1 Samuèl
7 Mula, wong Kiriat-yéarim teka lan nggawa Pethiné Yéhuwah menyang omahé Abinadab+ ing bukit. Terus, wong Kiriat-yéarim nyucèkké Èléazar, anaké Abinadab, kanggo njaga Pethiné Yéhuwah.
2 Pethi kuwi wis suwé ana ing Kiriat-yéarim, yaiku 20 taun. Wektu kuwi, kabèh wong Israèl mulai sambat njaluk tulung marang Yéhuwah.+ 3 Terus, Samuèl ngandhani kabèh wong Israèl, ”Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah saktulusé atimu,+ singkirna allah-allah asing+ lan patung-patung Astorèt+ sing ana ing antaramu. Nèk kowé ora ragu-ragu lan ngabdi mung marang Yéhuwah,+ Dhèwèké bakal nylametké kowé saka wong Filistin.”+ 4 Bar kuwi, wong Israèl nyingkirké patung-patung Baal lan Astorèt, terus ngabdi mung marang Yéhuwah.+
5 Bar kuwi, Samuèl kandha, ”Klumpukna kabèh wong Israèl ing Mizpa.+ Aku bakal ndonga marang Yéhuwah kanggo kepentinganmu.”+ 6 Terus, wong Israèl ngumpul ing Mizpa. Dina kuwi, wong Israèl nimba banyu saka sumur lan ngesokké banyuné ing ngarepé Yéhuwah,* terus pasa.+ Wong Israèl padha kandha, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah.”+ Samuèl mulai dadi hakimé+ wong Israèl ing Mizpa.
7 Wektu wong Filistin krungu nèk wong Israèl wis padha ngumpul ing Mizpa, para penguasané wong Filistin+ maju nglawan Israèl. Pas krungu kuwi, wong Israèl dadi wedi merga wong Filistin. 8 Wong Israèl kandha marang Samuèl, ”Tulung terusa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé supaya Dhèwèké nulungi+ lan nylametké awaké dhéwé saka wong Filistin.” 9 Mula, Samuèl njupuk anak domba siji lan mènèhké kuwi dadi persembahan bakaran+ kanggo Yéhuwah. Samuèl njaluk tulung marang Yéhuwah kanggo kepentingané Israèl, lan Yéhuwah njawab dhèwèké.+ 10 Pas Samuèl isih mènèhké persembahan bakaran kuwi, wong Filistin nyerang Israèl. Ning dina kuwi, Yéhuwah nyebabké gludhug sing banter+ banget nglawan wong Filistin lan nggawé wong Filistin dadi bingung.+ Akhiré, wong Filistin dikalahké wong Israèl.+ 11 Bar kuwi, wong Israèl metu saka Mizpa kanggo ngoyak* wong Filistin. Wong Israèl terus matèni wong Filistin nganti tekan sisih kidulé Bèt-kar. 12 Bar kuwi, Samuèl njupuk watu+ lan ndèlèhké watu kuwi ing antarané Mizpa lan Yésyana, terus njenengi watu kuwi Èbenèzèr.* Samuèl kandha, ”Nganti saiki Yéhuwah isih nulungi awaké dhéwé.”+ 13 Ya ngono kuwi carané wong Filistin dikalahké. Wong Filistin ora teka manèh ing dhaérah Israèl.+ Yéhuwah terus nglawan wong Filistin sakjegé uripé Samuèl.+ 14 Kutha-kutha lan kabèh wilayah sing wis direbut wong Filistin saka Israèl dibalèkké manèh marang Israèl, saka Ékron nganti tekan Gat.
Wong Israèl ya rukun karo wong Amori.+
15 Samuèl terus dadi hakimé Israèl sakjegé uripé.+ 16 Saben taun, dhèwèké marani Bètel,+ Gilgal,+ lan Mizpa.+ Samuèl dadi hakimé Israèl ing kabèh panggonan kuwi. 17 Ning, Samuèl bakal bali menyang Rama+ merga omahé ing kono. Ing kono, Samuèl ya dadi hakimé Israèl lan mbangun mézbah kanggo Yéhuwah.+