Kidung Pangadhuh
א [Alef]*
1 Yérusalèm sing mbiyèn kebak wong+ saiki lungguh dhèwèkan.
Ing antarané bangsa-bangsa, mbiyèn Yérusalèm akèh penduduké,+ ning saiki dadi kaya randha.
Ing antarané provinsi-provinsi, mbiyèn dhèwèké putri raja, ning saiki dadi budhak.+
ב [Bet]
2 Sewengi muput dhèwèké nangis nggero-nggero,+ lan air matané nètès ing pipiné.
Ora ana siji-sijia kekasihé sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.+
Kabèh kancané wis ngianati dhèwèké,+ lan dhèwèké dimungsuhi kanca-kancané.
ג [Gimel]
3 Yéhuda wis ditawan.+ Dhèwèké sengsara lan dipeksa kerja keras dadi budhak.+
Dhèwèké kudu manggon ing antarané bangsa-bangsa,+ uripé ora tau tenang.
Pas dhèwèké lagi susah, wong-wong sing nganiaya malah padha teka.
ד [Dalet]
4 Dalan-dalan menyang Zion padha sedhih merga ora ana sing teka ing perayaan.+
Kabèh gerbangé hancur,+ para imamé padha sambat.
Prawan-prawané* padha sedhih banget. Zion sengsara banget.
ה [He]
5 Lawan-lawané saiki padha nguwasani dhèwèké. Mungsuh-mungsuhé uripé tenang.+
Yéhuwah nggawé dhèwèké sedhih merga dhèwèké nindakké akèh pelanggaran.+
Anak-anaké ditawan wong-wong sing matèni dhèwèké.+
ו [Waw]
6 Keindahané kutha Zion wis ilang.+
Para pejabaté kaya rusa lanang sing ora nemokké padhang rumput,
Lan wong-wong kuwi padha mlaku kentèkan tenaga ing ngarepé wong-wong sing ngoyak.*
ז [Zayin]
7 Pas susah lan ora nduwé omah,
Yérusalèm kèlingan karo kabèh barang berharga sing mbiyèn diduwèni.+
Pas penduduké dikalahké mungsuhé lan ora ana sing nulungi,+
Mungsuh-mungsuhé padha ndelok karo ngguyu.+
ח [Khet]
8 Yérusalèm nindakké dosa gedhé.+
Kuwi sebabé dhèwèké dadi njijiki.
Kabèh sing mbiyèn ngajèni dhèwèké saiki padha ngrèmèhké merga ndelok dhèwèké wuda.+
Dhèwèké sambat+ lan nutupi wajahé merga isin.
ט [Tet]
9 Klambiné reged.
Dhèwèké ora mikirké masa depané.+
Kehancurané parah banget. Ora ana sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.
Oh Yéhuwah, deloken kesusahanku merga mungsuhku padha nyombongké kemenangané.+
י [Yod]
10 Mungsuhé wis njupuk kabèh hartané.+
Yérusalèm wis ndelok bangsa-bangsa padha mlebu ing bait,+
Padahal Njenengan wis nglarang bangsa-bangsa kuwi ngumpul bareng karo umaté Njenengan.
כ [Kaf]
11 Kabèh penduduk Yérusalèm padha sambat. Wong-wong kuwi padha nggolèk roti.+
Barang-barangé sing berharga padha diijolké panganan bèn isa tetep urip.
Oh Yéhuwah, deloken. Aku dadi kaya wong wédok* sing ora ana gunané.
ל [Lamed]
12 Hé, kowé sing padha liwat dalan, apa menurutmu iki biasa waé?
Coba deloken.
Ora ana wong sing sengsarané kaya aku.
Yéhuwah wis nggawé aku sengsara pas Dhèwèké nesu banget.+
מ [Mem]
13 Dhèwèké ngirim geni saka langit kanggo ngobong kabèh balungku.+
Dhèwèké masang jaring ing sikilku. Dhèwèké meksa aku bèn mbalik.
Dhèwèké ndadèkké aku kaya wong wédok sing ditelantarké.
Aku lara sedina muput.
נ [Nun]
14 Dosa-dosaku dadi kaya kayu sing dipasang ing guluku. Kuwi dipasang nganggo tangané.
Kuwi dipasang ing guluku, mula aku dadi ora nduwé kekuwatan.
Yéhuwah wis nyerahké aku marang wong-wong sing ora isa tak lawan.+
ס [Samekh]
15 Yéhuwah wis nyingkirké wong-wong sing kuwat sing ana ing tengah-tengahku.+
Dhèwèké nglumpukké tentara kanggo ngremuk cah-cah lanangku.+
Yéhuwah ngidak-idak Yérusalèm ing panggonan meres anggur.+
ע [Ayin]
16 Kuwi kabèh sing nyebabké aku nangis.+ Air mataku dlèwèran.
Wong sing isa mènèhi penghiburan utawa nyemangati aku wis adoh saka aku.
Anak-anakku lanang ora nduwé harapan merga mungsuh wis ngalahké aku.
פ [Pe]
17 Zion wis njaluk tulung,+ ning ora ana sing mènèhi penghiburan marang dhèwèké.
Yéhuwah wis mréntahké kabèh mungsuh ing sekitaré Yakub bèn padha nglawan dhèwèké.+
Kanggoné wong-wong kuwi, Yérusalèm kuwi njijiki.+
צ [Tsade]
18 Tumindaké Yéhuwah kuwi bener,+ merga aku wis nglanggar préntahé.+
Kabèh bangsa, padha rungokna, lan deloken rasa laraku.
Para prawan* lan cah-cah lanangku wis ditawan.+
ק [Qof]
19 Aku ngundang* kekasih-kekasihku, ning kabèh padha ngianati aku.+
Para pemimpin* lan imamku wis padha mati ing kutha
Pas wong-wong kuwi nggolèk panganan bèn isa tetep urip.+
ר [Res]
20 Oh Yéhuwah, deloken, aku susah banget.
Aku bener-bener putus asa.
Atiku remuk merga aku wis mbrontak.+
Ing njaba, ana pedhang sing matèni anak-anakku.+ Ing njero omah, wong-wong ya isa mati.
ש [Syin]
21 Wong-wong padha krungu sambatku. Ora ana sing mènèhi penghiburan marang aku.
Kabèh mungsuhku krungu soal bencana sing tak alami.
Wong-wong kuwi seneng merga Njenengan sing nyebabké kuwi.+
Ning sukmbèn, Njenengan bakal nindakké apa sing wis Njenengan umumké,+ lan wong-wong kuwi bakal ngalami kaya aku.+
ת [Taw]
22 Muga-muga kabèh kejahatané wong-wong kuwi kétok nyata ing ngarepé Njenengan, lan muga-muga Njenengan mènèhi hukuman sing abot,+
Kaya Njenengan mènèhi aku hukuman sing abot merga kabèh pelanggaranku.
Sebab aku kakèhan sambat, lan atiku lara.