PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 Mei hlm. 1-9
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 6-​12 MEI
  • 13-​19 MEI
  • 20-​26 MEI
  • 27 MEI–2 JUNI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 Mei hlm. 1-9

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

6-​12 MEI

SINAU SAKA ALKITAB | 2 KORINTUS 4-6

”Kita Ora Nyerah”

(2 Korintus 4:​16) Kuwi sebabé kita ora nyerah. Senajan badan kita saya suwé saya rusak, nanging ati lan pikiran kita saya dianyarké saben dinané.

w04-IN 15/8 25 ¶16-​17

Kesel ning Ora Nganti Nyerah

16 Njaga kerohanian tetep apik kuwi penting banget. Nèk nduwé hubungan akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal mandheg nyembah Yéhuwah senajan mungkin badané kesel. Yéhuwah kuwi sing ”paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya”. (Yésaya 40:​28, 29) Rasul Paulus wis mbuktèkké nèk kata-kata kuwi bener. Dhèwèké nulis, ”Kita ora nyerah. Senajan badan kita saya suwé saya rusak, nanging ati lan pikiran kita saya dianyarké saben dinané.”​—⁠2 Korintus 4:​16.

17 Gatèkna kata-kata ”saben dinané”. Iki maksudé nggunakké persediaan saka Yéhuwah saben dinané. Ana utusan injil sing wis ngabdi suwéné 43 taun. Kadhang kala, dhèwèké ngrasa badané kesel lan dadi cilik ati. Tapi, dhèwèké ora nyerah. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngupaya tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga lan maca Alkitab sakdurungé nindakké kegiatan apa waé. Kebiasaan iki sing nggawé aku isa tetep setya nganti saiki.” Awaké dhéwé isa bener-bener ngendelké kekuwatan saka Yéhuwah nèk ndonga lan ngrenungké janji-janji lan sipat-sipaté Yéhuwah ”saben dinané”.

(2 Korintus 4:​17) Kasangsaran sing kita adhepi kuwi mung kanggo sawetara wektu waé lan ora abot. Kuwi malah nggawé kita nampa kamulyan sing unggul banget, gedhé, lan langgeng.

it-2-IN 1004

Tekun

Awaké dhéwé ya kudu terus ngéling-éling harapané wong Kristen, yaiku urip sakterusé tanpa dosa. Malah, harapan iki ora bakal ilang senajan awaké dhéwé dipatèni para penentang. (Rm 5:​4, 5; 1Tés 1:3; Why 2:​10) Kesusahan sing awaké dhéwé alami saiki ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo harapan kuwi. (Rm 8:​18-​25) Nèk dibandhingké karo urip abadi, kabèh masalah sing abot kuwi ”mung kanggo sawetara wektu waé lan ora abot”. (2Kor 4:​16-​18) Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat soal harapan masa depan lan éling nèk masalah sing diadhepi kuwi mung sementara. Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal tetep setya karo Yéhuwah lan ora nyerah.

(2 Korintus 4:​18) Kita ora terus nggatèkké perkara-perkara sing kita delok, nanging terus nggatèkké perkara-perkara sing ora kita delok, merga perkara-perkara sing kétok kuwi mung kanggo sawetara wektu waé, nanging perkara-perkara sing ora kétok kuwi langgeng.

Wulangan Penting

(2 Korintus 4:⁠7) Aku kabèh nduwé tugas istiméwa iki, senajan aku kabèh mung kaya wadhah sing digawé saka lempung nanging isiné bandha sing aji. Iki kanggo nduduhké nèk kesanggupan sing nggumunké sing padha tak duwèni iki asalé saka Gusti Allah, dudu saka awakku dhéwé.

w12-IN 1/2 28-​29

”Nggawé Yéhuwah Bahagia”

David Splane saka Pengurus Pusat mbahas soal téma iki. (2 Korintus 4:⁠7) Apa sing dimak­sud bandha sing aji? Apa kuwi pengetahuan utawa kawicaksanan? David Splane ngomong, ”Dudu.” Dhèwèké terus njelaské, ”Bandha sing aji sing dimaksud Paulus yaiku ’tugas suci’ kanggo ’nggawé wulangan sing bener dadi kétok cetha’.” (2 Korintus 4:​1, 2, 5) Sedulur Splane ngélingké para siswa nèk tujuan sekolah sing suwéné limang sasi kuwi kanggo persiapan bèn isa nindakké tugas khusus ing pelayanan. Tugas kuwi berharga banget.

Sing ceramah njelaské nèk sing dimaksud karo ”wadhah sing digawé saka lempung” kuwi badan jasmaniné awaké dhéwé. Sing ceramah mban­dhingké wadhah saka lempung karo wadhah saka emas. Wadhah saka emas kuwi jarang digunakké. Ning, nèk wadhah saka lempung kuwi pancèn digawé bèn kerep digunakké. Nèk nyim­pen harta ing njero wadhah saka emas, awaké dhéwé mungkin ora mung nggatèkké hartané, ning ya wadhahé. Sedulur Splane ngomong, ”Aja nganti narik perhatiané wong liya marang njenengan. Njenengan kuwi utusan injil, mula kudu mbantu wong-wong bèn isa akrab karo Yéhuwah. Njenengan kuwi wadhah saka lempung sing sederhana.”

(2 Korintus 6:​13) Aku ngomong marang kowé kabèh kaya marang anakku dhéwé. Tulung tindakna sing padha marang aku kabèh. Bukaken atimu sak amba-ambané.

w09-IN 15/11 21 ¶7

Terus Nduduhké Rasa Sayang karo Seduluré

7 Nèk awaké dhéwé piyé? Piyé carané ’mbukak ati sak amba-ambané’ kanggo nduduhké rasa sayang karo para sedulur? Awaké dhéwé mungkin luwih gampang akrab karo sedulur sing sak umuran utawa nduwé latar belakang sing padha. Awaké dhéwé ya biasané kerep bergaul karo sedulur sing nduwé hobi sing padha. Ning, nèk kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ora cedhak karo sedulur-sedulur liyané, awaké dhéwé kudu ’mbukak ati sak amba-ambané’. Awaké dhéwé isa mikirké pitakonan iki: ’Apa aku jarang ngin­jil bareng utawa bergaul karo para sedulur sing dudu kanca cedhakku? Ing Balé Ibadah, apa aku jarang bergaul karo wong-wong anyar sing lagi waé gabung merga péngin bèn wong-wong kuwi mbuktèkké dhisik nèk pantes dadi kancaku? Apa aku seneng ngejak omong-omongan sedulur-sedulur sing luwih tuwa lan luwih enom ing jemaat?’

Maca Alkitab

(2 Korintus 4:​1-​15) Gusti Allah wis welas asih maringi tugas suci iki marang aku kabèh, mula aku kabèh ora nyerah. 2 Aku kabèh padha nolak tumindak sing ngisin-isini, sing didhelik-dhelikké. Aku kabèh uga ora tumindak licik utawa ngowahi pangandikané Gusti Allah. Nanging, aku kabèh nggawé wulangan sing bener dadi kétok cetha, lan kuwi sebabé ing ngarsané Gusti Allah aku kabèh dadi conto sing apik kanggo saben wong. 3 Nèk kabar apik pancèn didhelikké, kuwi didhelikké saka antarané wong-wong sing arep disirnakké, 4 yaiku wong-wong sing ora nduwé iman, sing pikirané digawé peteng karo allahé donya iki. Kuwi sebabé wong-wong kuwi ora isa ndelok cah­yané kabar apik sing mulya yaiku kabar bab Kristus, sing nduduhké marang kita kaya apa Gusti Allah kuwi. 5 Aku kabèh ora martakké bab awakku dhéwé, nanging aku martakké nèk Yésus Kristus kuwi Gusti, lan aku kabèh iki budhakmu demi Yésus. 6 Mbiyèn Gusti Allah ngendika, ”Saka ing pepeteng, dadia pepadhang”, lan saiki Panjenengané wis madhangi ati kita nganggo pangertèn sing mulya bab Pan­jenengané, sing sumunar liwat Kristus. 7 Aku kabèh nduwé tugas istiméwa iki, senajan aku kabèh mung kaya wadhah sing digawé saka lem­pung nanging isiné bandha sing aji. Iki kanggo nduduhké nèk kesanggupan sing nggumunké sing padha tak duwèni iki asalé saka Gusti Allah, dudu saka awakku dhéwé. 8 Akèh masalah sing ngepung aku kabèh saka ngendi-endi, nanging ora nggawé aku kabèh nganti ora isa obah. Aku bingung, nanging mesthi ana cara kanggo ngatasi kuwi kabèh. 9 Aku kabèh dianiaya, nanging Gusti Allah ora ninggalké aku. Aku kabèh dian­temi nganti tiba, nanging ora mati. 10 Ing ngendi waé aku kabèh tansah ngadhepi bahaya arep dipatèni kaya sing diadhepi Yésus, mula uripé Yésus dadi nyata ing badané aku kabèh. 11 Ing urip, aku kabèh tansah ngadhepi pati demi Yésus, mula uripé Yésus dadi nyata ing badané aku kabèh. 12 Aku kabèh tansah ngadhepi pati, nanging kuwi ngasilké urip kanggo kowé. 13 Ana ayat sing kandha, ”Aku nduwé iman, kuwi sebabé aku ngomong.” Aku kabèh uga nduduhké nèk nduwé iman sing padha, kuwi sebabé aku kabèh ngomong. 14 Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah, sing nguripké manèh Yésus, uga bakal nguripké manèh aku kabèh kanggo bareng karo Yésus lan nggawa kita marang Yésus. 15 Kuwi kabèh kelakon kanggo kepenting­anmu, merga nèk ana luwih akèh wong sing ngluhurké Gusti Allah kanthi cara ngucap sokur marang Panjeneng­ané, welas asihé Gusti Allah sing nggumunké bakal saya luwih lubèr manèh.

13-​19 MEI

SINAU SAKA ALKITAB | 2 KORINTUS 7-​10

”Bantuan kanggo Para Sedulur”

(2 Korintus 8:​1-3) Sedulur-sedulur, saiki aku kabèh péngin kowé padha ngerti bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké, sing diparingké marang jemaat-jemaat ing Makédonia. 2 Saksuwéné wong-wong kuwi padha ngalami kasangsaran sing abot banget, wong-wong kuwi tetep loma lan nduwé kabungahan sing gedhé, senajan wong-wong kuwi miskin banget. 3 Wong-wong kuwi mènèhi miturut kesanggupané, lan malah mènèhi ngluwihi kesanggupané. Aku dhéwé seksiné.

w98-IN 1/11 25 ¶1

”Gusti Allah Nresnani Wong sing Mènèhi kanthi Bungah”

Sakdurungé, Paulus ngandhani wong Korintus soal wong Makédonia. Wong Makédonia pantes dialem merga seneng mènèhi bantuan. Paulus nulis, ”Saksuwéné wong-wong kuwi padha ngalami kasangsaran sing abot banget, wong-wong kuwi tetep loma lan nduwé kabungahan sing gedhé, senajan wong-wong kuwi miskin banget.” Wong Makédonia ora perlu dikongkon. Malah, Paulus ngomong nèk ”wong-wong kuwi terus nyuwun marang aku kabèh supaya éntuk kaurmatan kanggo nyumbang”. Sing ditindakké wong Makédonia kuwi bener-bener luar biasa merga wong-wong kuwi seneng mènèhi senajan ”miskin banget”.​—⁠2 Korintus 8:​2-4.

kr 209 ¶1

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

KIRA-KIRA taun 46 M, nèng Yudéa lagi ana kurang pangan. Wong Kristen Yahudi ing Yudéa ora mampu tuku bahan pangan merga regané larang banget. Para muridé Yésus ing kana kaliren lan uripé susah. Ning, wong-wong Kristen kuwi bakal ngrasakké pangayomané Yéhuwah sing durung tau dirasakké muridé Yésus liyané. Piyé ceritané?

(2 Korintus 8:⁠4) Wong-wong kuwi terus nyuwun marang aku kabèh supaya éntuk kaurmatan kanggo nyumbang lan kanggo mèlu mènèhi bantuan marang para wong suci. Kuwi kabèh ditindakké merga pepénginané wong-wong kuwi dhéwé.

kr 209-​210 ¶4-6

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

4 Ing suraté sing kapindho kanggo wong Kristen nèng Korinta, Paulus njelaské nèk wong Kristen nduwé tugas cacahé loro. Senajan suraté Paulus kuwi kanggo wong Kristen pilihan, ning pathokan ing surat kuwi uga isa ditrapké kanggo ”wedhus liyané”. (Yo. 10:16) Tugas suci sing kapisan yaiku ”ayahan [utawa, tugas] karukunan”. Kuwi ditindakké liwat gawéan nginjil lan mulang. (2 Kr. 5:​18-​20; 1 Tm. 2:​3-6) Tugas kapindho yaiku mbantu sedulur seiman. Paulus kandha bab tugas kuwi ”ayahan ngladèni marang para suci”. (2 Kr. 8:⁠4) Ukara ”ayahan karukunan” lan ”ayahan ngladèni marang para suci”, padha-padha nggunakké tembung ”ayahan” sing basa Yunaniné, yaiku di·a·ko·niʹa. Apa piwulangé?

5 Merga nggunakké tembung Yunani sing padha kanggo tugas-tugas ing jemaat lan mènèhi ban­tuan kemanusiaan, Paulus nduduhké nèk rong tugas kuwi padha pentingé. Sakdurungé, Paulus kandha, ”Wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji. Apadéné kang katindakaké iku manéka warna, . . . Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Sang Roh siji iku uga.” (1 Kr. 12:​4-6, 11) Dadi, Paulus nerangké nèk kabèh tugas ing jemaat kuwi tugas suci. (Rm. 12:​1, 6-8) Mula, Paulus ngrasa nèk kudu nyedhiyakké wektu kanggo ”ngladosi umaté Gusti Allah”.​—⁠Rm. 15:​25, 26, BJP.

6 Paulus mbantu wong-wong Kristen ing Korinta bèn paham nèk bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka tugas suci lan ibadah marang Yéhuwah. Paulus nerangké nèk wong Kristen nyedhiyakké bantuan kaya ngono ’merga setya marang Injilé Sang Kristus’. (2 Kr. 9:​13, BJP) Mula, wong Kristen mbantu sedulur seimané merga péngin ngetrapké wulangané Kristus. Pau­lus nerangké nèk tumindak kanggo mbantu sedulur seiman kuwi bukti ”sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr”. (2 Kr. 9:14; 1 Pt. 4:​10) Bab nyedhiyakké bantuan kanggo para sedulur sing ngalami kasusahan, klebu nèk pas ana bencana, majalah The Watchtower 1 Desember 1975 kandha, ”Awaké dhéwé yakin tenan nèk Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus nganggep penting tugas kuwi.” Cetha banget nèk mènèhi bantuan kemanusiaan kuwi salah siji tugas suci.—Rm. 12:​1, 7; 2 Kr. 8:7; Ib. 13:⁠16.

(2 Korintus 9:⁠7) Saben wong apiké mènèhi miturut apa sing wis diputuské ing njero atiné, ora kanthi nggrundel utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing mènèhi kanthi bungah.

kr 196 ¶10

Carané Gawéan Kratoné Allah Diragadi

10 Kapisan, awaké dhéwé mènèhi sumbangan saka lilané ati merga nresnani Yéhuwah lan péngin ”nglakoni apa kang ndadèkaké keparengé”. (1 Yo. 3:​22) Yéhuwah bakal seneng nèk umaté ngekèki saka lilané ati. Ayo ngrembug omongané rasul Paulus bab sikapé wong Kristen pas ngekèki sumbangan. (Wacanen 2 Korinta 9:⁠7.) Wong Kristen sejati mènèhi sumbangan ora merga kepeksa, ning merga ”rilaning atiné”. Tegesé, wektu ngerti ana kebutuhan sing perlu diragadi, dhèwèké bakal ngekèki sumbangan sakwisé mikirké tenanan carané bèn isa nyumbang. Yéhuwah nganggep wong kuwi aji, merga ”Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila”.

Wulangan Penting

(2 Korintus 9:​15) Aku matur nuwun marang Gusti Allah merga saking gedhéné anugrahé nganti ora isa dijelaské nganggo tembung-tembung.

w16.01 12 ¶2

Ngajèni Hadiahé Yéhuwah sing Paling Aji

2 Paulus ngerti kurban tebusané Yésus njamin nèk kabèh janjiné Yéhuwah mesthi kelakon. (Wacanen 2 Korinta 1:​20.) ”Sih-peparingé sing semono gedhéné” saka Gusti Allah kuwi, klebu tebus­ané Yésus, lan sipat apikan lan tresnané Yéhuwah kanggo manungsa mbésuk. Ajiné hadiah saka Yéhuwah kuwi ora isa dibayangké. Piyé perasaané awaké dhéwé bab kuwi? Apa pengaruhé hadiahé Yéhuwah kuwi kanggo awaké dhéwé, wektu nyiapké Pèngetan Sédané Yésus, dina Rebo tanggal 23 Maret 2016?

(2 Korintus 10:17) ”Sapa sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.”

g99-IN 8/7 20-​21

Apa Sikap Sombong Kuwi Salah?

Ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, kata kerja ­kaukhaʹomai sing diterjemahké dadi ”bangga, seneng banget”. Kata kuwi artiné isa positif lan negatif. Paulus ngomong nèk awaké dhéwé isa ”bungah merga nduwé pangarep-arep dimulyakké Gusti Allah”. Paulus ya ngandhani, ”Sapa sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.” (Roma 5:2; 2 Korintus 10:17) Kuwi maksudé awaké dhéwé bangga nyembah Yéhuwah, yaiku Gusti Allah sing nduwé jeneng lan réputasi sing apik.

Maca Alkitab

(2 Korintus 7:​1-​12) Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, merga kita wis nampa janji-janji kuwi, ayo padha nyucèkké urip kita saka apa waé sing nggawé najis badan lan pikiran kita, supaya anggon kita dadi suci kuwi saya sampurna merga wedi marang Gusti Allah. 2 Wènèhana aku kabèh panggon ana ing atimu. Aku ora nduwé salah marang sapa waé, ora ngrusak sapa waé, lan aku ora nggolèk untung saka sapa waé. 3 Aku ngomongké iki ora kanggo nyalahké kowé kabèh, merga kaya sing wis tak omongké sakdurungé, kowé padha ana ing atiku, ora soal kita urip utawa kita mati. 4 Aku isa ngomong kanthi bébas marang kowé, lan aku bangga marang kowé. Aku kebak panglipuran, lan aku ngrasakké kabungahan kanthi lubèr ing kabèh kasangsaran sing padha tak alami. 5 Sakjané, wektu aku kabèh tekan ing Makédonia, aku kabèh ora ngrasa tenang, lan aku kabèh terus ngalami akèh kasangsaran. Wong-wong padha nentang aku kabèh, lan aku kabèh uga kuwatir bab jemaat. 6 Nanging, Gusti Allah sing nglipur wong-wong sing atiné semplah, nglipur aku kabèh wektu Titus teka. 7 Aku kabèh kelipur ora mung saka tekané Titus, nanging uga saka panglipuran sing dhèwèké tampa merga kowé kabèh. Dhèwèké ngandhani aku kabèh bab rasa kangenmu marang aku, rasa sedhihmu, lan rasa perdulimu sing tulus marang aku, mula aku saya bungah. 8 Senajan suratku nggawé kowé sedhih, aku ora getun. Wiwitané aku pancèn ngrasa getun merga aku ngerti nèk surat kuwi nggawé kowé sedhih kanggo sawetara wektu. 9 Saiki aku bungah, dudu merga kowé sedhih, nanging merga rasa sedhihmu wis nggawé kowé kabèh padha mertobat. Rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah. Mula, aku kabèh ora nggawé kowé padha rugi. 10 Rasa sedhih sing cocog karo kersané Gusti Allah ngasilké pertobatan sing nuntun marang keslametan, lan kuwi ora bakal digetuni, nanging rasa sedhih donya iki ngasilké pati. 11 Cetha banget nèk rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah, lan kuwi nggawé kowé ngupaya tenanan nindakké apa sing bener. Kowé padha nggawé jenengmu dadi apik manèh, jèngkèl merga tumindak sing salah, wedi marang Gusti Allah, nduwé pepénginan sing tulus, lan nduwé semangat kanggo ndandani kesalahan! Ing bab iki, kowé kabèh padha nindakké apa sing bener. 12 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé kabèh, dudu demi kepentingané wong sing nindakké salah utawa wong sing digawé rugi. Aku nulis kuwi supaya kowé kabèh isa nduduhké ing ngarsané Gusti Allah nèk kowé padha péngin ngrungokké aku kabèh.

20-​26 MEI

SINAU SAKA ALKITAB | 2 KORINTUS 11-​13

”Paulus Nduwé ’Eri ing Njero Daging’ ”

(2 Korintus 12:⁠7) dudu merga perkara-perkara sing nggumunké sing diduduhké marang aku. Supaya ora dadi sombong, aku dikèki eri ing njero daging, kaya-kaya ana malaékaté Sétan sing terus ngamplengi aku, supaya aku ora dadi sombong.

w08-IN 15/6 3-4

Tetep Kuwat Senajan Nduwé Kelemahan

Ana umaté Yéhuwah liyané sing njaluk bèn Yéhuwah ngilangké masalahé sing kaya ”eri ing njero daging”. Nganti ping telu Rasul Paulus njaluk bèn Yéhuwah ngilangké masalahé. Awaké dhéwé ora ngerti apa masalahé. Ning, masalah kuwi kaya eri sing nglarani sing nggawé Paulus dadi ora ngrasa bahagia wektu nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ngrasa kaya lagi ditampar bola-bali. Yéhuwah njawab, ”Welas asih-Ku sing nggumunké wis cukup kanggomu, merga wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Yéhuwah ora ngilangké eri kuwi. Paulus kudu berjuang ngadhepi kuwi. Ning, dhèwèké ngomong, ”Wektu aku tanpa daya, aku dadi kuwat.” (2 Kor. 12:​7-​10) Apa maksudé Paulus?

(2 Korintus 12:​8, 9) Wis ping telu aku nyuwun marang Gusti supaya eri kuwi disingkirké saka aku. 9 Nanging Panjenengané ngendika marang aku, ”Welas asih-Ku sing nggumunké wis cukup kanggomu, merga wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Mula, kanthi seneng aku bakal bangga karo kelemahanku, supaya kuwasané Kristus terus ngayomi aku kaya kémah.

w06-IN 15/12 24 ¶17-​18

Yéhuwah Maringi ”Roh Suci marang Wong sing Nyuwun marang Panjenengané”

17 Yéhuwah njawab dongané Paulus. Yéhuwah ngomong, ”Welas asih-Ku sing nggumunké wis cukup kanggomu, merga wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Paulus ngomong, ”Mula, kanthi seneng aku bakal bangga karo kelemah­anku, supaya kuwasané Kristus terus ngayomi aku kaya kémah.” (2 Korintus 12:9; Jabur 147:⁠5) Dadi, Paulus ngrasakké perlindungan saka Yéhuwah liwat Kristus sing nglindhungi dhèwèké kaya kémah. Saiki, Yéhuwah ya njawab donga-dongané awaké dhéwé nganggo cara sing padha. Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé.

18 Kémah ora isa ngendhegké udan lan angin. Ning, kémah isa nglindhungi awaké dhéwé saka udan lan angin. Padha kaya kémah, ”kuwasané Kristus” ora ngendhegké masalah utawa tantang­an sing awaké dhéwé alami. Ning, ”kuwasané Kristus” isa njaga bèn hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah ora dirusak Sétan. (Wahyu 7:​9, 15, 16) Mula, senajan terus ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngerti lan nanggepi ”panjeritmu”. (Yésaya 30:19; 2 Korintus 1:​3, 4) Paulus nulis, ”Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Pan­jenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi.”​—⁠1 Korintus 10:13; Filipi 4:​6, 7.

(2 Korintus 12:10) Dadi wektu aku tanpa daya, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi kahanan sing angèl demi Kristus, aku seneng. Wektu aku tanpa daya, aku dadi kuwat.

w18.01 5 ¶8-9

”Panjenengané Paring Kakuwatan marang kang Sayah”

8 Wacanen Yésaya 40:30. Isa waé kita nduwé akèh ketrampilan, ning merga kekuwatan kita ana watesé, ana akèh bab sing ora isa kita tindakké. Kuwi sing dirasakké rasul Paulus. Wektu Paulus nyritakké perasaané marang Yéhuwah, Yéhuwah ngendika marang dhèwèké, ”KuwasaningSun iku malah kasampurnakaké ana ing sajroning kaapesan.” Paulus paham apa sing Yéhuwah ngen­dikakké. Mula, dhèwèké kandha, ”Yèn aku apes, iku aku kuwat.” (2 Kr. 12:​7-10) Apa maksudé Paulus?

9 Paulus ngerti nèk ana akèh bab sing ora isa ditindakké nggunakké kekuwatané dhéwé. Dhèwèké butuh bantuan saka Yéhuwah, sing luwih kuwat. Yéhuwah liwat roh suciné isa nguwatké Paulus wektu dhèwèké nglokro. Semono uga, Yéhuwah isa maringi roh suciné kanggo nguwatké kita!

Wulangan Penting

(2 Korintus 12:​2-4) Aku kenal karo sawijiné wong lanang sing nyawiji karo Kristus, sing 14 taun kepungkur ujug-ujug digawa menyang swarga katelu. Aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 3 Aku kenal wong kuwi, nanging aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 4 Wong kuwi ujug-ujug digawa menyang firdaus lan krungu tembung-tembung sing ora éntuk diomongké utawa diucapké manungsa.

w18.12-IN 8 ¶10-​12

Pitakonané sing Maca

”Swarga katelu” sing disebutké ing 2 Korintus 12:2 mungkin maksudé ”langit anyar”, yaiku Kratoné Mésias sing dipimpin Yésus Kristus karo 144.000.​—⁠2 Ptr. 3:​13.

Kuwi disebut ”swarga katelu” merga Kraton kuwi pamréntahan sing paling unggul.

Kétoké, ”firdaus” sing didelok Paulus kuwi maksudé (1) bumi sing bakal dadi firdaus, (2) firdaus rohani sing bakal kelakon wektu bumi dadi firdaus, sing pengaruhé luwih luas ketimbang firdaus rohani sing ana saiki, lan (3) ”firdausé Gusti Allah” ing swarga, sing bakal terus ana bareng karo firdaus sing ana ing bumi.

(2 Korintus 13:⁠7) Aku kabèh ndonga marang Gusti Allah supaya kowé ora padha nindakké salah apa-apa. Tujuanku dudu supaya aku kabèh kétoké ditampa wong-wong, nanging supaya kowé padha nindakké apa sing apik, senajan aku kabèh mbokmenawa ora ditampa wong-wong.

w90-IN 15/11 21-22 ¶7

’Kowé Kudu Ndonga kanggo Siji lan Sijiné’

Awaké dhéwé isa ndongakké sedulur seiman. Contoné, Paulus njaluk wong-wong liya ndongakké bèn dhèwèké isa nginjil. (Éfésus 6:​17-20) Piyé nèk awaké dhéwé ngerti nèk ana sedulur sing lagi ngadhepi godhaan? Awaké dhéwé isa ndonga bèn dhèwèké ”ora padha nindakké salah apa-apa”. Awaké dhéwé ya isa ndonga bèn Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké, ning nylametké dhèwèké saka Sétan. (2 Korintus 13:7; Matius 6:13) Terus, nèk ana sing lagi lara, awaké dhéwé isa ndonga bèn Yéhuwah mènèhi kekuwatan kanggo dhèwèké.​—⁠Jabur 41:​2-4.

Maca Alkitab

(2 Korintus 11:​1-​15) Aku péngin supaya kowé padha sabar marang aku, senajan aku kétoké rada ora masuk akal. Nanging, kowé pancèn sabar marang aku! 2 Aku bener-bener perduli marang kowé kaya Gusti Allah uga perduli marang kowé, aku dhéwé wis ndadèkké kowé tunangané Kristus, lan aku arep mènèhké kowé marang dhèwèké dadi prawan sing suci. 3 Nanging, aku wedi pikiranmu padha dirusak, kaya Hawa sing kapusan karo kelicikané ula, lan isa nggawé kowé ora setya utawa ora suci manèh ing ngarepé Kristus kaya sing sakmesthiné. 4 Nyatané, nèk ana sing teka lan martakké bab Yésus sing liya, sing béda karo sing wis padha tak wartakké, utawa ana kuwasa liya sing nuntun pikiranmu, sing béda karo kuwasa sing saksuwéné iki nuntun kowé, utawa ana kabar apik sing béda karo sing wis padha kok tampa, kowé kabèh langsung nampa kuwi. 5 Miturutku, sathithik waé aku ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat banget kuwi. 6 Senajan aku ora pinter ngomong, aku nduwé pangertèn bab Gusti Allah. Aku kabèh wis nduduhké kanthi cetha marang kowé ing kabèh bab lan ing akèh cara. 7 Apa aku nindakké dosa, nèk aku kanthi seneng martakké kabar apik saka Gusti Allah marang kowé kabèh tanpa dibayar, lan ngasorké awakku supaya kowé padha diunggulké? 8 Aku nampa bantuan saka jemaat-jemaat liya, lan kuwi kaya-kaya aku ngrampok jemaat-jemaat kuwi supaya aku isa nglayani kowé. 9 Malah, wektu aku bareng karo kowé lan ana sing tak butuhké, aku ora dadi beban kanggo sapa waé, merga sedulur-sedulur sing teka saka Makédonia nyedhiakké kabèh kebutuhanku. Aku ngupaya sak isa-isané supaya ora dadi bebanmu, lan aku bakal terus kaya ngono. 10 Yakuwi sing bakal terus tak banggak-banggakké ing wilayah Akhaya saksuwéné aku dadi pengikuté Kristus. 11 Apa sebabé? Apa merga aku ora nresnani kowé? Gusti Allah ngerti nèk aku nresnani kowé kabèh. 12 Ana sapérangan wong sing padha bangga lan kandha nèk wong-wong kuwi dadi rasul-rasul padha kaya aku kabèh. Mula, aku bakal terus nindakké apa sing wis tak tindakké saksuwéné iki, supaya wong-wong kuwi ora nduwé alesan manèh kanggo bangga. 13 Wong-wong sing kaya ngono kuwi sakjané rasul palsu, sing seneng ngapusi lan nyamar dadi rasulé Kristus. 14 Aku ora nggumun karo bab kuwi, merga Sétan dhéwé seneng nyamar dadi malaékat terang. 15 Dadi, lumrah waé nèk para abdiné uga seneng nyamar dadi abdi sing bener. Nanging, wong-wong kuwi akiré bakal ngalami apa sing cocog karo tumindaké.

27 MEI–2 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | GALATIA 1-3

”Aku Ngélikké Dhèwèké kanthi Terus Terang”

(Galatia 2:​11-​13) Wektu Kéfas teka ing Anti­okhia, aku ngélikké dhèwèké kanthi terus terang, merga dhèwèké nyata-nyata salah. 12 Biasané, dhèwèké kerep mangan bareng karo wong-wong saka bangsa liya. Nanging, wektu wong-wong sing diutus Yakobus teka, dhèwèké ora sesrawungan manèh karo wong-wong kuwi. Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat. 13 Wong-wong Yahudi liyané uga mèlu-mèlu dadi munafik, nganti Barnabas uga mèlu-mèlu.

w17.04 25 ¶16

Apa Panjenengan Niru Kaadilané Yéhuwah?

16 Wacanen Galati 2:​11-14. Pétrus wedi karo manungsa. (WB. 29:25) Pétrus ngerti piyé perasaané Yéhuwah marang wong sing dudu Yahudi. Ning, wektu ana wong-wong Kristen Yahudi sing disunat teka saka Yérusalèm, Pétrus wedi nèk bakal dirèmèhké merga srawung karo wong Kristen sing dudu Yahudi. Rasul Paulus kandha nèk Pétrus kuwi munafik. Lha ngapa? Merga Paulus ngerti nèk mbiyèn Pétrus mbéla wong Kristen sing dudu Yahudi wektu rapat ing Yérusalèm taun 49 M. (PR. 15:12; Gl. 2:13) Saiki, piyé tanggepané wong-wong sing dudu Yahudi kuwi? Apa wong-wong kuwi bakal kesandhung? Apa Pétrus bakal kélangan hak istiméwané merga kesalahané?

(Galatia 2:​14) Nanging, wektu aku weruh nèk tumindaké wong-wong kuwi ora cocog karo wulangan sing bener sing ana ing kabar apik, aku ngomong marang Kéfas ing ngarepé kabèh wong kuwi, ”Kowé kuwi wong Yahudi, nanging kowé tumindak kaya bangsa liya lan ora kaya wong Yahudi. Mula, ngapa kowé ngongkon wong-wong saka bangsa liya manut kebiasaané wong Yahudi?”

w13-IN 15/3 5 ¶12

”Boten Wonten Sandhunganipun” kanggo Wong sing Nresnani Yéhuwah

12 Pétrus nduwé kelemahan yaiku wedi karo manungsa. Kadhang kala, kuwi nggawé dhèwèké kesandhung. Ning, Pétrus tetep setya karo Yéhuwah lan Yésus. Contoné, dhèwèké ora ngakoni Majikané ing ngarepé wong akèh. Kuwi ditindakké ora mung sepisan, ning ping telu. (Lukas 22:​54-​62) Terus, Pétrus ya nganggep nèk wong Kristen Yahudi sing disunat kuwi luwih apik ketimbang wong Kristen sing dudu Yahudi. Ning, Rasul Paulus ngerti nèk ora éntuk mbédak-mbédakké para sedulur ing jemaat. Dadi, sikapé Pétrus kuwi salah. Mula, bèn jemaat tetep rukun, Paulus langsung mènèhi naséhat kanggo Pétrus. (Gal. 2:​11-​14) Apa Pétrus tersinggung, terus dadi ora setya? Ora. Dhèwèké nampa naséhaté Paulus, ngetrapké kuwi, lan terus setya.

Wulangan Penting

(Galatia 2:​20) Aku dipaku ing cagak bareng karo Kristus. Mula sing urip dudu aku manèh, nanging Kristus sing nyawiji karo aku. Dadi saiki aku urip miturut iman marang Putrané Gusti Allah sing nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.

w14-IN 15/9 16 ¶20-​21

Setya Nglayani Yéhuwah Senajan ”Ngalami Akèh Kasangsaran”

20 Piyé carané ngatasi serangan sing ora kétok? Contoné, piyé awaké dhéwé isa ngatasi perasaan cilik ati? Salah siji cara sing paling apik yaiku ngrenungké soal tebusan. Kuwi kaya sing ditindakké Rasul Paulus. Kadhang kala, dhèwèké ngrasa putus asa. Ning, dhèwèké ngerti nèk Kristus mati ora kanggo wong sampurna, ning kanggo wong dosa, termasuk Paulus. Dhèwèké nulis, ”Dadi saiki aku urip miturut iman marang Putrané Gusti Allah sing nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku.” (Gal. 2:​20) Paulus nampa tebusan lan percaya nèk kuwi kanggo dhèwèké.

21 Njenengan ya isa éntuk manfaat nèk nampa tebusan lan ngrasa nèk kuwi ya kanggo njenengan. Kuwi ora berarti nèk perasaan cilik ati isa langsung ilang. Mungkin ana sing isih kudu nglawan perasaan kuwi nganti donya anyar. Ning, awaké dhéwé kudu éling nèk wong sing ora nyerah bakal éntuk berkah. Ora suwé manèh, Kratoné Allah bakal nggawé bumi iki dadi damai lan kabèh wong dadi sampurna. Terusa ngupaya bèn isa mlebu Kratoné Allah senajan ngadhepi akèh masalah.

(Galatia 3:⁠1) Hé, wong-wong Galatia sing ora masuk akal! Sapa sing wis mblasukké kowé kaya ngéné iki? Kowé kabèh kan wis diterangké kanthi cetha bab Yésus Kristus sing dipaku ing cagak, ta?

it-1-IN 755-756

Galatia, Surat kanggo Jemaat ing

Wektu Paulus ngomong, ”Hé, wong-wong Galatia sing ora masuk akal,” ora berarti sing dhèwèké maksudké kuwi mung wong saka keturunan Gaul sing ana ing Galatia bagéan lor. (Gal 3:⁠1) Ning, Paulus lagi nyenèni wong-wong ing jemaat sing dipengaruhi kaum Yudais, yaiku wong-wong Yahudi sing nggawé aturan dhéwé soal apa sing dianggep bener. Wong-wong kuwi nggunakké hukum Musa kanggo ngganti apa sing wis disedhiakké perjanjian anyar yaiku ”dianggep bener merga nduwé iman”. (2:⁠15–​3:​14; 4:​9, 10) Ing ”jemaat-jemaat ing Galatia” (1:⁠2) sing dikirimi surat karo Paulus iki ana wong Yahudi lan sing dudu Yahudi. Ing antarané wong-wong sing dudu Yahudi kuwi ana proselit sing disunat lan wong sing dudu Yahudi sing ora disunat. Terus, ya ana wong-wong keturunan Kelt. (Kis 13:​14, 43; 16:1; Gal 5:⁠2) Kabèh wong kuwi disebut wong Kristen Galatia merga manggon ing dhaérah sing jenengé Galatia. Isi suraté Paulus kanggo jemaat ing Galatia nduduhké nèk dhèwèké nulis kanggo wong-wong sing dhèwèké kenal tenanan ing provinsi Roma bagéan kidul iki, dudu kanggo wong-wong sing ora dikenal ing bagéan lor, sing kayané durung tau ditemoni karo dhèwèké.

Maca Alkitab

(Galatia 2:​11-​21) Wektu Kéfas teka ing Anti­okhia, aku ngélikké dhèwèké kanthi terus terang, merga dhèwèké nyata-nyata salah. 12 Biasané, dhèwèké kerep mangan bareng karo wong-wong saka bangsa liya. Nanging, wektu wong-wong sing diutus Yakobus teka, dhèwèké ora sesrawungan manèh karo wong-wong kuwi. Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat. 13 Wong-wong Yahudi liyané uga mèlu-mèlu dadi munafik, nganti Barnabas uga mèlu-mèlu. 14 Nanging, wektu aku weruh nèk tumindaké wong-wong kuwi ora cocog karo wulangan sing bener sing ana ing kabar apik, aku ngomong marang Kéfas ing ngarepé kabèh wong kuwi, ”Kowé kuwi wong Yahudi, nanging kowé tumindak kaya bangsa liya lan ora kaya wong Yahudi. Mula, ngapa kowé ngongkon wong-wong saka bangsa liya manut kebiasaané wong Yahudi?” 15 Kita, sing wong Yahudi asli lan dudu wong dosa saka bangsa liya, 16 ngerti nèk wong dianggep bener mung nèk dhèwèké nduwé iman marang Yésus Kristus, dudu merga nindakké hukum. Mula, kita nduwé iman marang Kristus Yésus, supaya kita dianggep bener merga nduwé iman marang Kristus, dudu merga nindakké hukum. Ora ana wong sing bakal dianggep bener merga nindakké hukum. 17 Nèk kita sing ngupaya dianggep bener liwat Kristus uga dianggep dosa, apa kuwi tegesé Kristus dadi pelayané dosa? Mesthiné ora! 18 Nèk aku mbangun manèh apa sing wis tak ambrukké, aku nduduhké nèk aku nglanggar hukum. 19 Hukum kuwi dhéwé nggawé aku mati ing bab hukum, supaya aku isa urip kanggo Gusti Allah. 20 Aku dipaku ing cagak bareng karo Kristus. Mula sing urip dudu aku manèh, nanging Kristus sing nyawiji karo aku. Dadi saiki aku urip miturut iman marang Putrané Gusti Allah sing nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku. 21 Aku ora nolak welas asihé Gusti Allah sing nggumunké, merga nèk wong dianggep bener liwat hukum, Kristus mati tanpa guna.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim