PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 5
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Wilangan

      • Wong najis kudu ditokké saka perkémahan (1-4)

      • Ngakoni dosa lan mènèhi ganti rugi (5-10)

      • Banyu kanggo wong sing dicurigai selingkuh (11-31)

Wilangan 5:2

Réferènsi Silang

  • +Km 13:45, 46
  • +Km 15:2
  • +Km 22:4; Wi 19:11

Wilangan 5:3

Réferènsi Silang

  • +Wi 19:22
  • +Pa 25:8; Km 26:11

Wilangan 5:6

Réferènsi Silang

  • +Km 5:1, 17

Wilangan 5:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Wong-wong kuwi”.

  • *

    Lit.: ”dosané wong-wong kuwi”.

Réferènsi Silang

  • +Km 5:5; Yos 7:19; Yak 5:16
  • +Km 6:4, 5

Wilangan 5:8

Réferènsi Silang

  • +Km 5:16; 6:6, 7; 7:7

Wilangan 5:9

Réferènsi Silang

  • +Km 6:14, 17; 7:1, 6; 10:12, 13
  • +Pa 29:27, 28; Wi 18:8; PT 18:3; Yèh 44:29; 1Kor 9:13

Wilangan 5:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé duwèké imam.

Wilangan 5:13

Réferènsi Silang

  • +Km 18:20; PT 5:18

Wilangan 5:15

Cathetan Ngisor

  • *

    1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.

Wilangan 5:16

Réferènsi Silang

  • +Yér 17:10; Ibr 13:4

Wilangan 5:18

Réferènsi Silang

  • +Wi 5:15, 25
  • +Wi 5:22, 24

Wilangan 5:19

Réferènsi Silang

  • +Rm 7:2

Wilangan 5:20

Réferènsi Silang

  • +Km 18:20; 1Kor 6:9, 10

Wilangan 5:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.

  • *

    Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.

Wilangan 5:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.

  • *

    Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.

  • *

    Utawa ”Dadia kaya ngono. Dadia kaya ngono”.

Wilangan 5:25

Réferènsi Silang

  • +Wi 5:15

Wilangan 5:26

Réferènsi Silang

  • +Km 2:9

Wilangan 5:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Mungkin maksudé organ-organ réproduksi.

  • *

    Utawa ”nyusut”. Mungkin maksudé ora isa nduwé anak.

Wilangan 5:29

Réferènsi Silang

  • +Wi 5:14, 15

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Wi. 5:2Km 13:45, 46
Wi. 5:2Km 15:2
Wi. 5:2Km 22:4; Wi 19:11
Wi. 5:3Wi 19:22
Wi. 5:3Pa 25:8; Km 26:11
Wi. 5:6Km 5:1, 17
Wi. 5:7Km 5:5; Yos 7:19; Yak 5:16
Wi. 5:7Km 6:4, 5
Wi. 5:8Km 5:16; 6:6, 7; 7:7
Wi. 5:9Km 6:14, 17; 7:1, 6; 10:12, 13
Wi. 5:9Pa 29:27, 28; Wi 18:8; PT 18:3; Yèh 44:29; 1Kor 9:13
Wi. 5:13Km 18:20; PT 5:18
Wi. 5:16Yér 17:10; Ibr 13:4
Wi. 5:18Wi 5:15, 25
Wi. 5:18Wi 5:22, 24
Wi. 5:19Rm 7:2
Wi. 5:20Km 18:20; 1Kor 6:9, 10
Wi. 5:25Wi 5:15
Wi. 5:26Km 2:9
Wi. 5:29Wi 5:14, 15
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Wilangan 5:1-31

Wilangan

5 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 2 ”Préntahna wong Israèl bèn wong sing lara kusta,+ wong sing ngetokké cairan kaya nanah,+ lan wong sing najis merga wong mati+ ditokké saka perkémahan. 3 Kowé kudu ngongkon wong-wong kuwi metu, embuh kuwi lanang utawa wédok. Kowé kudu ngongkon wong-wong kuwi metu menyang njaba perkémahan bèn ora nggawé najis+ perkémahané umat-Ku merga Aku ana ing tengah-tengahé umat-Ku.”+ 4 Mula, wong Israèl nindakké kuwi. Wong Israèl ngongkon wong-wong kuwi metu menyang njaba perkémahan, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

5 Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 6 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang utawa wong wédok nindakké dosa lan ora setya marang Yéhuwah, wong kuwi kudu tanggung jawab merga tumindaké.+ 7 Dhèwèké* kudu ngakoni dosané*+ lan mènèhi ganti rugi sing nilainé persis padha karo kesalahané ditambah 20 persèn saka nilai kuwi.+ Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang wong sing dirugèkké. 8 Ning, nèk wong sing dirugèkké kuwi mati lan ora nduwé keluarga cedhak sing isa nampa ganti rugi, ganti ruginé kudu diwènèhké Yéhuwah lan bakal dadi duwèké imam. Sakliyané kuwi, dhèwèké kudu mènèhi domba lanang marang imam bèn diwènèhké marang Gusti Allah supaya dosa-dosané diapura.+

9 ”’Saben sumbangan suci+ saka wong Israèl sing diwènèhké marang imam bakal dadi duwèké imam.+ 10 Apa waé sing suci duwèké saben wong bakal tetep dadi duwèké.* Apa waé sing diwènèhké saben wong marang imam bakal tetep dadi duwèké imam.’”

11 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 12 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Iki sing kudu ditindakké nèk ana wong wédok sing selingkuh lan ora setya marang bojoné. 13 Terus, nèk wong wédok kuwi nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya+ ning bojoné ora ngerti lan tumindaké kuwi ora konangan, wong wédok kuwi wis dadi najis, senajan ora ana seksi lan ora ana sing ngonangi. 14 Ning, nèk bojoné cemburu lan curiga merga ngrasa sing wédok ora setya, embuh sing wédok kuwi pancèn najis tenan apa ora, 15 wong lanang kuwi kudu nggawa bojoné ngadhep imam karo nggawa persembahan kanggo sing wédok, yaiku sepersepuluh éfa* tepung barli. Tepungé ora éntuk diesoki minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu, yaiku persembahan biji-bijian kanggo ngéling-éling kesalahan.

16 ”’Imam kudu ngongkon wong wédok kuwi nyedhak lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah.+ 17 Imam kudu njupuk banyu suci lan nglebokké kuwi ing wadhah saka tanah liat, terus njupuk debu sithik saka lantai tabernakel lan nglebokké kuwi ing banyu mau. 18 Imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan rambuté wong wédok kuwi kudu diurai. Terus, imam kudu ndèlèhké persembahan biji-bijian kanggo ngéling-éling, yaiku persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu,+ ing tlapak tangané wong wédok kuwi lan nggawa banyu pait sing marahi kena kutuk.+

19 ”’Terus imam kudu ngongkon wong wédok kuwi sumpah, lan imam kudu kandha marang wong wédok kuwi, ”Nèk pancèn ora ana wong lanang liya sing nindakké hubungan sèks karo kowé saksuwéné kowé dadi duwèké bojomu,+ lan nèk kowé ora selingkuh lan ora dadi najis, muga-muga banyu pait sing marahi kena kutuk iki ora nyilakani kowé. 20 Ning, nèk kowé pancèn dadi najis merga selingkuh saksuwéné kowé dadi duwèké bojomu, lan kowé nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya+ sakliyané bojomu, . . .” 21 Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi sumpah bèn wong wédok kuwi dikutuk nèk pancèn nindakké kuwi. Imam kudu kandha marang wong wédok kuwi, ”Muga-muga Yéhuwah nggawé kowé dadi conto wektu wong-wong saka bangsamu nggawé kutukan lan sumpah. Yéhuwah bakal nggawé pupumu* dadi cilik* lan wetengmu dadi abuh. 22 Banyu sing marahi kena kutuk iki bakal mlebu ing ususmu lan nggawé wetengmu dadi abuh lan pupumu* dadi cilik.”* Terus wong wédok kuwi kudu kandha, ”Amin! Amin!”*

23 ”’Bar kuwi, imam kudu nulis kutukan kuwi ing buku lan ngilangi tulisan kuwi nganggo banyu pait mau. 24 Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngombé banyu pait sing marahi kena kutuk mau, lan banyu kuwi bakal mlebu ing awaké lan nggawé wong wédok kuwi dadi kelaran. 25 Bar kuwi, imam kudu njupuk persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu+ mau saka tangané wong wédok kuwi, ngayun-ayunké ing ngarepé Yéhuwah, lan nggawa kuwi menyang cedhaké mézbah. 26 Imam kudu njupuk sak gegem saka persembahan biji-bijian mau lan ngobong kuwi ing mézbah.+ Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, imam kudu ngongkon wong wédok kuwi ngombé banyu pait mau. 27 Nèk wong wédok kuwi pancèn najis lan ora setya marang bojoné, sakwisé dhèwèké ngombé banyu mau, banyu kuwi bakal mlebu ing awaké lan nggawé dhèwèké kelaran. Wetengé bakal dadi abuh lan pupuné* bakal dadi cilik.* Dhèwèké bakal dadi conto wektu wong-wong saka bangsané nggawé kutukan lan sumpah. 28 Ning, nèk wong wédok kuwi resik lan ora najis, dhèwèké bakal bébas saka hukuman kaya ngono kuwi. Dhèwèké isa meteng lan nduwé anak.

29 ”’Kuwi hukum soal bojo sing cemburu+ wektu sing wédok mungkin selingkuh lan dadi najis saksuwéné isih dadi duwèké bojoné, 30 utawa wektu sing lanang cemburu lan curiga merga ngrasa bojoné ora setya. Dhèwèké kudu ngongkon sing wédok ngadeg ing ngarepé Yéhuwah, lan imam kudu nindakké kabèh hukum mau. 31 Wong lanang kuwi bakal bébas saka kesalahané, ning bojoné kudu nanggung kesalahané dhéwé.’”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim