé ora bakal isa kelakon. Nèk cita-cita kedhuwuren, isa dadi ora nduwé motivasi. Nèk njenengan ngrasa ngono, apa isa nèk mulai saka sing sederhana sik? Misalé, njenengan péngin nduwé sifat-sifat sing luwih apik. Apa isa mulai nduduhké sifat kuwi ing kegiatan saben dina? Nèk péngin maca Alkitab nganti rampung, apa isa mulai macané sithik-sithik sik? w23.05 29-30 ¶11-13
Rebo, 6 Agustus
Dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk, sing saya suwé saya padhang nganti awan.—WB. 4:18.
Yéhuwah terus nuntun umaté liwat organisasiné bèn isa terus mlaku ing ”Dalan Suci”. (Yés. 35:8; 48:17; 60:17) Wong-wong mulai mlaku ing ”Dalan Suci” wektu sinau Alkitab. Ana sing mlakuné mung sedhéla. Tapi ya ana sing terus mlaku ing dalan kuwi nganti tekan tujuan. Apa tujuané? Wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga terus mlaku ing ”Dalan Suci” nganti tekan ”firdausé Gusti Allah” ing swarga. (Why. 2:7) Wong-wong sing nduwé harapan ing bumi terus mlaku ing dalan kuwi nganti akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Nèk wis mlaku ing ”Dalan Suci”, aja ndelok mburi manèh. Aja nyerah nganti donya anyar. w23.05 17 ¶15, 16; 19 ¶18
Kemis, 7 Agustus
Awaké dhéwé nresnani Gusti Allah, merga Gusti Allah luwih dhisik nresnani awaké dhéwé.—1 Yoh. 4:19.
Nèk mikirké kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah, njenengan mesthi bakal bersyukur lan péngin nggawé janji ngabdi. (Mzm. 116:12-14) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi Sumberé ”saben hadiah sing apik lan sing sampurna”. (Yak. 1:17) Hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah kuwi tebusané Yésus. Kuwi sing marakké awaké dhéwé isa akrab karo Yéhuwah lan nduwé harapan urip saklawasé. (1 Yoh. 4:9, 10) Nah, merga wis dikèki tebusan lan berkah-berkah liyané saka Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi péngin nggunakké urip kanggo nglayani Yéhuwah.—PT. 16:17; 2 Kor. 5:15. w24.03 5 ¶8