Rebo, 6 Agustus
Dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk, sing saya suwé saya padhang nganti awan.—WB. 4:18.
Yéhuwah terus nuntun umaté liwat organisasiné bèn isa terus mlaku ing ”Dalan Suci”. (Yés. 35:8; 48:17; 60:17) Wong-wong mulai mlaku ing ”Dalan Suci” wektu sinau Alkitab. Ana sing mlakuné mung sedhéla. Tapi ya ana sing terus mlaku ing dalan kuwi nganti tekan tujuan. Apa tujuané? Wong-wong sing nduwé harapan urip ing swarga terus mlaku ing ”Dalan Suci” nganti tekan ”firdausé Gusti Allah” ing swarga. (Why. 2:7) Wong-wong sing nduwé harapan ing bumi terus mlaku ing dalan kuwi nganti akhir Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus. Nèk wis mlaku ing ”Dalan Suci”, aja ndelok mburi manèh. Aja nyerah nganti donya anyar. w23.05 17 ¶15, 16; 19 ¶18
Kemis, 7 Agustus
Awaké dhéwé nresnani Gusti Allah, merga Gusti Allah luwih dhisik nresnani awaké dhéwé.—1 Yoh. 4:19.
Nèk mikirké kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah, njenengan mesthi bakal bersyukur lan péngin nggawé janji ngabdi. (Mzm. 116:12-14) Ing Alkitab disebutké nèk Yéhuwah kuwi Sumberé ”saben hadiah sing apik lan sing sampurna”. (Yak. 1:17) Hadiah sing paling berharga saka Yéhuwah kuwi tebusané Yésus. Kuwi sing marakké awaké dhéwé isa akrab karo Yéhuwah lan nduwé harapan urip saklawasé. (1 Yoh. 4:9, 10) Nah, merga wis dikèki tebusan lan berkah-berkah liyané saka Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi dadi péngin nggunakké urip kanggo nglayani Yéhuwah.—PT. 16:17; 2 Kor. 5:15. w24.03 5 ¶8
Jumat, 8 Agustus
Wong sing tumindaké bener wedi marang Yéhuwah.—WB. 14:2.
Keadaan saiki mèh padha kaya jamané Lot. Lot ”sengsara banget merga tumindak kurang ajar sing ditindakké wong-wong jahat”. (2 Ptr. 2:7, 8) Lot ngrasa kaya ngono merga ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo perbuatané wong-wong kuwi. Merga wedi lan sayang karo Yéhuwah, Lot ora mèlu-mèlu. Wong-wong saiki moralé ya bobrok. Tapi awaké dhéwé ora bakal terpengaruh nèk terus sayang lan wedi karo Yéhuwah. Ing Wulang Bebasan ana akèh naséhaté Yéhuwah sing apik. Kabèh umaté Yéhuwah, lanang, wédok, tuwa, utawa enom, isa éntuk manfaat nèk manut. Nèk wedi karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal nggolèk-nggolèk alesan. w23.06 20 ¶1-2; 21 ¶5