-
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 11
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?
Meksiko
Jerman
Botswana
Nikaragua
Italia
Delengen gambar iki. Wong-wong padha seneng merga teka ing kebaktiané Seksi-Seksi Yéhuwah. Umaté Gusti Allah jaman biyèn dipréntahaké supaya ngumpul setaun ping telu. Seksi-Seksi Yéhuwah saiki uga ngarep-arep bisa teka ing pakumpulan ibadah sing gedhé kaya ngono. (Pangandharing Torèt 16:16) Pendhak taun, Seksi-Seksi Yéhuwah nganakaké telung kebaktian, yakuwi kebaktian sawilayah sing suwéné sedina, setaun ping pindho, lan kebaktian gabungan wilayah sing suwéné telung dina. Apa paédahé yèn teka ing kebaktian-kebaktian kuwi?
Supaya pasedulurané saya akrab. Bangsa Israel jaman biyèn seneng ngluhuraké Yéhuwah ”ing pasamuwan” utawa ing jemaat. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngrasakaké seneng pas ngumpul bareng kanggo ngibadah. (Jabur 26:12; 111:1) Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ketemu lan srawung karo sedulur saka jemaat liya utawa negara liya. Wektu ngaso, kabèh padha mangan ing panggonan sing dienggo kebaktian, dadi acarané bisa luwih nyenengaké. (Para Rasul 2:42) Ing kebaktian, Seksi-Seksi Yéhuwah ngrasakaké katresnan sing ngrukunaké ’sadulur-sadulur’ sadonya.—1 Pétrus 2:17.
Bisa ngerti carané nindakaké kersané Gusti Allah. Bangsa Israel éntuk paédah sawisé ”mangreti pangandika” saka Kitab Suci sing diterangaké. (Néhémya 8:9, 13) Seksi-Seksi Yéhuwah uga seneng éntuk piwulang saka Alkitab ing kebaktian. Saben acara dhasaré saka ayat Alkitab. Saka kotbah, ceramah sambung-sinambung, lan wulangan sing dilakonaké, sing teka bisa sinau carané nindakaké kersané Gusti Allah. Ana sedulur sing crita yèn dhèwèké bisa tetep nindakaké kersané Gusti Allah senajan ngadhepi masalah. Crita iku bisa nggedhèkaké ati. Ing kebaktian gabungan wilayah, ana sandiwara sing critané saka Alkitab. Ing saben kebaktian ana acara baptisan. Saka acara kuwi, wong-wong dadi ngerti yèn sing dibaptis wis ngabdi marang Gusti Allah.
Apa sebabé kebaktian iku acara sing nyenengaké?
Apa gunané teka ing kebaktian?
-
-
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 12
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?
Spanyol
Belarus
Hong Kong
Peru
Sadurungé séda, Yésus tau ngendika, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa. Sawisé iku lagi dina wekasan.” (Matéus 24:14) Kepriyé carané kabar apik diwartakaké ing saindenging donya? Carané yaiku niru contoné Yésus wektu ing bumi.—Lukas 8:1.
Marani wong ing omahé. Yésus maringi conto kanggo murid-muridé carané martakaké kabar apik ing omah-omah. (Matéus 10:11-13; Para Rasul 5:42; 20:20) Penginjil ing jamané para rasul uga diwènèhi gawéan sing padha, kanggo martakaké ing wilayah sing wis ditetepaké. (Matéus 10:5, 6; 2 Korinta 10:14) Ing jaman saiki, martakaké kabar apik uga ditata lan diatur, lan saben jemaat diwènèhi gawéan kanggo martakaké ing wilayahé dhéwé-dhéwé. Cara iki mbantu Seksi-Seksi Yéhuwah nindakaké kersané Yésus kanggo martakaké marang kabèh wong lan dadi paseksi.—Para Rasul 10:42.
Cara liyané. Yesus uga maringi conto carané martakaké kabar apik ing panggonan sing ditekani wong akèh, contoné ing pinggir segara utawa ing cedhak sumur. (Markus 4:1; Yokanan 4:5-15) Seksi-Seksi Yéhuwah uga martakaké Injil ing ngendi waé: ing dalan, ing toko-toko, ing taman, utawa liwat tilpun. Uga marang tangga, kanca kerja, kanca sekolah, lan sedulur ing wektu sing cocog. Kabèh cara kuwi bisa mbantu wong-wong ing kabèh panggonan ing donya ngrungokaké kabar apik bab kaslametan.—Jabur 96:2.
Apa panjenengan kepéngin martakaké kabar apik bab uripé manungsa mbésuk lan bab Kratoné Gusti Allah? Warta sing apik iki aja disimpen dhéwé. Wong-wong perlu krungu, mula ayo padha dicritakaké!
”Kabar apik” apa sing kudu diwartakaké?
Kepriyé Seksi-Seksi Yéhuwah niru carané Yésus martakaké Injil?
-
-
Perintis Iku Apa?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 13
Perintis Iku Apa?
Kanada
Nginjil
Mulang Alkitab
Sinau Alkitab
Tembung ”perintis” tegesé wong sing lunga ing dhaérah anyar lan miwiti sawijiné gawéan. Yésus bisa disebut perintis merga diutus ing bumi lan miwiti gawéan sing nylametaké wong-wong, yaiku martakaké kabar apik lan masrahaké nyawané. (Matéus 20:28) Ing jaman saiki, wong-wong Kristen niru contoné Yésus kuwi. Carané yaiku nggunakaké wektu saakèh-akèhé kanggo mulang wong-wong supaya dadi muridé Yésus. (Matéus 28:19, 20) Mula, ana wong Kristen sing dadi perintis.
Perintis iku penginjil kusus. Kabèh Seksi Yéhuwah iku penginjil. Nanging, ana sing ngatur wektuné supaya bisa dadi perintis biasa, sing nggunakaké wektu 70 jam saben sasi kanggo nginjil. Mula, akèh sing nyambut gawéné ora sedina muput utawa ora saben dina. Ana uga sing éntuk tugas dadi perintis istiméwa ing dhaérah sing luwih mbutuhaké penginjil. Perintis istiméwa nggunakaké wektu 130 jam utawa luwih saben sasi kanggo nginjil. Para perintis marem urip prasaja merga yakin yèn Yéhuwah bakal nyukupi apa sing dibutuhaké. (Matéus 6:31-33; 1 Timotéus 6:6-8) Sing ora bisa dadi perintis biasa utawa perintis istiméwa, bisa dadi perintis èkstra pas kahanané cocog. Perintis èkstra nggunakaké wektu 30 utawa 50 jam saben sasi kanggo nginjil.
Wong sing seneng mulang wong-wong merga nresnani Gusti Allah lan wong liya. Kaya ing jamané Yésus, akèh wong ing jaman saiki ora éntuk tuntunan urip. (Markus 6:34) Nanging, murid-muridé Yésus sing sejati nduwé pangertèn sing bisa mbantu wong-wong lan mènèhi pangarep-arep sing bisa diandelaké. Merga nresnani wong liya, perintis seneng nggunakaké wektu lan tenagané kanggo mbantu wong-wong nyedhak marang Gusti Allah. (Matéus 22:39; 1 Tésalonika 2:8) Merga nindakaké iku, imané dadi saya kuwat, saya cedhak karo Gusti Allah, lan uripé saya seneng.—Para Rasul 20:35.
Perintis iku apa?
Apa sebabé ana sing gelem dadi perintis?
-