PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 Februari hlm. 1-9
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 4-10 FEBRUARI
  • SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 1-3
  • 11-17 FEBRUARI
  • 18-24 FEBRUARI
  • Bahagia Merga Nduwé Harapan
  • 25 FEBRUARI–3 MARET
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 Februari hlm. 1-9

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

4-10 FEBRUARI

SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 1-3

”Hati Nurani Kudu Terus Dituntun Alkitab”

(Roma 2:14, 15) Nèk wong-wong saka bangsa liya sing ora nduwé hukum nindakké apa sing ana ing hukum, kuwi tegesé ana hukum ing njero atiné. 15 Liwat tumindaké, wong-wong kuwi nduduhké nèk hukum kuwi katulis ing njero atiné. Hati nuraniné wong-wong kuwi mènèhi kesaksian bareng wong-wong kuwi, lan pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora.

lvs 18 ¶6

Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah

6 Malah, wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah ya ngerti endi sing bener lan sing salah. Alkitab kandha, ”Pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora.” (Roma 2:14, 15) Contoné, akèh wong ngerti nèk matèni utawa nyolong kuwi salah. Wong-wong kuwi sakjané manut karo hati nuraniné, yaiku perasaan sing isa mbantu wong-wong kuwi mbédakké sing bener lan sing salah. Wong-wong kuwi ya manut karo pathokan-pathokané Yéhuwah, yaiku wulangan sing bener sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé pilihan sing bener.

(Roma 2:15) Liwat tumindaké, wong-wong kuwi nduduhké nèk hukum kuwi katulis ing njero atiné. Hati nuraniné wong-wong kuwi mènèhi kesaksian bareng wong-wong kuwi, lan pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora.

lvs 19-20 ¶8-9

Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah

8 Ana sing nganggep nèk manut karo hati nurani kuwi maksudé mung nuruti perasaan. Wong-wong kuwi nganggep nèk isa nindakké apa waé lan sing penting ora ngrasa salah. Ning, merga ora sampurna, perasaané awaké dhéwé isa salah lan kuwi ana pengaruhé kanggo hati nurani. Alkitab kandha, ”Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa baé, atiné wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanané?” (Yérémia 17:9) Dadi, isa waé wong nganggep sing dilakoni kuwi bener, padahal salah. Contoné, sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus nganiaya umaté Gusti Allah lan yakin nèk kuwi bener. Paulus rumangsa nduwé hati nurani sing apik, ning akhiré dhèwèké kandha, ”Sing ngadili aku kuwi mung Yéhuwah.” (1 Korintus 4:4; Kisah 23:1; 2 Timotius 1:3) Wektu ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo kelakuané, Paulus sadhar nèk kudu berubah. Mula, sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu mikir, ’Piyé pandhangané Yéhuwah soal iki?’

9 Awaké dhéwé mesthi ora péngin nggawé wong sing ditresnani dadi sedhih. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ya ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. Awaké dhéwé kuduné aja nganti nggawé Yéhuwah ngrasa kaya ngono. Néhémia ngekèki conto soal kuwi. Senajan dadi gubernur, Néhémia ora gelem nggunakké jabatané kanggo mburu bandha. Apa sebabé? Merga Néhémia ”wedi marang Gusti Allah”. (Néhémya 5:15) Néhémia ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. Kaya Néhémia, awaké dhéwé ya ora péngin nindakké sing salah merga wedi nggawé Yéhuwah sedhih. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti carané nyenengké Yéhuwah.​—Deloken Cathetan 6.

Wulangan Penting

(Roma 3:4) Ora mungkin kaya ngono! Senajan kabèh wong tukang ngapusi, Gusti Allah mesthi bener, kaya sing wis ditulis, ”Mula, Panjenengan kebukti bener wektu Panjenengan ngendika, lan menang wektu Panjenengan diadili.”

w08-IN 15/6 30 ¶5

Piwulang Penting saka Surat kanggo Jemaat ing Roma

3:4. Nèk ana wong ngomong sing ora cocog karo Alkitab, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk ”Gusti Allah mesthi bener”. Carané yaiku awaké dhéwé kudu yakin karo isiné Alkitab lan tumindak manut kersané Gusti Allah. Nèk semangat nginjil lan mulang, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong ngerti nèk Gusti Allah kuwi bener.

(Roma 3:24, 25) nanging wong-wong kuwi dibébaské nganggo tebusan sing dibayar Kristus Yésus, mula wong-wong kuwi dianggep bener. Iki anugrah sing diparingké Gusti Allah merga welas asihé sing nggumunké. 25 Gusti Allah wis ngurbanké Kristus supaya wong isa rukun karo Panjenengané liwat imané wong kuwi marang getihé Kristus. Gusti Allah nindakké iki kanggo nduduhké nèk Panjenengané kuwi bener, merga Panjenengané kanthi sabar ngapurani dosa-dosa sing ditindakké wong ing jaman mbiyèn.

w08-IN 15/6 29 ¶6

Piwulang Penting saka Surat kanggo Jemaat ing Roma

3:24, 25—Piyé ”tebusan sing dibayar Kristus Yésus” isa nutupi ”dosa-dosa sing ditindakké wong ing jaman mbiyèn”? Nubuat soal Mèsias sing pertama dicathet ing Purwaning Dumadi 3:15. Kuwi kelakon ing taun 33 M wektu Yésus mati dipaku ing cagak. (Gal. 3:13, 16) Wektu mènèhi nubuat kuwi, kanggoné Yéhuwah tebusané kaya-kayané wis dibayar merga ora ana sing isa ngalang-alangi Yéhuwah nggenepi janjiné. Dadi, merga korban tebusan Yésus, dosa-dosané keturunané Adam sing nduwé iman isa diapura, lan wong-wong sing wis mati sakdurungé Yésus urip ing bumi isa dibangkitké.​—Kis. 24:15.

Maca Alkitab

(Roma 1:1-17) Surat saka Paulus, budhaké Kristus Yésus sing dipilih kanggo dadi rasul, lan dipisahké kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah, 2 sing wis dijanjèkké Panjenengané ing Kitab Suci liwat nabi-nabiné, 3 yaiku bab Putrané sing lair dadi manungsa saka keturunané Daud. 4 Liwat kuwasané roh suci, Putra diuripké manèh saka antarané wong mati, lan kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké Putrané Gusti Allah. Dhèwèké kuwi Yésus Kristus, Gusti kita. 5 Liwat dhèwèké, aku nampa welas asih sing nggumunké lan didadèkké rasul, supaya kabèh bangsa isa nduwé iman lan manut marang dhèwèké kanggo ngluhurké jenengé. 6 Kowé klebu ing antarané bangsa-bangsa kuwi, lan Gusti Allah uga milih kowé kanggo dadi duwèké Yésus Kristus. 7 Surat iki kanggo kabèh wong ing Roma sing ditresnani Gusti Allah, sing dipilih kanggo dadi wong-wong suci. Muga-muga kowé padha nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus. 8 Sing kapisan, nganggo jenengé Yésus Kristus, aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga imanmu, sebab wong-wong ing ngendi-endi padha ngomongké bab imanmu. 9 Aku saktulusé ati nindakké tugas suci marang Gusti Allah, nganggo cara martakké kabar apik bab Putrané. Gusti Allah ngerti tenan nèk aku terus nyebutké kowé ing donga-dongaku. 10 Aku nyuwun supaya aku nduwé kesempatan kanggo marani kowé, nèk pancèn kuwi kersané Gusti Allah. 11 Aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya aku isa ngedum berkah saka Gusti Allah kanggo nguwatké kowé. 12 Maksudku, supaya kita isa padha nguwatké siji lan sijiné. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku. 13 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé kabèh padha ngerti nèk aku wis bola-bali péngin marani kowé, nanging mesthi ana alangan. Aku arep mara merga péngin éntuk hasil sing apik saka gawéan nginjilku ing antaramu, kaya sing wis tak tindakké ing antarané bangsa-bangsa. 14 Aku nduwé kewajiban marang wong Yunani lan wong asing, marang wong sing sekolahé dhuwur lan sing ora. 15 Mula aku uga péngin banget martakké kabar apik marang kowé kabèh ing Roma. 16 Aku ora isin martakké kabar apik kuwi, merga kuwi bukti kuwasané Gusti Allah kanggo nylametké kabèh wong sing nduwé iman, sing wiwitan kanggo wong Yahudi, banjur kanggo wong Yunani. 17 Liwat kabar apik kuwi, wong-wong sing nduwé iman isa ndelok nèk Gusti Allah kuwi bener, lan wong-wong kuwi saya dikuwatké imané, padha kaya ayat sing kandha, ”Merga nduwé iman, wong sing bener bakal tetep urip.”

11-17 FEBRUARI

SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 4-6

”Gusti Allah Nduduhké Nèk Panjenengané Nresnani Kita”

(Roma 5:8) Senajan ngono, Kristus mati kanggo kita wektu kita isih dosa. Nganggo cara kuwi Gusti Allah nduduhké nèk Panjenengané nresnani kita.

(Roma 5:12) Padha kaya dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa.

w11-IN 15/6 12 ¶5

Gusti Allah Nduduhké Nèk Panjenengané Nresnani Kita

5 Kanggo njelaské, Paulus ngomong, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa.” (Rm. 5:12) Awaké dhéwé isa paham omongané Paulus iki merga Alkitab mènèhi katrangan wektu Yéhuwah nyiptakké manungsa pertama. Merga Yéhuwah sampurna, pasangan manungsa sing pertama diciptakké yaiku Adam lan Hawa ya sampurna. Yéhuwah mènèhi préntah sing gampang lan ngandhani akibaté nèk Adam lan Hawa nglanggar préntah kuwi. (Pd. 2:17) Ning, Adam lan Hawa milih ora manut. Kuwi berarti Adam lan Hawa nolak Gusti Allah dadi Hakim lan Panguwasa.​—PT. 32:4, 5.

(Roma 5:13, 14) Dosa wis ana ing donya sakdurungé ana hukum Taurat, nanging ora ana wong siji-sijia sing isa ditudhuh nindakké dosa nèk ora ana hukum. 14 Senajan ngono, wiwit Adam nganti tekan Musa, pati mréntah dadi raja, malah tumrap wong-wong sing ora nindakké dosa sing padha kaya pelanggarané Adam. Adam mirip karo wong sing bakal teka.

w11-IN 15/6 12 ¶6

Gusti Allah Nduduhké Nèk Panjenengané Nresnani Kita

6 Adam lagi nduwé anak sakwisé nindakké dosa. Mula, kabèh keturunané dadi nduwé dosa. Ning, dosané keturunané Adam ora padha kaya Adam merga keturunané ora nglanggar préntah kaya sing ditindakké Adam. Apa manèh, Yéhuwah durung mènèhi hukum kanggo keturunané Adam. (Pd. 2:17) Senajan ngono, keturunané Adam tetep waé éntuk warisan dosa. Kuwi ya dialami karo bangsa Israèl, lan Yéhuwah mènèhi hukum sing nduduhké nèk bangsa kuwi nduwé dosa. (Wacanen Roma 5:13, 14.) Akibat saka dosa warisan iki digambarké kaya penyakit keturunan. Anaké Tsar Rusia Nicholas II lan Alexandra, sing jenengé Alexis, nduwé penyakit keturunan yaiku hemofilia utawa kelainan perdarahan. Senajan ora kabèh anaké Tsar Nicholas II kena hemofilia, ning bocah-bocah kuwi tetep isa nurunké penyakité. Dosa ora kaya ngono. Kabèh keturunané Adam éntuk warisan dosa lan akibaté yaiku kematian. Apa iki isa diatasi?

(Roma 5:18) Mula, padha kaya pelanggaran siji nggawé kabèh wong dianggep salah, semono uga tumindak bener siji isa nggawé kabèh wong dianggep bener, mula wong-wong kuwi nampa urip.

(Roma 5:21) Kanggo tujuan apa? Padha kaya dosa lan pati mréntah dadi raja, welas asihé Gusti Allah sing nggumunké uga mréntah dadi raja, mula wong isa dianggep bener lan nampa urip saklawasé liwat Yésus Kristus, Gusti kita.

w11-IN 15/6 12-13 ¶9-10

Gusti Allah Nduduhké Nèk Panjenengané Nresnani Kita

9 Ing basa Yunani, apa maksudé ”nggawé kabèh wong dianggep bener”? Salah siji penerjemah Alkitab kandha, ”Istilah iki ana kaitané karo hukum. Maksudé ana perubahan ing hubungané wong kuwi karo Gusti Allah, dudu perubahan ing wongé kuwi dhéwé . . . Istilah iki nggambarké Gusti Allah kaya hakim sing mutuské nèk wong sing wis ditudhuh nindakké kejahatan bébas saka tudhuhan.”

10 Apa dhasaré ”Hakiming jagad” mbébaské wong sing dosa? (Pd. 18:25) Awalé Gusti Allah ngutus Putrané menyang bumi. Senajan digodha, diécé, lan dianiaya, Yésus terus manut karo Bapaké. Dhèwèké tetep setya nganti mati ing cagak. (Ibr. 2:10) Wektu ngorbanké uripé sing sampurna, Yésus dadi tebusan kanggo mbébaské keturunané Adam saka dosa lan kematian.​—Mat. 20:28; Rm. 5:6-8.

Wulangan Penting

(Roma 6:3-5) Utawa apa kowé ora ngerti nèk kita kabèh sing wis dibaptis lan saiki wis nyawiji karo Kristus Yésus, uga dibaptis ing sédané? 4 Merga kita wis dibaptis ing sédané, kita wis dikubur bareng dhèwèké. Mula, kita isa ngrasakké urip sing anyar, padha kaya Kristus sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati liwat kuwasané Bapak. 5 Nèk kita mati kaya dhèwèké, kita uga mesthi bakal diuripké manèh kaya dhèwèké, lan nganggo cara iki kita nyawiji karo dhèwèké.

w08-IN 15/6 29 ¶7

Piwulang Penting saka Surat kanggo Jemaat ing Roma

6:3-5—Apa maksudé dibaptis terus ”nyawiji karo Kristus Yésus” lan dibaptis ”ing sédané”? Wektu Yéhuwah nglantik para pengikuté Kristus nganggo roh suci, wong-wong kuwi dadi bagéan saka badané Kristus, yaiku jemaat sing dipimpin Kristus. (1 Kor. 12:12, 13, 27; Kol. 1:18) Kuwi sing dimaksud karo dibaptis terus ”nyawiji karo Kristus Yésus”. Wong Kristen terurap ya dibaptis ”ing sédané [Kristus]”. Maksudé, wong-wong kuwi lila nggawé pengorbanan lan lila ora nampa harapan urip langgeng ing bumi. Kematiané wong-wong kuwi kaya kematiané Yésus. Kuwi dadi salah siji bentuk pengorbanané wong-wong mau senajan kuwi ora isa dienggo tebusan. Wong Kristen terurap bener-bener dibaptis ing sédané Kristus wektu wong-wong kuwi mati lan dibangkitké ing swarga.

(Roma 6:7) Merga nèk wong wis mati, wong kuwi wis dibébaské saka dosané.

w14-IN 1/6 11 ¶1

Ana Harapan Apa kanggo Para Leluhurku?

Wektu dibangkitké, apa wong-wong sing durung kenal Yéhuwah bakal dihakimi nurut tumindaké ing jaman mbiyèn? Roma 6:7 kandha, ”Merga nèk wong wis mati, wong kuwi wis dibébaské saka dosané.” Wektu mati, wong-wong kuwi wis dibébaské saka dosané. Mula, wong-wong kuwi bakal dihakimi nurut tumindaké sakwisé dibangkitké, dudu nurut tumindaké ing jaman mbiyèn. Wong-wong kuwi bakal éntuk manfaat apa waé?

Maca Alkitab

(Roma 4:1-15) Nèk ngono, Abraham, yaiku bapak leluhur kita, éntuk apa? 2 Nèk Abraham dianggep bener merga tumindaké, dhèwèké nduwé alesan kanggo bangga. Nanging ing ngarsané Gusti Allah, dhèwèké ora nduwé alesan kanggo bangga. 3 Ana ayat sing kandha, ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.” 4 Nèk wong sing nyambut gawé diwènèhi bayaran, kuwi dudu merga majikané apikan, nanging merga wong kuwi pancèn pantes nampa bayaran. 5 Nanging miturut Gusti Allah, nèk wong nduwé iman lan ora ngendelké tumindaké dhéwé, wong kuwi dianggep bener merga imané, senajan dhèwèké kuwi wong dosa. 6 Daud uga ngomongké bab kabungahané wong sing dianggep bener karo Gusti Allah senajan tumindaké ora padha persis karo hukum. Daud kandha, 7 ”Bungah wong sing kesalahané diapura lan dosané dibusak. 8 Bungah wong sing dosané babar blas ora diéling-éling Yéhuwah.” 9 Apa kabungahan kuwi mung kanggo wong sing disunat utawa uga kanggo wong sing ora disunat? Kaya sing wis dikandhakké sakdurungé, ”Merga nduwé iman, Abraham dianggep bener.” 10 Kapan Gusti Allah nganggep Abraham bener? Sakwisé Abraham disunat utawa sakdurungé? Sakjané Abraham durung disunat wektu Gusti Allah nganggep dhèwèké bener. 11 Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké disunat lan iki dadi tandha kanggo nduduhké nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora disunat, lan kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah. 12 Dadi, Abraham, bapak kita, ora mung bapaké kabèh wong sing disunat, nanging uga bapaké kabèh wong sing bener-bener niru imané, yaiku iman sing diduwèni wektu Abraham durung disunat. 13 Abraham utawa keturunané nampa janji nèk dhèwèké bakal éntuk warisan sawijiné donya, merga dhèwèké nduwé iman lan dianggep bener, dudu merga nindakké hukum. 14 Nèk sing éntuk warisan kuwi wong sing nindakké hukum, iman dadi tanpa guna lan janji kuwi dadi ora ana artiné. 15 Nyatané, hukum Taurat ngasilké murkané Gusti Allah, nanging nèk ora ana hukum, ora ana sing dilanggar.

18-24 FEBRUARI

SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 7-8

”Apa Awaké Dhéwé ’Ngarep-arep Banget’?”

(Roma 8:19) Kabèh ciptaan lagi padha ngarep-arep banget wektuné putra-putrané Gusti Allah digawé nyata.

w12-IN 15/7 11 ¶17

Kebébasan Sejati saka Yéhuwah

17 Wektu ngrembug soal kebébasan saka Yéhuwah kanggo umaté ing bumi sukmbèn, Paulus nulis, ”Kabèh ciptaan lagi padha ngarep-arep banget wektuné putra-putrané Gusti Allah digawé nyata.” Paulus ya nulis, ”Kabèh ciptaan bakal dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati, lan nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah.” (Rm. 8:19-21) ”Ciptaan” kuwi maksudé manungsa sing nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi lan bakal éntuk manfaat wektu wong Kristen terurap ”digawé nyata”. Wong Kristen terurap bakal ”digawé nyata” wektu wong-wong kuwi dibangkitké ing wujud roh, terus ngancani Yésus nyingkirké kejahatan saka bumi lan nylametké ”kumpulan gedhé” bèn isa mlebu donya anyar.​—Why. 7:9, 14.

(Roma 8:20) Kabèh ciptaan digawé tundhuk marang urip sing tanpa guna, dudu merga karepé dhéwé, nanging merga kersané Gusti Allah. Senajan ngono, isih ana pangarep-arep,

w12-IN 15/3 23 ¶11

Bahagia Merga Nduwé Harapan

11 Yéhuwah mènèhi manungsa ”pangarep-arep” wektu ngramalké nèk bakal ana keturunan sing mbébaské manungsa saka ”ula sing wiwitan”, yaiku Sétan. (Why. 12:9; Pd. 3:15) Bagéan utama saka keturunan sing dijanjèkké yaiku Yésus. (Gal. 3:16) Merga Yésus wis mati lan dibangkitké, manungsa isa dibébaské saka dosa lan kematian. Kuwi bakal bener-bener kelakon wektu ”putra-putrané Gusti Allah” yaiku wong Kristen terurap sing dadi bagéan tambahan saka keturunan sing dijanjèkké ”digawé nyata”. Wong Kristen terurap bakal ”digawé nyata” wektu mèlu Yésus nyingkirké donyané Sétan sing jahat iki. (Why. 2:26, 27) Bar kuwi, umaté Yéhuwah sing slamet ngliwati sengsara gedhé bakal bener-bener dibébaské saka dosa lan kematian.​—Why. 7:9, 10, 14.

(Roma 8:21) yaiku nèk kabèh ciptaan bakal dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati, lan nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah.

w12-IN 15/3 23 ¶12

Bahagia Merga Nduwé Harapan

12 Kabèh ”ciptaan” bakal bahagia wektu Yésus dadi raja saksuwéné sèwu taun. Pas kuwi, ”putra-putrané Gusti Allah” bakal ”digawé nyata” wektu wong-wong kuwi dadi imam bareng karo Yésus. Wong-wong kuwi bakal mbantu manungsa bèn isa éntuk manfaat saka korban tebusané Yésus. Manungsa isa ”dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati” lan akhiré dadi sampurna. Manungsa sing terus setya saksuwéné pamréntahan sèwu tauné Yésus lan wektu ujian akhir bakal ditulis jenengé ing ”gulungan kauripan” kanggo saklawasé. Wong-wong kuwi bakal ”nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”. (Why. 20:7, 8, 11, 12) Iki harapan sing luar biasa.

Wulangan Penting

(Roma 8:6) Terus mikirké pepénginan daging kuwi tegesé pati, nanging terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci kuwi tegesé urip lan katentreman.

w17.06-IN 3

Apa Njenengan Kèlingan?

Apa bédané ”terus mikirké pepénginan daging” lan ”terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci”? (Rm. 8:6)

Wong sing terus mikirké pepénginan daging terus ngomongké lan ngutamakké pepénginan jasmani. Terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci berarti ngutamakké Yéhuwah lan mikirké pandhangané Yéhuwah. Wong sing nindakké kuwi bakal dituntun karo roh suci. Terus mikirké pepénginan daging akibaté kematian. Ning, terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci bakal ngasilké urip lan tentrem rahayu.​—w16.12, hlm. 11-14.

(Roma 8:26, 27) Sakliyané kuwi, merga kelemahané kita, kadhang kita perlu ndonga nanging kita ora ngerti apa sing kudu didongakké. Ing wektu kuwi roh suci bakal mbantu kita nganggo cara nyuwun kanggo kita, senajan kita ora isa ngucapké pasambat kita. 27 Nanging, Gusti Allah sing nliti ati kita ngerti apa sing dikarepké roh suci kuwi, merga apa sing disuwun roh suci kuwi cocog karo kersané Gusti Allah lan panyuwun iki digawé kanggo mbantu wong-wong suci.

w09-IN 15/11 7 ¶20

Donga-Dongané Awaké Dhéwé Nduduhké Apa?

20 Kadhang kala, awaké dhéwé mungkin bingung mèh ngomong apa wektu ndonga. Paulus tau nulis, ”Kadhang kita perlu ndonga nanging kita ora ngerti apa sing kudu didongakké. Ing wektu kuwi roh suci bakal mbantu kita nganggo cara nyuwun kanggo kita, senajan kita ora isa ngucapké pasambat kita. Nanging, Gusti Allah sing nliti ati kita ngerti apa sing dikarepké roh suci kuwi.” (Rm. 8:26, 27) Yéhuwah ngatur bèn akèh dongané umaté dicathet ing Alkitab. Yéhuwah ngrungokké lan njawab penjaluké umaté kuwi. Yéhuwah ngerti sing dibutuhké umaté. Liwat roh suciné, Yéhuwah nggunakké para penulis Alkitab kanggo nyathet donga-donga sing cocog karo kebutuhané awaké dhéwé. Yéhuwah njawab penjaluké awaké dhéwé wektu roh suci ”nyuwun kanggo kita”. Nèk kerep maca Alkitab, awaké dhéwé dadi ora bingung manèh mèh ngomong apa wektu ndonga.

Maca Alkitab

(Roma 7:13-25) Nèk ngono, apa kuwi tegesé bab sing apik kuwi sing matèni aku? Babar blas ora! Nanging dosa sing matèni aku. Liwat bab sing apik, dosa nggawé aku mati supaya kétok cetha apa dosa kuwi. Lan hukum nduduhké nèk dosa kuwi jahat banget. 14 Kita ngerti nèk hukum Taurat kuwi saka Gusti Allah, nanging aku ora sampurna, sing diedol dadi budhaké dosa. 15 Aku ora nindakké perkara-perkara sing péngin tak tindakké, nanging aku malah nindakké perkara-perkara sing tak sengiti. Aku ora ngerti ngapa aku nindakké kuwi. 16 Nanging senajan aku ora nindakké bab apik sing péngin tak tindakké, aku setuju nèk hukum Taurat kuwi apik. 17 Dadi dudu aku sing nindakké kuwi, nanging dosa sing ana ing aku. 18 Aku ngerti nèk ing awakku, yaiku ing badanku, ora ana sing apik. Aku péngin nindakké apa sing apik, nanging aku ora sanggup nindakké kuwi. 19 Bab sing apik sing tak péngini ora tak tindakké, nanging bab èlèk sing ora tak péngini malah tak tindakké. 20 Dadi, nèk aku nindakké apa sing ora tak péngini, kuwi tegesé nèk sing nindakké kuwi dudu aku, nanging dosa sing ana ing aku. 21 Mula, iki sing tak rasakké: Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku. 22 Ing njero atiku, aku bener-bener seneng hukumé Gusti Allah, 23 nanging aku ngerti nèk ing badanku ana hukum liya sing perang nglawan hukum pikiranku, lan hukum kuwi nggawé aku dadi tawanan hukum dosa. 24 Sengsara tenan aku iki! Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati iki? 25 Sokur marang Gusti Allah, sing bakal nylametké aku liwat Yésus Kristus, Gusti kita! Mula nganggo pikiranku, aku iki budhak hukumé Gusti Allah, nanging nganggo badanku, aku iki budhak hukumé dosa.

25 FEBRUARI–3 MARET

SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 9-11

”Perumpamaan soal Wit Zaitun”

(Roma 11:16) Uga, nèk bagéan adonan sing dijupuk kanggo dadi hasil kapisan kuwi suci, kabèh adonané mesthi ya suci. Lan nèk oyod sawijiné wit kuwi suci, pang-pangé uga suci.

w11-IN 15/5 23 ¶13

Pancèn Nggumunké Tenan Kawicaksanané Gusti Allah!

13 Paulus nggambarké wong-wong sing dadi bagéan saka keturunané Abraham kaya pang-pangé wit zaitun. (Rm. 11:21) Wit zaitun kuwi nggambarké penggenapan janjiné Yéhuwah marang Abraham. Oyodé kuwi suci lan nggambarké Yéhuwah sing mènèhi urip kanggo Israèl rohani. (Yé. 10:20; Rm. 11:16) Batangé nggambarké Yésus sing dadi bagéan utama saka keturunané Abraham. Pang-pangé nggambarké jumlah sing ”komplit” saka wong-wong sing dadi bagéan tambahan keturunané Abraham.

(Roma 11:17) Nanging nèk sebagéan pang saka wit zaitun dikethok, lan kowé, sing dadi pang wit zaitun liar, banjur dicangkokké ing antarané pang-pang kuwi lan éntuk paédah saka oyodé wit zaitun mau,

(Roma 11:20, 21) Kuwi bener! Wong-wong kuwi dikethok merga ora nduwé iman, nanging kowé tetep ana ing panggonanmu merga imanmu. Aja dadi sombong. Nanging ngati-atia 21 nèk Gusti Allah waé ngethok pang saka wit zaitun sing asli, apa manèh kowé, uga isa dikethok.

w11-IN 15/5 24 ¶15

Pancèn Nggumunké Tenan Kawicaksanané Gusti Allah!

15 Piyé carané Yéhuwah nggenepi janjiné? Paulus njelaské nèk pang-pang saka wit zaitun liar dicangkokké ing wit zaitun kanggo ngganti pang sing wis dikethok. (Wacanen Roma 11:17, 18.) Maksudé, wong-wong Kristen terurap saka bangsa-bangsa liya isa dadi bagéan saka keturunané Abraham, kaya-kayané dicangkokké ing wit zaitun. Contoné yaiku sebagéan wong sing ana ing jemaat Roma. Awalé, wong-wong kuwi kaya pang wit zaitun liar. Wong-wong kuwi ora nduwé kesempatan dadi bagéan saka perjanjian khusus iki. Ning, Yéhuwah mènèhi kesempatan kanggo wong-wong kuwi dadi wong-wong Yahudi rohani.​—Rm. 2:28, 29.

(Roma 11:25, 26) Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti rahasia suci iki, supaya kowé ora nganggep awakmu wicaksana: Sebagéan wong Israèl bakal tetep nduwé ati sing ora tanggap, nganti cacahé wong sing diklumpukké saka bangsa liya genep, 26 lan nganggo cara kuwi, kabèh wong Israèl bakal dislametké. Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Wong sing mbébaské kuwi bakal metu saka Zion lan bakal nggawé keturunané Yakub ninggalké tumindaké sing jahat.

w11-IN 15/5 25 ¶19

Pancèn Nggumunké Tenan Kawicaksanané Gusti Allah!

19 Penggenapan janjiné Yéhuwah soal ”Israèl duwèké Gusti Allah” kuwi luar biasa. (Gal. 6:16) Paulus ngomong nèk ”kabèh wong Israèl bakal dislametké”. (Rm. 11:26) Akhiré, ”kabèh wong Israèl” yaiku wong-wong sing dadi bagéan saka Israèl rohani bakal dadi raja lan imam ing swarga. Ora ana sing isa nggagalké kersané Yéhuwah.

Wulangan Penting

(Roma 9:21-23) Apa kowé ora ngerti? Tukang grabah kan nduwé wewenang kanggo nggawé sakepel lempung sing padha dadi rong jenis barang, sing siji barang sing aji lan sijiné barang sing biasa, ta? 22 Dadi, piyé nèk Gusti Allah sabar marang barang sing pantes disirnakké, senajan Panjenengané péngin nduduhké murkané lan kuwasané? 23 Banjur, piyé nèk kuwi ditindakké kanggo nduduhké kamulyané sing gedhé banget marang barang sing pantes dimesakké, sing wis Panjenengané siapké kanggo dimulyakké,

w13-IN 15/6 25 ¶5

Gelem Dibentuk Yéhuwah

Piyé nèk manungsa ora gelem dibentuk karo Tukang Grabah Agung? Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Nèk ana lempung sing angèl dibentuk, biasané tukang grabah bakal nggunakké lempung kuwi kanggo nggawé barang liya utawa malah mbuwang lempung kuwi. Nèk ana lempung sing nganti ora isa dibentuk, biasané sing disalahké kuwi tukang grabahé. Ning, nèk Yéhuwah ora isa disalahké. (PT. 32:4) Wektu ana wong sing ora isa dibentuk Yéhuwah, kuwi salahé wongé. Yéhuwah gelem nyesuaikké nurut tanggepané manungsa wektu dibentuk. Wong-wong sing gelem dibentuk bakal éntuk manfaat. Contoné, wong Kristen terurap isa dadi ”barang sing aji” senajan mauné wong-wong kuwi kaya ”barang sing pantes dimesakké”. Ning, wong-wong sing ora gelem dituntun Gusti Allah bakal dadi ”barang sing pantes disirnakké”.​—Rm. 9:19-23.

(Roma 10:2) Merga, aku isa ngomong bab wong-wong kuwi, nèk wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah nanging ora miturut pangertèn sing bener bab Gusti Allah.

it-1-IN 496 ¶3

Cemburu

Sikap sing Salah. Ana wong sing mungkin semangat, utawa cemburu. Ning, sikap kuwi isa waé salah lan ora nyenengké Gusti Allah. Kuwi sing dilakoni wong-wong Yahudi ing abad kapisan. Wong-wong kuwi nganggep tumindaké bener nurut Hukum Musa. Ning, Paulus nduduhké nèk sikapé wong-wong kuwi salah merga ora nduwé pengetahuan sing bener soal Gusti Allah. Hasilé, wong-wong kuwi ora dadi wong sing dianggep bener karo Gusti Allah. Wong-wong kuwi kudu mertobat dhisik lan nindakké sing bener bèn isa dianggep bener karo Gusti Allah lan dislametké. (Rm 10:1-10) Contoné yaiku Saul saka Tarsus. Dhèwèké semangat banget ndhukung agama Yahudi, nganti ”nganiaya kanthi kejem lan ngupaya numpes jemaaté Gusti Allah”. Saul ngrasa wis ”nindakké apa sing bener miturut hukum”. (Gal 1:13, 14; Flp 3:6) Ning, sikapé kuwi salah. Yéhuwah ngerti nèk Saul kuwi wong sing tulus. Mula, Yéhuwah nggunakké Yésus kanggo mbantu Saul mertobat lan ngabdi marang Yéhuwah.​—1Tim 1:12, 13.

Maca Alkitab

(Roma 10:1-15) Sedulur-sedulur, apa sing tak péngini saka atiku lan sing tak suwun marang Gusti Allah yaiku supaya wong-wong kuwi dislametké. 2 Merga, aku isa ngomong bab wong-wong kuwi, nèk wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah nanging ora miturut pangertèn sing bener bab Gusti Allah. 3 Wong-wong kuwi ora ngerti apa sing nggawé wong dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah, nanging malah padha ngupaya mbuktèkké nèk wong-wong kuwi bener nganggo carané dhéwé. Mula, wong-wong kuwi ora nindakké pathokané Gusti Allah. 4 Hukum Taurat dipungkasi merga Kristus wis netepi kuwi, mula saben wong sing nduduhké iman isa dianggep bener. 5 Musa nulis bab wong sing dianggep bener miturut hukum Taurat, ”Wong sing nindakké hukum iki bakal urip merga saka kuwi.” 6 Nanging, Kitab Suci nduduhké nèk wong isa dianggep bener merga iman. Kitab Suci kandha, ”Aja mbatin, ’Sapa sing bakal munggah menyang swarga?’ maksudé kanggo nggawa Kristus mudhun, 7 utawa, ’Sapa sing bakal mudhun menyang jurang sing jero banget?’ maksudé, kanggo nggawa Kristus metu saka pati.” 8 Apa manèh sing diomongké Kitab Suci? ”Pangandika kuwi ana ing cedhakmu, yaiku ing tutuk lan ing atimu dhéwé.” Maksudé, ”pangandika” iman, sing lagi kita wartakké. 9 Nèk kowé ngomong ing ngarepé wong akèh nganggo tutukmu nèk Yésus kuwi Gusti, lan nduduhké iman ing atimu nèk Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati, kowé bakal dislametké. 10 Nduduhké iman sing asalé saka ati nggawé wong dianggep bener, nanging nyritakké iman kuwi marang wong liya ngasilké keslametan. 11 Ana ayat sing kandha, ”Kabèh wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal gela.” 12 Ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani. Kabèh nduwé Gusti sing padha, sing loma marang kabèh sing nyebut marang Panjenengané. 13 Merga ”saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké”. 14 Nanging, piyé wong bakal nyebut asmané nèk durung nduwé iman marang Panjenengané? Banjur, piyé wong bakal nduwé iman marang Panjenengané nèk durung tau krungu bab Panjenengané? Banjur, piyé wong bakal krungu bab Panjenengané nèk ora ana sing martakké? 15 Banjur, apa ana sing bakal martakké nèk ora diutus? Kitab Suci kandha, ”Nyenengké banget ndelok wong-wong sing padha teka martakké kabar apik!”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim