-
Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi KancanéPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 1
Gusti Allah Ngundang Panjenengan Dadi Kancané
Gusti Allah péngin panjenengan dadi kancané. Apa panjenengan wis tau mbayangké isa dadi kancané Gusti Allah sing nguwasani jagat? Abraham utawa Ibrahim, wis tau dadi kancané utawa mitrané Gusti Allah. (Yakobus 2:23) Ana wong-wong sing dicathet ing Kitab Suci utawa Alkitab, sing dadi kancané Gusti Allah lan diberkahi. Jaman saiki ing kabèh nggon ing bumi ana wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah. Panjenengan uga isa dadi kancané Gusti Allah.
Luwih apik dadi kancané Gusti Allah timbang dadi kancané manungsa. Gusti Allah ora tau nggawé gela kanca-kancané sing setya. (Jabur 18:26) Mula, dadi kancané Gusti Allah kuwi luwih ana ajiné timbang nduwé bandha sing akèh. Pas wong sugih mati, bandhané ora bakal digawa, malah bandhané bakal dipèk wong liya. Ning, wong-wong sing dadi kancané Gusti Allah nduwé bandha sing ora bakal ilang.—Matéus 6:19.
Ana wong-wong sing péngin ngalang-alangi panjenengan sinau bab Gusti Allah. Mbokmenawa wong-wong kuwi malah kanca utawa kluarga panjenengan dhéwé. (Matéus 10:36, 37) Nèk ana wong ngongkon panjenengan mandheg sinau Alkitab, panjenengan isa mikir ngéné, ’Aku arep nyenengké Gusti Allah apa manungsa?’ Kuwi isa dipadhakké kaya wong sing ngongkon panjenengan ora mangan manèh sakterusé. Apa panjenengan gelem manut? Ya mesthiné ora, ta? Panjenengan butuh mangan bèn isa tetep urip. Gusti Allah isa nggawé panjenengan urip saklawasé. Mula, aja nganti ana wong liya utawa perkara liya ngalangi panjenengan sinau bab carané dadi kancané Gusti Allah.—Yokanan 17:3.
-
-
Gusti Allah Isa Dadi Kanca Sing Paling Apik Kanggo PanjenenganPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 2
Gusti Allah Isa Dadi Kanca Sing Paling Apik Kanggo Panjenengan
Dadi kancané Gusti Allah kuwi perkara sing paling aji kanggo panjenengan. Gusti Allah bakal mulang panjenengan carané urip seneng, merga mbantu panjenengan ngibadah manut karo kersané lan nindakké sing bener. Gusti Allah bakal mirengké donga panjenengan. Panjenengan uga bakal dibantu bèn isa urip ayem tentrem. (Jabur 71:5; 73:28) Gusti Allah bakal nulungi panjenengan pas ngadhepi masalah. (Jabur 18:19) Lan, Gusti Allah isa maringi urip saklawasé.—Rum 6:23.
Saya suwé panjenengan dadi kancané Gusti Allah, panjenengan uga dadi saya cedhak karo kanca-kancané Gusti Allah. Kanca-kancané Gusti Allah uga bakal dadi kanca panjenengan. Malah isa dadi kaya seduluré dhéwé. Kanca-kancané Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngerti bab Gusti Allah lan bakal nggedhèkké ati panjenengan.
Awaké dhéwé ora padha drajaté karo Gusti Allah. Ana sing perlu dingertèni pas ngupaya dadi kancané Gusti Allah. Nduwé kanca Gusti Allah kuwi béda karo nduwé kanca manungsa. Gusti Allah luwih sepuh, luwih pinter, lan luwih kwasa timbang awaké dhéwé. Merga Gusti Allah sing nggawé manungsa, mung Gusti Allah sing nduwé wewenang ngatur manungsa. Mula, nèk awaké dhéwé arep dadi kancané, perlu manut lan nglakoni tuntunané. Kuwi kabèh ana paédahé kanggo uripé manungsa.—Yésaya 48:18.
-
-
Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti AllahPanjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
-
-
BAB 3
Panjenengan Perlu Sinau Bab Gusti Allah
Panjenengan perlu sinau bab Gusti Allah bèn isa dadi kancané. Wong kekancan kuwi mesthiné sok nyeluk kancané nganggo jenengé, ta? Mula, Gusti Allah uga péngin panjenengan ngerti lan nggunakké asmané. Asmané Gusti Allah kuwi Yéhuwah. (Jabur 83:19; Matéus 6:9) Panjenengan uga kudu sinau sing disenengi lan disengiti Yéhuwah. Uga kudu ngerti sapa waé sing dadi kancané lan sing dadi mungsuhé. Butuh wektu kanggo kekancan. Alkitab kandha nèk nggunakké wektu kanggo ngenal Yéhuwah kuwi penting banget.—Éfesus 5:15, 16.
Kanca-kancané Gusti Allah nindakké sing nyenengké atiné. Coba pikiren bab kanca-kanca panjenengan. Nèk panjenengan njahati lan tumindak sing ora disenengi kanca panjenengan, apa dhèwèké isih gelem kekancan? Mesthiné rak ora gelem, ta? Semono uga, nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, panjenengan perlu nyenengké Gusti Allah.—Yokanan 4:24.
Ora kabèh ibadah isa nuntun anggotané dadi kancané Gusti Allah. Yésus utawa nabi Isa, kanca akrabé Gusti Allah, ngendika nèk ana dalan cacahé loro. Dalan sing siji amba lan sing liwat akèh, ning dalan iki tumuju pati. Dalan sijiné ciyut lan sing liwat mung sithik, ning dalan iki tumuju urip saklawasé. Tegesé nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, panjenengan perlu sinau carané ngibadah sing cocog karo kersané Yéhuwah.—Matéus 7:13, 14.
-