Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
4-10 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 12-14
”Buktiné Nèk Awaké Dhéwé Sayang karo Wong Liya”
(Roma 12:10) Tresnaa marang siji lan sijiné kaya nresnani keluargamu dhéwé. Dadia sing luwih dhisik wektu nduduhké hormat marang liyané.
it-1-IN 1174
Rasa Sayang
Katresnan paseduluran (Yn., filadelfia, artiné, ”sayang karo sedulur”) kudu diduwèni karo kabèh anggota jemaat Kristen. (Rm 12:10; Ibr 13:1; deloken 1Ptr 3:8.) Dadi, hubungané awaké dhéwé karo para sedulur ing jemaat kuduné akrab lan nyenengké kaya karo keluargané dhéwé. Senajan wis padha nduduhké katresnan paseduluran, para anggota jemaat Kristen diélingké kanggo nindakké kuwi luwih tenanan manèh.—1Tés 4:9, 10.
Kata Yunani filostorgos, sing artiné ”nduwé rasa sayang sing lembut”, digunakké wektu nyebutké soal wong sing isa bergaul akrab karo wong liya. Kata stergo, yaiku kata dhasar kanggo gabungan kata mau, maksudé rasa sayang sing biasané diduduhké karo keluarga. Rasul Paulus ngongkon wong Kristen terus nduduhké sipat iki. (Rm 12:10) Paulus ya ngandhani nèk ing dina-dina pungkasan bakal ana akèh wong sing ”ora nduwé katresnan marang anggota keluarga” (Yn., astorgoi) lan wong-wong sing kaya ngono pantes mati.—2Tim 3:3; Rm 1:31, 32.
(Roma 12:17-19) Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé. Ngupayaa nindakké apa sing dianggep apik karo kabèh wong. 18 Ngupayaa sak isa-isané kanggo urip rukun karo kabèh wong. 19 Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Nanging ejarna Gusti Allah waé sing nduduhké murkané, merga ana ayat sing kandha, ”’Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Kejahatané wong-wong kuwi bakal Tak bales,’ ngendikané Yéhuwah.”
w09-IN 15/10 8 ¶3
”Rukun karo Kabèh Wong”
3 Wacanen Roma 12:17. Rasul Paulus njelaské nèk awaké dhéwé ora éntuk mbales wong sing njahati awaké dhéwé. Naséhaté Paulus iki kudu ditrapké khususé nèk awaké dhéwé nduwé anggota keluarga sing ora seiman. Suami utawa istri Kristen aja nganti nduwé kepénginan kanggo balas dendam wektu bojoné ngomong utawa tumindak kasar. ”Mbales kejahatan nganggo kejahatan” kuwi hasilé ora apik. Malah, keadaané isa dadi saya parah.
w07-IN 1/7 24-25 ¶12-13
”Aja Mbales Kejahatan Nganggo Kejahatan marang Sapa Waé”
12 Bar kuwi, Rasul Paulus ngomong, ”Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé.” Naséhat kuwi isa ditrapké wektu urusan karo kabèh wong. Kuwi cocog karo omongané Rasul Paulus sing sakdurungé yaiku, ”Kowé kudu bener-bener sengit karo apa sing ala.” Dadi, wong sing bener-bener sengit karo apa sing ala ora mungkin nggunakké kejahatan kanggo mbales wong liya. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé ora nduwé rasa sayang sing ”tulus”. Terus, Paulus ngomong, ”Ngupayaa nindakké apa sing dianggep apik karo kabèh wong.” (Roma 12:9, 17) Piyé carané ngetrapké naséhat kuwi?
13 Paulus wis tau nulis surat kanggo jemaat Korintus soal kesusahan sing dhèwèké alami. Paulus ngomong, ”Aku kabèh ditonton karo donya, malaékat, lan manungsa. . . . Wektu dirèmèhké, aku kabèh nanggepi kanthi apik. Wektu dianiaya, aku kabèh tetep tekun kanthi sabar. Wektu dipitenah, aku kabèh njawab kanthi alus.” (1 Korintus 4:9-13) Ing jaman saiki, awaké dhéwé ya lagi diamati karo wong-wong sakdonya. Wektu ndelok awaké dhéwé tetep apikan senajan ngalami tumindak ora adil, wong-wong kuwi mungkin dadi luwih seneng karo kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké.—1 Pétrus 2:12.
(Roma 12:20, 21) Nanging ”nèk mungsuhmu luwé, wènèhana mangan. Nèk dhèwèké ngelak, wènèhana ngombé. Merga kowé bakal ngluluhké atiné”. 21 Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan. Nanging, terus kalahna kejahatan nganggo kabecikan.
w12-IN 15/11 29 ¶13
Seneng Ngapura Wong Liya
13 Awaké dhéwé isa mbantu wong sing tau njahati awaké dhéwé bèn gelem sinau Alkitab. Rasul Paulus ngomong, ”’Nèk mungsuhmu luwé, wènèhana mangan. Nèk dhèwèké ngelak, wènèhana ngombé. Merga kowé bakal ngluluhké atiné’. Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan. Nanging, terus kalahna kejahatan nganggo kabecikan.” (Rm. 12:20, 21) Nèk tetep apikan karo wong sing njahati, njenengan isa mbantu wong kuwi berubah, malah mungkin dadi apikan karo njenengan. Wong kuwi mungkin ya dadi gelem nampa kabar apik saka Alkitab nèk njenengan gelem pangertèn, nduduhké émpati, lan apikan karo wong kuwi. Ora masalah piyé keadaané, tanggepané awaké dhéwé sing apikan isa nggawé wong sing njahati awaké dhéwé péngin ngerti alesané awaké dhéwé tumindak kaya ngono.—1 Ptr. 2:12; 3:16.
Wulangan Penting
(Roma 12:1) Mula sedulur-sedulur, merga Gusti Allah kuwi welas asih, aku nyuwun marang kowé kabèh supaya mènèhké badan lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké kurban sing suci sing bakal ditampa Gusti Allah. Dadi, gunakna sakwutuhé pikiranmu wektu ngabdi marang Gusti Allah.
Carané Milih Hiburan
5 Tingkah lakuné awaké dhéwé ana pengaruhé kanggo hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Paulus kandha, ’Wènèhna badan lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké kurban sing suci sing bakal ditampa Gusti Allah.’ (Roma 12:1) Yésus kandha, ”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.” (Markus 12:30) Awaké dhéwé ya péngin ngibadah nganggo cara sing bener. Jaman mbiyèn, bangsa Israèl mènèhké kéwan sing ora cacad kanggo kurban marang Yéhuwah. Nèk kurbané cacad, Yéhuwah ora seneng. (Kaimaman 22:18-20) Ibadahé awaké dhéwé ya isa waé ora nyenengké Yéhuwah. Kok isa?
6 Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.” (1 Pétrus 1:14-16; 2 Pétrus 3:11) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ngibadah nganggo cara sing ora bener. (Pangandharing Torèt 15:21) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé nglakoni sing ora disenengi Yéhuwah, contoné sèks bébas, tumindak kejem, lan ilmu gaib. (Roma 6:12-14; 8:13) Yéhuwah ya ora seneng nèk awaké dhéwé ndelok hiburan sing isiné kaya ngono. Kuwi nggawé ibadahé awaké dhéwé ora nyenengké kanggo Yéhuwah, lan hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa rusak.
(Roma 13:1) Kabèh wong kudu manut marang pamréntah, merga kabèh kekuwasaan asalé saka Gusti Allah. Lan pamréntah sing ana kuwi padha ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé.
w08-IN 15/6 31 ¶4
Piwulang Penting saka Buku Roma
13:1—Apa maksudé pamréntah ”ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé”? Pamréntah ”ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé” kuwi maksudé pamréntah diijinké Gusti Allah kanggo mréntah. Malah, kadhang kala pamréntahané kuwi wis diramalké karo Gusti Allah. Contoné, Alkitab nyathet ana raja-raja sing wis diramalké bakal mréntah.
Maca Alkitab
(Roma 13:1-14) Kabèh wong kudu manut marang pamréntah, merga kabèh kekuwasaan asalé saka Gusti Allah. Lan pamréntah sing ana kuwi padha ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé. 2 Mula, sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi tegesé nglawan pengaturané Gusti Allah, lan wong-wong sing nglawan pengaturan kuwi bakal dihukum. 3 Wong sing tumindak apik ora perlu wedi marang pamréntah, mung wong sing tumindak jahat sing kuduné wedi marang pamréntah. Mula, nèk kowé ora gelem ngrasa wedi marang pamréntah, terusa tumindak apik lan kowé bakal dialem karo pamréntah. 4 Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah lan ditetepké kanggo paédahmu. Nanging nèk kowé nindakké apa sing jahat, kowé kudu wedi, merga pamréntah nduwé kuwasa kanggo ngukum lan kuwi ana tujuané. Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat. 5 Dadi, kowé nduwé alesan sing kuwat kanggo manut, ora mung merga wedi dihukum, nanging uga merga hati nuranimu. 6 Kuwi sebabé kowé mbayar pajeg, merga pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing terus nglayani wong akèh. 7 Mula, wènèhna apa sing dadi haké pamréntah: Bayaren pajeg marang wong sing nuntut pajeg, lan bayaren upeti marang wong sing nuntut upeti, ajènana wong sing kudu diajèni, lan hormatana wong sing kudu dihormati. 8 Aja padha utang apa-apa marang sapa waé, sakliyané nresnani siji lan sijiné, merga wong sing nresnani pepadhané wis nindakké hukum. 9 Hukum mréntahké, ”Kowé aja laku jina, aja matèni, aja nyolong, aja nduwé pepénginan marang duwèké wong liya,” lan kabèh préntah sing ana, disimpulké nganggo ukara iki, ”Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” 10 Wong sing nduwé katresnan ora tumindak jahat marang pepadhané. Dadi, wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum. 11 Tindakna kuwi kabèh merga kowé ngerti ing mangsa kaya apa kita urip. Saiki wektuné kanggo kowé tangi, merga keslametan kita wis luwih cedhak ketimbang wektu kita lagi dadi pengikuté Kristus. 12 Saiki wis saya wengi banget lan sedhéla manèh arep ésuk. Mula ayo kita ninggalké bab-bab sing ditindakké ing pepeteng, lan ayo kita nganggo senjata sing digunakké ing pepadhang. 13 Ayo kita njaga tumindak kita kaya pas wayah awan, ora pésta bébas utawa mabuk-mabukan, ora nindakké hubungan sèks sing ora sah utawa tumindak kurang ajar, lan ora padu utawa mèri. 14 Nanging, tirunen Gusti Yésus Kristus, lan aja nggawé rencana kanggo nindakké pepénginan daging.
11-17 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | ROMA 15-16
”Yéhuwah Mènèhi Penghiburan Bèn Awaké Dhéwé Isa Tekun”
(Roma 15:4) Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn, ditulis kanggo mulang kita lan mènèhi kita pangarep-arep, merga Tulisan-Tulisan Suci kuwi mbantu kita isa tekun lan mènèhi kita panglipuran.
”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
11 Crita bab Yésus sing sedhih banget wektu Lazarus mati kuwi dadi salah siji conto sing nduduhké nèk Alkitab isa nguwatké kita. Pancèn, ”samubarang kang katulisan ing sadurungé, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhèlan panglipur kang saka ing Kitab Suci”. (Rm. 15:4) Nèk lagi sedhih, panjenengan uga isa mikirké ayat-ayat sing nguwatké iki:
▪ ”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné, sarta para wong kang pepes budiné padha dipitulungi.”—Ms. 34:19, 20.
▪ ”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.”—Ms. 94:19.
▪ ”Gusti kita Yésus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmaté wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita, muga karsaa paring panglipur lan nyantosakna atimu.”—2 Tés. 2:16, 17.
(Roma 15:5) Muga-muga, Gusti Allah sing mbantu kita tekun lan éntuk panglipuran, maringi saben wong ing antaramu pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus,
”Terusa Kuwat Ngadhepi Masalah Nganti Tuntas”
5 Njaluka kekuwatan saka Yéhuwah. Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur”. (Rm. 15:5) Mung Yéhuwah sing paling ngerti kahanan, perasaan, lan uripé awaké dhéwé. Mula, mung Yéhuwah sing paling ngerti kabèh sing dibutuhké kanggo ngadhepi masalah. Alkitab kandha, ”Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepané, dipiyarsakaké pasambaté banjur padha diluwari.” (Ms. 145:19) Piyé carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé bèn éntuk kekuwatan kanggo ngadhepi masalah?
(Roma 15:13) Muga-muga Gusti Allah, sing maringi kowé pangarep-arep, nggawé kowé bener-bener bungah lan ngrasakké katentreman merga kowé percaya marang Panjenengané, supaya nganggo kuwasané roh suci pangarep-arepmu isa saya dikuwatké.
w14-IN 15/6 14 ¶11
”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu”
11 Yéhuwah mènèhi harapan urip saklawasé. (Rm. 15:13) Merga ngerti harapan kuwi, awaké dhéwé dadi ora nyerah wektu ngadhepi masalah. Wong Kristen terurap sing ’setya nganti mati bakal diwènèhi mahkota kauripan’. (Why. 2:10) Wong-wong liyané sing setya nduwé harapan urip saklawasé ing bumi Firdaus. (Luk. 23:43) Piyé perasaané awaké dhéwé? Awaké dhéwé isa bahagia lan ngrasa damai. Awaké dhéwé ya dadi tambah sayang karo Gusti Allah sing wis mènèhi ”anugrah sing apik lan sing sampurna”.—Yak. 1:17.
Wulangan Penting
(Roma 15:27, ctn.) Sedulur-sedulur kuwi padha seneng nindakké kuwi, lan sakjané padha ngrasa nduwé utang kanggo nindakké kuwi. Merga wong-wong suci wis mènèhi bab-bab rohani marang para sedulur kuwi, mula para sedulur kuwi uga ngrasa wajib mènèhi bab-bab matèri kanggo wong-wong suci.
w89-IN 1/12 24 ¶3
”Sepira Tulusé Katresnanmu”
Sedulur-sedulur saka bangsa liya kuduné gelem nulungi wong-wong kuwi. Sedulur-sedulur kuwi ”nduwé utang” karo sedulur-sedulur ing Yérusalèm. Apa sebabé? Wong-wong saka bangsa liya isa krungu kabar apik merga dikandhani karo sedulur-sedulur ing Yérusalèm. Paulus ngomong, ”Nèk wong-wong Kristen Yahudi wis mbagèkké kabar apik kanggo wong-wong saka bangsa liya, wong-wong saka bangsa liya kuwi ya kudu nyumbang kanggo nyukupi kebutuhané wong-wong Kristen Yahudi.”—Roma 15:27, The New English Bible.
(Roma 16:25) Gusti Allah bakal mbantu kowé dadi kuwat, miturut kabar apik bab Yésus Kristus sing tak wartakké. Kabar apik iki ana hubungané karo rahasia suci sing wis suwé didhelikké nanging saiki wis dibukak karo Gusti Allah.
it-2-IN 936 ¶3
Ngerti Sakdurungé; Netepké Sakdurungé
Mésias, utawa Kristus, bakal dadi keturunan sing dijanjèkké lan bakal mberkahi kabèh wong sing setya. (Gal 3:8, 14) Keturunan kuwi mulai disebutké sakwisé Adam lan Hawa ora manut karo Yéhuwah ing Taman Èden, ning sakdurungé Habèl lair. (Pd 3:15) Wektu kuwi durung ana sing ngerti sapa sing bakal dadi keturunan sing dijanjèkké nganti kira-kira 4.000 taun sakwisé kuwi. Dadi, ”rahasia suci” kuwi bener-bener ”wis suwé didhelikké”.—Rm 16:25-27; Éf 1:8-10; 3:4-11.
Maca Alkitab
(Roma 15:1-16) Kita sing kuwat kudu nanggung kelemahané wong sing ora kuwat, lan aja mung nyenengké awaké dhéwé. 2 Ayo kita padha nyenengké wong liya, lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong-wong kuwi, 3 merga Kristus waé ora nyenengké dhèwèké dhéwé. Bab dhèwèké, Kitab Suci kandha, ”Aku nanggung bab-bab sing diomongké lan ditindakké wong kanggo ngèlèk-èlèk Panjenengan.” 4 Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn, ditulis kanggo mulang kita lan mènèhi kita pangarep-arep, merga Tulisan-Tulisan Suci kuwi mbantu kita isa tekun lan mènèhi kita panglipuran. 5 Muga-muga, Gusti Allah sing mbantu kita tekun lan éntuk panglipuran, maringi saben wong ing antaramu pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus, 6 sing isa nggawé kowé nyawiji lan kanthi tunggal swara ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti kita, Yésus Kristus. 7 Mula tampanen siji lan sijiné, padha kaya Kristus uga wis nampa kowé, supaya Gusti Allah diluhurké. 8 Aku ngandhani kowé nèk Kristus wis dadi pelayané wong-wong Yahudi kanggo nduduhké nèk pangandikané Gusti Allah kuwi mesthi bener lan kanggo ngukuhké janji-janjiné Gusti Allah marang para leluhuré wong-wong kuwi, 9 lan nggawé bangsa-bangsa liya padha ngluhurké Gusti Allah merga welas asihé. Kaya ayat sing kandha, ”Kuwi sebabé aku bakal ngakoni Panjenengan kanthi blaka ing antarané bangsa-bangsa, lan aku bakal nyanyi kanggo muji asmané Panjenengan.” 10 Ayat liya uga kandha, ”Bangsa-bangsa, padha bungaha bareng karo umaté Panjenengané.” 11 Ayat liyané manèh kandha, ”Kabèh bangsa, pujinen Yéhuwah, lan muga-muga kabèh suku bangsa muji Panjenengané.” 12 Yésaya uga kandha, ”Ana wong saka keluargané Isai sing bakal teka lan mréntah akèh bangsa, lan bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang dhèwèké.” 13 Muga-muga Gusti Allah, sing maringi kowé pangarep-arep, nggawé kowé bener-bener bungah lan ngrasakké katentreman merga kowé percaya marang Panjenengané, supaya nganggo kuwasané roh suci pangarep-arepmu isa saya dikuwatké. 14 Sedulur-sedulur, aku dhéwé yakin nèk kowé uga sugih kabecikan lan pangertèn, lan kowé uga isa mènèhi naséhat marang siji lan sijiné. 15 Nanging, kanthi terus terang, aku nulis marang kowé sapérangan bab kanggo pangéling-éling. Merga Gusti Allah wis nduduhké marang aku welas asihé sing nggumunké, 16 aku isa dadi abdiné Kristus Yésus lan ngumumké kabar apik kanggo kabèh bangsa. Aku nindakké gawéan sing suci iki supaya wong-wong saka bangsa-bangsa liya isa disucèkké liwat roh suci lan dadi kurban sing ditampa Gusti Allah.
18-24 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | 1 KORINTUS 1-3
”Manungsa Jasmani utawa Manungsa Rohani?”
(1 Korintus 2:14, ctn.) Manungsa jasmani ora nampa bab-bab sing disingkapké roh suciné Gusti Allah, merga dhèwèké nganggep kuwi tanpa guna. Dhèwèké ora isa ngerti bab-bab kuwi merga bab-bab kuwi kudu ditliti nganggo tuntunané roh suci.
Apa Tegesé Dadi Manungsa Rohani?
4 Manungsa jasmani niru sikapé wong-wong ing donya iki sing mung mikirké pepénginané dhéwé. Paulus kandha nèk sikap kuwi ”mengaruhi cara mikiré wong-wong sing ora manut”. (Éf. 2:2) Wong-wong kuwi ora perduli karo pathokané Gusti Allah lan nindakké apa sing dhèwèké anggep bener. Manungsa jasmani uga nganggep nèk dhuwit, jabatan, lan haké luwih penting ketimbang apa waé.
5 Manungsa jasmani nindakké bab-bab sing disebut Alkitab ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa”. (Gal. 5:19-21) Ing surat sing sepisanan kanggo jemaat ing Korintus, Paulus nyebutké sikap-sikap manungsa jasmani yaiku seneng padu, seneng nuntut ing pengadilan, ora seneng manut, lan ngutamakké mangan sarta ngombé ing uripé. Manungsa jasmani gampang kegodha kanggo nindakké bab sing salah. (WB. 7:21, 22) Yudas kandha nèk manungsa jasmani isa kélangan roh suciné Yéhuwah.—Yud. 18, 19.
(1 Korintus 2:15, 16, ctn.) Nanging manungsa rohani nliti samubarang kabèh, lan ora ana sing isa ngadili dhèwèké. 16 Kitab Suci kandha, ”Sapa sing isa ngerti pikirané Yéhuwah kok nganti isa mulang Panjenengané?” Senajan ngono, kita nduwé pikirané Kristus.
Apa Tegesé Dadi Manungsa Rohani?
6 Ning, manungsa rohani ngupaya nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah lan péngin dituntun karo roh suciné. Dhèwèké sinau pandhangané Yéhuwah ing kabèh bab lan ngetrapké kuwi ing uripé. (Éf. 5:1) Dhèwèké ngrasa luwih cedhak marang Yéhuwah. Ora kaya manungsa jasmani, manungsa rohani manut kabèh pathokané Yéhuwah. (Ms. 119:33; 143:10) Dhèwèké ora nindakké ”tumindak sing dihasilké badan sing dosa” ning ngupaya kanggo nduwé ”woh sing dihasilké roh suci”. (Gal. 5:22, 23) Wong-wong sing ngajèni bab-bab rohani kuwi manungsa rohani.
Apa Tegesé Dadi Manungsa Rohani?
15 Piyé carané kita isa niru Yésus? Ing 1 Korintus 2:16 kandha nèk kita perlu nduwé ”pikirané Yésus”. Roma 15:5 uga ngandhakké bèn kita nduwé ”pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus”. Mula, kita kudu ngerti tenan cara mikiré, perasaané, lan tumindaké Yésus. Apa sebabé iki penting? Yésus ngutamakké hubungané karo Yéhuwah. Dadi nèk kita niru Yésus, kita isa luwih cedhak karo Yéhuwah.
Wulangan Penting
(1 Korintus 1:20) Ing ngendi wong sing wicaksana? Ing ngendi para ahli Taurat? Ing ngendi wong-wong sing pinter bebantahan ing donya iki? Gusti Allah kan wis nduduhké nèk kawicaksanané donya iki tanpa guna, ta?
it-1-IN 934 ¶4
Kawicaksanan
Dadi, donya iki nganggep persedhiaané Gusti Allah liwat Yésus kuwi bab sing tanpa guna. Pamréntah sing kétoké pinter ing donya iki ya malah ”matèni Gusti kita sing mulya”. (1Kor 1:18; 2:7, 8) Ning, Gusti Allah mbuktèkké nèk kawicaksanané donya kuwi bab sing tanpa guna. Gusti Allah nggawé wong-wong sing dianggep pinter dadi isin merga Gusti Allah nggunakké ”bab-bab sing tanpa guna” lan wong-wong sing dianggep ’tanpa guna, tanpa daya, lan ora penting’ kanggo nindakké kersané. (1Kor 1:19-28) Rasul Paulus ngandhani jemaat ing Korintus nèk ”kawicaksanané donya iki, [lan] kawicaksanané para panguwasa ing donya iki” bakal sirna. Mula, Rasul Paulus ora ngomongké soal kuwi wektu nginjil. (1Kor 2:6, 13) Rasul Paulus ya ngandhani jemaat ing Kolose bèn aja nganti diapusi karo ”wulangané manungsa [filosofias, artiné, seneng karo kawicaksanan] lan cara mikir sing salah sing dhasaré tradhisiné manungsa”.—Kol 2:8; bandhingna ayat 20-23.
(1 Korintus 2:3-5) Wektu aku teka marani kowé, aku tanpa daya, wedi, lan ndredheg banget. 4 Wektu aku ngomong lan mulang, aku ora ngomong nganggo tembung-tembung wicaksana sing ngyakinké, nanging nganggo tembung-tembung sing mbuktèkké kuwasané roh suci, 5 supaya kowé nduwé iman marang kuwasané Gusti Allah, dudu marang kawicaksanané manungsa.
w08-IN 15/7 27 ¶6
Piwulang Penting saka Buku Korintus
2:3-5. Korintus kuwi kutha sing dadi pusat ajarané wong Yunani. Wektu nginjil ing kono, mungkin Paulus kuwatir apa dhèwèké isa nggawé wong liya yakin. Ning, Paulus ora nganggep kelemahan lan rasa wediné dadi alangan kanggo nginjil. Awaké dhéwé ya ngono. Aja nganti keadaané awaké dhéwé ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo nginjil. Awaké dhéwé kudu niru Rasul Paulus sing njaluk bantuané Yéhuwah.
Maca Alkitab
(1 Korintus 1:1-17) Saka Paulus, sing dipilih dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Sostenes sedulur kita, 2 kanggo jemaaté Gusti Allah ing Korintus, sing wis disucèkké kanggo nyawiji karo Kristus Yésus lan dilantik kanggo dadi wong-wong suci, uga kanggo kabèh wong ing ngendi-endi sing nyebut marang jenengé Gusti Yésus Kristus, yaiku Gusti kita. 3 Muga-muga kowé kabèh nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus. 4 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah, merga Panjenengané wis maringi kowé kabèh welas asih sing nggumunké liwat Kristus Yésus. 5 Kowé wis nyawiji karo Kristus, mula kowé nampa kabèh perkara, klebu kesanggupan kanggo isa martakké lan isa ngerti tenan pangandikané Gusti Allah, 6 merga kesaksian bab Kristus wis bener-bener ngoyod ing antaramu. 7 Kuwi sebabé, kowé ora kekurangan apa-apa saksuwéné kowé ngentèni Gusti kita Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 8 Gusti Allah uga bakal nggawé kowé kabèh tetep kuwat nganti pungkasan, supaya sukmbèn wektu Gusti kita Yésus Kristus teka, ora ana sing nduwé dhasar kanggo nudhuh kowé. 9 Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané sing wis nglantik kowé kabèh kanggo dadi kanca nyambut gawéné Putrané, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita. 10 Sedulur-sedulur, ing jenengé Gusti kita Yésus Kristus, aku nyuwun supaya kowé bener-bener nyawiji ing bab omongan lan aja nganti ana cecongkrahan ing antaramu. Kowé kabèh kudu bener-bener nduwé pikiran lan pendapat sing padha. 11 Sedulur-sedulur, ana sapérangan wong saka keluargané Kloé ngandhani aku nèk ana bebantahan ing antaramu. 12 Maksudku ngéné, sing siji kandha, ”Aku pengikuté Paulus.” Sing liyané kandha, ”Aku pengikuté Apolos.” Ana manèh sing kandha, ”Aku pengikuté Kéfas.” Sing liyané manèh kandha, ”Aku pengikuté Kristus.” 13 Apa jemaaté Kristus wis kepisah-pisah dadi pirang-pirang golongan? Paulus ora dipatèni ing cagak kanggo kowé, ta? Utawa, apa kowé dibaptis nganggo jenengé Paulus? 14 Aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga aku ora mbaptis sapa-sapa ing antaramu kejaba mung Krispus lan Gayus, 15 supaya ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing isa ngomong nèk kowé dibaptis nganggo jenengku. 16 Sakliyané kuwi, aku uga mbaptis kabèh sing ana ing omahé Stéfanas. Sak élingku, ya mung wong-wong kuwi sing tak baptis. 17 Aku diutus Kristus kanggo martakké kabar apik, ora kanggo mbaptis wong. Aku uga ora diutus kanggo martakké nganggo tembung-tembungé wong sing wicaksana, supaya cagak paukumané Kristus ora dadi tanpa guna.
25-31 MARET
SINAU SAKA ALKITAB | 1 KORINTUS 4-6
”Ragi Sathithik Isa Nyebar ing Kabèh Adonan”
(1 Korintus 5:1, 2) Aku krungu nèk ing antaramu ana sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, yaiku wong lanang sing njupuk bojoné bapaké. Hubungan sèks sing ora sah kaya ngono kuwi malah ora tau kelakon ing antarané bangsa-bangsa. 2 Nanging kuwi malah nggawé kowé bangga. Kuduné kowé padha sedhih lan nyingkirké wong sing nindakké dosa kuwi saka antaramu, ta?
(1 Korintus 5:5-8) pasrahna wong kaya ngono kuwi marang Sétan, supaya pengaruhé sing ala disirnakké lan kahanan rohaniné jemaat tetep kejaga saksuwéné dinané Gusti. 6 Ora pantes nèk kowé bangga kaya ngono. Apa kowé ora ngerti nèk ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan? 7 Buwangen ragi sing lawas supaya kowé dadi adonan sing anyar, merga kowé kabèh wis bébas saka ragi wiwit Kristus dikurbanké. Kristus kuwi Cempé Paskah kita. 8 Mula, ayo kita padha ngrayakké riyaya sakbanjuré ora nganggo ragi sing lawas utawa ragi dosa lan sing ala, nanging nganggo roti tanpa ragi sing nglambangké kabecikan lan apa sing bener.
(1 Korintus 5:13) lan Gusti Allah sing ngadili wong ing njaba jemaat? ”Singkirna wong sing tumindak ala kuwi saka ing antaramu.”
it-2-IN 607
Ragi
Wektu ngongkon jemaat ing Korintus ngetokké sedulur sing nindakké dosa saka jemaat, Rasul Paulus nggunakké perumpamaan sing padha. Rasul Paulus kandha, ”Apa kowé ora ngerti nèk ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan? Buwangen ragi sing lawas supaya kowé dadi adonan sing anyar, merga kowé kabèh wis bébas saka ragi wiwit Kristus dikurbanké. Kristus kuwi Cempé Paskah kita.” Terus, dhèwèké njelaské apa maksudé ”ragi”. Dhèwèké kandha, ”Mula, ayo kita padha ngrayakké riyaya sakbanjuré ora nganggo ragi sing lawas utawa ragi dosa lan sing ala, nanging nganggo roti tanpa ragi sing nglambangké kabecikan lan apa sing bener.” (1Kor 5:6-8) Wektu kuwi, Paulus lagi ngélingké wong-wong soal apa sing dilambangké karo Perayaan Roti Tanpa Ragi, yaiku perayaan sing dirayakké sakwisé Paskah. Kaya adonan sing isa ngembang merga kecampur karo adonan sing wis kena ragi, Yéhuwah isa nganggep jemaat Kristen dadi najis nèk ora ngetokké wong sing nindakké dosa saka jemaat. Kaya wong Israèl sing nyingkirké ragi wektu perayaan kuwi, jemaat ing Korintus ya kudu nyingkirké ”ragi” saka jemaat.
it-2-IN 797
Sétan
Apa maksudé ’masrahké wong kaya ngono kuwi marang Sétan, supaya dagingé sirna’?
Rasul Paulus ngongkon jemaat ing Korintus ngetokké sedulur sing nikah karo bojoné bapaké. Dhèwèké kandha, ”Pasrahna wong kaya ngono kuwi marang Sétan, supaya dagingé sirna.” (1Kor 5:5, ctn.) Jemaat ing Korintus dikon ngetokké wong kuwi saka jemaat, maksudé ora bergaul manèh karo dhèwèké. (1Kor 5:13) Masrahké wong kuwi marang Sétan berarti ngetokké wong kuwi saka jemaat bèn wong kuwi dadi bagéan saka donyané Sétan. Kaya ”ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan”, wong kuwi kaya ’daging’ ing jemaat. Jemaat isa mbuwang ’daging’, nèk wong sing nindakké dosa kuwi ditokké saka jemaat. (1Kor 5:6, 7) Rasul Paulus ya tau nindakké kuwi. Dhèwèké tau masrahké Himénéus lan Alèksander marang Sétan merga wong-wong kuwi nindakké sing ora cocog karo iman lan hati nurani sing apik, lan kuwi nggawé imané wong-wong mau dadi kaya kapal sing kèrem.—1Tim 1:20.
(1 Korintus 5:9-11) Aku wis nulis surat marang kowé supaya kowé mandheg sesrawungan karo wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah. 10 Sing tak maksudké kuwi dudu mandheg sesrawungan karo kabèh wong ing donya iki sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, utawa wong sing srakah, rampok, lan wong sing nyembah brahala, merga nèk kaya ngono, kowé mesthi kudu metu saka donya iki. 11 Saiki, aku nulis surat iki supaya kowé kabèh mandheg sesrawungan karo sedulur seiman sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, sing srakah, sing nyembah brahala, sing seneng ngrèmèhké, sing seneng mendem, utawa sing ngrampok, malah aja mangan bareng karo wong kaya ngono kuwi.
lvs 241, cathetan
Ditokké saka Jemaat
Wong sing nindakké dosa gedhé lan ora gelem mertobat kudu ditokké saka jemaat. Awaké dhéwé ora éntuk urusan lan omongan karo wong kuwi. (1 Korintus 5:11; 2 Yohanes 9-11) Nèk wong sing nglanggar pathokané Yéhuwah ditokké saka jemaat, kuwi isa nglindhungi jemaat lan njaga bèn Yéhuwah tetep diluhurké. (1 Korintus 5:6) Kuwi ya mbantu bèn wong mau isa mertobat lan ngibadah manèh marang Yéhuwah.—Lukas 15:17.
▸ Bab 3, paragraf 19
Wulangan Penting
(1 Korintus 4:9) Kaya-kayané, Gusti Allah wis ndadèkké aku kabèh, yaiku para rasul, dadi kelompok sing pungkasan sing dilebokké ing stadion kanggo dadi tontonan, merga aku kabèh wis divonis mati. Aku kabèh ditonton karo donya, malaékat, lan manungsa.
w09-IN 15/5 24 ¶16
Malaékat Kuwi ”Makhluk Roh sing Nindakké Tugas Suci”
16 Wong Kristen sing ngadhepi kesusahan kuwi ’ditonton karo malaékat’. (1 Kor. 4:9) Para malaékat seneng banget nèk ndelok manungsa tetep setya lan nèk ana wong dosa sing mertobat. (Luk. 15:10) Para malaékat ya nggatèkké para sedulur wédok sing manut. Alkitab ngomong, ”Demi para malaékat, wong wadon kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané.” (1 Kor. 11:3, 10) Para malaékat seneng banget wektu ndelok nèk para sedulur wédok lan umaté Yéhuwah sing liyané padha manut. Kuwi isa dadi conto sing apik kanggo para malaékat.
(1 Korintus 6:3) Apa kowé ora ngerti nèk kita bakal ngadili para malaékat? Dadi, ngapa kok masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki ora isa kita tangani?
it-1-IN 976
Hukum
Hukum kanggo Para Malaékat. Para malaékat nduwé kedudukan sing luwih dhuwur ketimbang manungsa. Ning, para malaékat tetep manut karo hukum lan préntahé Yéhuwah. (Ibr 1:7, 14; Ms 104:4) Yéhuwah ya mènèhi préntah lan larangan kanggo Sétan. (Ay 1:12; 2:6) Mikhaèl sing dadi pemimpiné para malaékat ya nduduhké nèk manut karo Yéhuwah. Wektu padu karo Sétan, Mikhaèl kandha, ”Muga-muga Yéhuwah ngadili kowé.” (Yud 9; bandhingna Za 3:2.) Yéhuwah ya ngongkon para malaékat manut Yésus Kristus. (Ibr 1:6; 1Ptr 3:22; Mat 13:41; 25:31; Flp 2:9-11) Ana malaékat sing nemoni Yohanes merga dikon karo Yésus. (Why 1:1) Ning, Rasul Paulus ngomong ing 1 Korintus 6:3 nèk wong Kristen terurap dikon ngadili para malaékat merga wong-wong kuwi ya bakal mèlu ngadili para malaékat sing ora manut.
Maca Alkitab
(1 Korintus 6:1-14) Wektu kowé padha udur-uduran, ngapa kowé kok nganti lunga menyang pengadilan kanggo diadili karo wong-wong sing ora manut hukumé Gusti Allah, lan ora diadili karo wong-wong suci? 2 Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong suci bakal ngadili donya? Nèk kowé bakal ngadili donya iki, apa kowé ora isa ngadili perkara-perkara sing cilik? 3 Apa kowé ora ngerti nèk kita bakal ngadili para malaékat? Dadi, ngapa kok masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki ora isa kita tangani? 4 Nèk ana masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki lan kudu ditangani, ngapa kok kowé milih wong-wong sing ora ditampa karo jemaat kanggo dadi hakim tumrap kowé? 5 Aku ngomong kaya ngono supaya kowé isin. Apa ing antaramu ora ana siji-sijia wong sing wicaksana, sing isa nangani masalah sing kelakon ing antarané para seduluré? 6 Nanging, kowé malah nglawan sedulur-sedulurmu ing pengadilan, ing ngarepé wong-wong sing ora seiman! 7 Sakjané, kuwi tegesé kowé wis kalah nèk kowé padha nuntut siji lan sijiné ing pengadilan. Apa ora luwih becik kowé ngejarké waé awakmu digawé rugi karo wong liya? Ngapa kok kowé ora ngejarké waé awakmu diapusi? 8 Kowé malah nggawé rugi lan ngapusi sedulur-sedulurmu! 9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kratoné Allah? Aja padha ngapusi awakmu dhéwé! Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah, wong sing nyembah brahala, wong sing laku jina, wong lanang sing gelem digunakké kanggo homosèks, wong lanang sing nindakké homosèks, 10 maling, wong sing srakah, wong sing seneng mabuk, wong sing seneng ngrèmèhké, lan rampok ora bakal nampa warisan Kratoné Allah. 11 Mbiyèn, cara uripé sapérangan wong ing antaramu kaya ngono. Nanging saiki kowé wis digawé resik, digawé suci lan dianggep bener ing jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allah kita. 12 Kanggoku, kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh maédahi. Senajan kanggoku kabèh bab éntuk ditindakké, aku ora gelem dikendhalèni apa waé. 13 Panganan kuwi kanggo weteng, lan weteng kanggo panganan, nanging loro-loroné bakal dipungkasi karo Gusti Allah. Badan kuwi ora kanggo hubungan sèks sing ora sah nanging kanggo kepentingané Gusti, lan Gusti kanggo kepentingané badan. 14 Gusti Allah wis nguripké manèh Gusti, lan Panjenengané uga bakal nguripké manèh kita nganggo kuwasané.