Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
7-13 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | YAKOBUS 3-5
”Nduduhké Kawicaksanané Gusti Allah”
(Yakobus 3:17) Nanging kawicaksanan saka ndhuwur kuwi sing kapisan murni, seneng rukun, masuk akal, siap kanggo manut, kebak welas asih lan tumindak sing apik, ora pilih kasih, lan ora munafik.
cl-IN 221-222 ¶9-10
Apa Njenengan Dipengaruhi ”Kawicaksanan saka Ndhuwur”?
9 ”Sing kapisan murni.” Murni kuwi berarti resik ora mung njabané, ning ya njeroné. Alkitab kandha nèk kawicaksanan kuwi ana hubungané karo ati. Ning, kawicaksanané Gusti Allah ora isa mlebu ing ati sing kena pengaruh èlèk saka pikiran, kepénginan, lan niat sing jahat. (Wulang Bebasan 2:10; Matius 15:19, 20) Nèk atiné awaké dhéwé murni, awaké dhéwé bakal ’ngedohi piala sarta nglakoni kabecikan’. (Jabur 37:27; Wulang Bebasan 3:7) Kuwi sebabé murni dadi kawicaksanané Gusti Allah sing disebutké pertama. Nèk moral lan rohaniné awaké dhéwé ora resik, awaké dhéwé ora isa nduduhké kawicaksanané Gusti Allah.
10 ”Seneng rukun.” Kawicaksanané Gusti Allah isa nggawé awaké dhéwé ngupayakké salah siji wohé roh suci yaiku seneng rukun. (Galatia 5:22) Awaké dhéwé ngupaya bèn umaté Yéhuwah isa terus ”rukun”. (Éfésus 4:3) Awaké dhéwé ya ngupaya tetep rukun wektu ana sing nggawé ora rukun. Apa sebabé kuwi penting? Alkitab kandha, ”Terusa . . . urip rukun. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah sing kebak katresnan lan katentreman terus ngayomi kowé.” (2 Korintus 13:11) Nèk ngupaya tetep rukun, awaké dhéwé bakal didhukung lan diberkahi Gusti Allah. Carané awaké dhéwé tumindak karo sedulur seiman kuwi isa mengaruhi hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngupaya tetep rukun? Pikirna conto iki.
(Yakobus 3:17) Nanging kawicaksanan saka ndhuwur kuwi sing kapisan murni, seneng rukun, masuk akal, siap kanggo manut, kebak welas asih lan tumindak sing apik, ora pilih kasih, lan ora munafik.
cl-IN 223 ¶12
Apa Njenengan Dipengaruhi ”Kawicaksanan saka Ndhuwur”?
12 ”Masuk akal.” Apa maksudé? Nurut para ahli, kata Yunani kanggo ”masuk akal” ing Yakobus 3:17 kuwi angèl diterjemahké. Mula, biasané para penerjemah nggunakké kata-kata kaya ”lembut”, ”sabar”, lan ”mikirké kebutuhané wong liya”. Cathetan ngisor ing New World Translation nduduhké nèk arti kata kuwi sakjané ”seneng ngalah”. Piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk dipengaruhi karo kawicaksanan iki?
cl-IN 224-225 ¶14-15
Apa Njenengan Dipengaruhi ”Kawicaksanan saka Ndhuwur”?
14 ”Siap kanggo manut.” Kata Yunaniné ”siap kanggo manut” ora ana ing ayat liya ing Kitab-Kitab Yunani Kristen. Nurut salah siji ahli, kata iki ”kerep dienggo ing pelatihané tentara”. Kuwi maksudé ”gampang diarahké” lan ”manut”. Wong sing dipengaruhi kawicaksanané Gusti Allah kuwi siap manut karo kandhané Alkitab. Wong kuwi dudu wong sing seneng ngèyèl, sing ora gelem ngowahi keputusané wektu keputusané ora cocog karo Alkitab. Ning, wong kuwi langsung berubah wektu diwènèhi bukti-bukti sing jelas saka Alkitab wektu ana keputusan, utawa kesimpulané, sing salah. Apa njenengan ya kaya ngono?
”Kebak Welas Asih lan Tumindak sing Apik”
15 ”Kebak welas asih lan tumindak sing apik.” Welas asih kuwi penting banget merga kawicaksanané Gusti Allah kuwi ”kebak welas asih”. Gatèkna nèk ”welas asih” lan ”tumindak sing apik” disebutké bareng. Iki cocog merga nurut Alkitab, sipat welas asih nggawé awaké dhéwé nggatèkké lan tumindak apik karo wong liya. Salah siji referensi kandha nèk welas asih kuwi ”ngrasa prihatin wektu wong liya nduwé masalah lan ngupaya mbantu wong kuwi”. Dadi, kawicaksanané Gusti Allah kuwi berarti perduli, seneng nggatèkké, lan sayang karo wong liya. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk kebak welas asih?
(Yakobus 3:17) Nanging kawicaksanan saka ndhuwur kuwi sing kapisan murni, seneng rukun, masuk akal, siap kanggo manut, kebak welas asih lan tumindak sing apik, ora pilih kasih, lan ora munafik.
cl-IN 226-227 ¶18-19
Apa Njenengan Dipengaruhi ”Kawicaksanan saka Ndhuwur”?
18 ”Ora pilih kasih.” Wong sing nduwé kawicaksanané Gusti Allah ora bakal nduwé prasangka ras lan mbanggakké negarané dhéwé. Awaké dhéwé ya ora bakal mbédak-bédakké wong. (Yakobus 2:9) Awaké dhéwé ora mènèhi perlakuan khusus kanggo wong merga pendidikané, ékonominé, utawa tanggung jawabé ing jemaat. Awaké dhéwé ya ora bakal ngrèmèhké para sedulur. Nèk Yéhuwah wis sayang karo wong-wong kuwi, awaké dhéwé ya kuduné sayang karo wong-wong kuwi.
19 ”Ora munafik.” Kata Yunaniné ”munafik” isa maksudé ”aktor sing lagi sandiwara”. Ing jaman mbiyèn, aktor Yunani lan Romawi nganggo topèng gedhé pas péntas. Mula, kata Yunaniné ”munafik” akhiré digunakké kanggo nyebut wong sing éthok-éthok, utawa wong sing ngapusi. Kawicaksanané Gusti Allah iki kuduné mengaruhi carané awaké dhéwé tumindak karo sedulur seiman lan perasaané awaké dhéwé soal sedulur seiman.
Wulangan Penting
(Yakobus 4:5) Ana ayat sing kandha, ”Merga nduwé rasa mèri, kita dadi terus nduwé pepénginan marang bab-bab liya.” Apa kok pikir ora ana alesané ayat kuwi ditulis?
w08-IN 15/11 20 ¶6
Piwulang Penting saka Surat-Surat saka Yakobus lan Pétrus
4:5—Yakobus ngutip ayat sing endi? Yakobus ora ngutip ayat liya. Ning kétoké, kata-kata iki ditulis saka gagasan umum sing dhasaré saka Purwaning Dumadi 6:5; 8:21; Wulang Bebasan 21:10; lan Galatia 5:17.
(Yakobus 4:11, 12) Sedulur sedulur, aja padha ngèlèk-èlèk siji lan sijiné manèh. Sapa waé sing ngèlèk-èlèk lan ngadili seduluré, kuwi padha waé ngèlèk-èlèk lan ngadili hukum. Nèk kowé ngadili hukum, kowé dudu wong sing nindakké hukum, nanging dadi hakimé. 12 Mung ana siji Hakim lan Sing Maringi Hukum, yaiku Gusti Allah sing isa nylametké lan nyirnakké. Nanging kowé, sapa kowé kok nganti ngadili pepadhamu?
w97-IN 15/11 20-21 ¶8
Iman Nggawé Awaké Dhéwé Sabar lan Seneng Ndonga
8 Ngèlèk-èlèk sedulur seiman kuwi dosa. (Yakobus 4:11, 12) Ning, ana sing seneng ngèlèk-èlèk sedulur seiman, mungkin merga nganggep dhèwèké dhéwé kuwi wis bener utawa merga péngin ngunggulké dhèwèké dhéwé nganggo cara ngrèmèhké wong liya. (Jabur 50:20; Wulang Bebasan 3:29) Kata Yunaniné ”ngèlèk-èlèk” kuwi artiné mungsuhan, lan kuwi isa berarti nggawé tudhuhan palsu. Kuwi padha karo ngadili sedulur seiman. Apa sebabé kuwi padha karo ngèlèk-èlèk lan ngadili hukumé Gusti Allah? Para penulis lan wong Farisi ”pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah” lan ngadili nurut carané dhéwé. (Markus 7:1-13) Nèk ngèlèk-èlèk sedulur sing ora dihukum Gusti Allah, kuwi berarti awaké dhéwé ’ngadili hukumé Gusti Allah’ lan nganggep nèk hukumé Gusti Allah ora cukup. Kuwi ya berarti awaké dhéwé ora sayang karo dhèwèké.—Roma 13:8-10.
Maca Alkitab
(Yakobus 3:1-18) Sedulur-sedulurku, ora kabèh wong saka ing antaramu kudu dadi guru, merga kowé kabèh ya wis padha ngerti nèk wong sing dadi guru bakal nduwé tanggung jawab sing luwih gedhé marang Gusti Allah. 2 Kita kabèh kerep nggawé salah. Nèk wong ora tau salah ngomong, dhèwèké kuwi manungsa sing sampurna, sing isa ngendhalèni badané kabèh. 3 Nèk kita masang tali kendhali ing cangkemé jaran supaya jaran kuwi manut, kita uga isa ngendhalèni badané kabèh. 4 Gatèkna uga kapal-kapal: Senajan gedhé banget lan diterjang angin gedhé, nanging kapal mung dikendhalèni nganggo kemudhi sing cilik banget menyang arah ngendi waé sing dipéngini nahkodané. 5 Semono uga, ilat kuwi anggota badan sing cilik nanging isa ngomongké perkara-perkara sing gedhé. Geni sing cilik waé isa ngobong alas sing gedhé, ta? 6 Ilat kuwi uga kaya geni. Ilat kuwi anggota badan sing kebak karo perkara-perkara sing jahat, merga ilat isa nggawé najis badan lan ngrusak uripé wong, padha kaya Géhéna. 7 Kabèh jenis kéwan galak, manuk, kéwan sing nggremet, lan kéwan laut isa digawé lulut, lan wis digawé lulut karo manungsa. 8 Nanging ora ana manungsa sing isa nggawé lulut ilaté. Ilat kuwi angèl dikendhalèni, mbebayani, lan kebak racun sing nyebabké mati. 9 Nganggo ilat, kita muji Yéhuwah, Bapak kita, nanging nganggo ilat kuwi uga kita ngutuk wong liya sing digawé ”mirip karo Gusti Allah”. 10 Saka tutuk sing padha isa metu pujian lan kutukan. Sedulur-sedulurku, bab-bab kaya ngono kuwi kuduné ora kelakon. 11 Apa saka sumur sing padha isa metu banyu tawar lan banyu asin? 12 Sedulur-sedulurku, wit ara kan ora isa ngasilké woh zaitun, ta? Lan wit anggur ora isa ngasilké woh ara, ta? Sumur sing ngetokké banyu asin uga ora isa ngetokké banyu tawar. 13 Apa ana ing antaramu sing wicaksana lan kebak pangertèn? Nèk ana, wong kuwi kudu nindakké apa sing apik, sing nduduhké nèk wong kuwi nindakké sakabèhé nganggo watak sing alus sing asalé saka kawicaksanan. 14 Nanging nèk ing atimu ana rasa mèri lan sikap seneng padu, aja bangga merga kawicaksananmu. Kuwi padha waé ngapusi. 15 Kuwi dudu kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur, nanging kawicaksanan saka donya, saka pepénginan jasmani, lan saka roh-roh jahat. 16 Ing ngendi ana rasa mèri lan sikap seneng padu, ing kono uga bakal ana kahanan sing kisruh lan kabèh tumindak jahat. 17 Nanging kawicaksanan saka ndhuwur kuwi sing kapisan murni, seneng rukun, masuk akal, siap kanggo manut, kebak welas asih lan tumindak sing apik, ora pilih kasih, lan ora munafik. 18 Sakliyané kuwi, winih saka tumindak sing bener kuwi disebar ing kahanan sing tentrem kanggo wong-wong sing nggawé rukun.
14-20 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | 1 PÉTRUS 1-2
”Kowé Kudu Suci”
(1 Pétrus 1:14, 15) Merga kowé anak-anak sing manut, kowé aja dipengaruhi manèh karo pepénginanmu sing mbiyèn, sing kok duwèni sakdurungé kowé nduwé pangertèn bab Gusti Allah. 15 Nanging kaya Gusti Allah Sing Suci sing ngundang kowé, kowé kudu suci ing kabèh tumindakmu,
Tebusan Hadiah ’kang Sampurna saka ing Rama’
5 Nèk pancèn ngajèni tenan asmané Yéhuwah, tumindak kita kudu suci kaya sing dadi kersané Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 1:15, 16.) Dadi, kita manut lan ngibadah sing tenanan mung marang Yéhuwah sarta nindakké pathokané Yéhuwah sak isa-isané senajan dianiaya. Kuwi kabèh isa ngluhurké asmané Yéhuwah. (Mt. 5:14-16) Kita isa mbuktèkké nèk hukumé Yéhuwah kuwi bener lan Sétan kuwi tukang ngapusi. Kita kabèh ora sampurna lan isa nggawé kesalahan. Ning, awaké dhéwé isa mertobat lan ngupaya ora nindakké manèh bab sing isa ngrusak asmané Yéhuwah.—Ms. 79:9.
(1 Pétrus 1:16) merga ana tulisan sing kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.”
Carané Milih Hiburan
6 Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.” (1 Pétrus 1:14-16; 2 Pétrus 3:11) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ngibadah nganggo cara sing ora bener. (Pangandharing Torèt 15:21) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé nglakoni sing ora disenengi Yéhuwah, contoné sèks bébas, tumindak kejem, lan ilmu gaib. (Roma 6:12-14; 8:13) Yéhuwah ya ora seneng nèk awaké dhéwé ndelok hiburan sing isiné kaya ngono. Kuwi nggawé ibadahé awaké dhéwé ora nyenengké kanggo Yéhuwah, lan hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isa rusak.
Wulangan Penting
(1 Pétrus 1:10-12) Keslametan iki disinau kanthi sregep lan dipriksa kanthi tliti karo para nabi sing wis ngramalké bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké sing diparingké marang kowé. 11 Sakdurungé, roh suci sing ana ing para nabi kuwi mènèhi kesaksian bab kasangsaran sing bakal dialami Kristus lan bab kamulyan sing bakal diduwèni sakwisé kuwi. Mula, para nabi kuwi terus ngupaya kanggo ngerti apa sing bakal kelakon marang Kristus lan kapan kuwi bakal kelakon. 12 Gusti Allah nyingkapké marang para nabi nèk para nabi kuwi ora nglayani para nabi kuwi dhéwé, nanging nglayani kowé kabèh. Para nabi kuwi nulis bab-bab sing wis diwartakké marang kowé, sing kok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga. Ya perkara-perkara iki sing kepéngin banget dingertèni karo para malaékat.
w08-IN 15/11 21 ¶10
Piwulang Penting saka Surat-Surat saka Yakobus lan Pétrus
1:10-12. Para malaékat péngin nliti lan paham apa sing ditulis para nabiné Gusti Allah jaman mbiyèn soal jemaat Kristen sing terurap. Ning, kuwi lagi isa dipahami wektu Yéhuwah mulai urusan langsung karo jemaat kuwi. (Éf. 3:10) Awaké dhéwé ya kuduné niru conto saka para malaékat lan ngupaya nliti ”pikirané Gusti Allah sing jero”.—1 Kor. 2:10.
(1 Pétrus 2:25) Mbiyèn kowé kaya wedhus sing kesasar. Saiki, kowé wis padha bali marang pangon lan penjaga uripmu.
it-2-IN 393 ¶1
Pengawas
Pengawas sing Utama. Siji Pétrus 2:25 kuwi kétoké ngutip Yésaya 53:6 soal wong-wong sing ”kaya wedhus sing kesasar”. Terus, Pétrus ngomong, ”Saiki, kowé wis padha bali marang pangon lan penjaga uripmu.” ”Pangon” sing dimaksud kuwi Yéhuwah merga wong-wong sing nampa suraté Pétrus ora ngedoh saka Kristus Yésus, ning wong-wong kuwi wis digawa bali ing Yéhuwah, yaiku Gembala Agung kanggo umaté, liwat Kristus Yésus. (Ms 23:1; 80:2; Ym 23:3; Yk 34:12) Yéhuwah kuwi ya penjaga, utawa pengawas, sing bakal mriksa. (Ms 17:3) Istilah mriksa (Yn., episkopeʹ) isa dikaitké karo kata-kata penghukuman saka Gusti Allah, contoné ing abad pertama Masèhi wektu Yérusalèm ora ngerti nèk dhèwèké wis ”dipriksa [Yn., episkopesʹ]”. (Luk 19:44, ctn.) Utawa, kuwi isa ngasilké manfaat, contoné yaiku wong-wong sing ngluhurké Gusti Allah ing dina ”Panjenengané rawuh kanggo mriksa manungsa [Yn., episkopesʹ]”.—1Ptr 2:12.
Maca Alkitab
(1 Pétrus 1:1-16) Aku Pétrus, rasulé Yésus Kristus, nulis surat kanggo kowé kabèh para penduduk sementara sing kesebar ing Pontus, Galatia, Kapadokia, Asia, lan Bitinia, ya kowé kuwi wong-wong pilihané Gusti Allah. 2 Gusti Allah kuwi Bapak ing swarga lan Panjenengané milih kowé miturut rencanané. Panjenengané maringi kowé roh suci kanggo nggawé kowé suci, supaya kowé dadi padha manut marang Panjenengané lan dadi resik nganggo getihé Yésus Kristus. Muga-muga kowé kabèh nampa luwih akèh welas asih sing nggumunké lan katentreman. 3 Pinujia Gusti Allah, Bapaké Gusti kita Yésus Kristus. Merga welas asihé sing gedhé, Panjenengané nggawé kita dilairké manèh supaya kita nduwé pangarep-arep sing kuwat. Kita nduwé pangarep-arep iki merga Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. 4 Gusti Allah maringi kowé warisan sing ora isa sirna, sing ora najis lan ora bakal rusak. Warisan kuwi disimpen ing swarga kanggo kowé. 5 Kowé dilindhungi kuwasané Gusti Allah merga kowé padha nduwé iman. Gusti Allah nglindhungi kowé supaya kowé éntuk keslametan sing bakal disingkapké ing pungkasané jaman. 6 Kuwi sebabé kowé padha bungah banget, senajan kanggo sawetara wektu iki, kowé kudu sengsara merga ngalami akèh pacoban, 7 supaya imanmu sing wis diuji isa nggawé kowé nampa pujian, kamulyan, lan kaurmatan wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. Iman kaya ngéné iki luwih aji ketimbang emas sing isa sirna senajan emas kuwi wis diuji nganggo geni. 8 Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, nanging kowé nresnani dhèwèké. Saiki kowé ya ora ndelok dhèwèké, nanging kowé nduwé iman marang dhèwèké lan nampa kabungahan sing gedhé banget, sing ora isa dijelaské nganggo tembung-tembung. 9 Kuwi merga kowé yakin nèk imanmu bakal nggawé kowé padha dislametké. 10 Keslametan iki disinau kanthi sregep lan dipriksa kanthi tliti karo para nabi sing wis ngramalké bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké sing diparingké marang kowé. 11 Sakdurungé, roh suci sing ana ing para nabi kuwi mènèhi kesaksian bab kasangsaran sing bakal dialami Kristus lan bab kamulyan sing bakal diduwèni sakwisé kuwi. Mula, para nabi kuwi terus ngupaya kanggo ngerti apa sing bakal kelakon marang Kristus lan kapan kuwi bakal kelakon. 12 Gusti Allah nyingkapké marang para nabi nèk para nabi kuwi ora nglayani para nabi kuwi dhéwé, nanging nglayani kowé kabèh. Para nabi kuwi nulis bab-bab sing wis diwartakké marang kowé, sing kok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga. Ya perkara-perkara iki sing kepéngin banget dingertèni karo para malaékat. 13 Mula siapna pikiranmu kanggo nindakké gawéan kanthi mempeng. Tindakna sakabèhé nganggo pertimbangan sing apik. Ngarep-arepa marang welas asih sing nggumunké sing bakal kok tampa wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 14 Merga kowé anak-anak sing manut, kowé aja dipengaruhi manèh karo pepénginanmu sing mbiyèn, sing kok duwèni sakdurungé kowé nduwé pangertèn bab Gusti Allah. 15 Nanging kaya Gusti Allah Sing Suci sing ngundang kowé, kowé kudu suci ing kabèh tumindakmu, 16 merga ana tulisan sing kandha, ”Kowé kudu suci, merga Aku suci.”
21-27 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB | 1 PÉTRUS 3-5
”Pungkasané Samubarang Kabèh Wis Cedhak”
(1 Pétrus 4:7) Pungkasané samubarang kabèh wis cedhak. Mula, kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik lan tansah siap ndonga.
w13-IN 15/11 3 ¶1
”Tansah Siap Ndonga”
ANA wong sing mauné kerjané bengi kandha, ”Jam-jam sing paling angèl melèk kuwi nèk wis arep subuh.” Wong-wong sing kerep begadang biasané setuju karo pendapat kuwi. Wong Kristen jaman saiki ya ngadhepi tantangan sing padha. Saiki, keadaan donyané Sétan wis peteng banget merga ora suwé manèh bakal disirnakké. (Rm. 13:12) Nèk awaké dhéwé turu saiki, kuwi bahaya banget. Mula, awaké dhéwé ”kudu nduwé pertimbangan sing apik” lan kudu ”tansah siap ndonga”.—1 Ptr. 4:7.
(1 Pétrus 4:8) Sing paling penting, kowé kudu tenanan nresnani siji lan sijiné, merga wong sing nresnani tansah siap ngapurani wong liya.
w99-IN 15/4 22 ¶3
Carané Ngerti lan Ngatasi Kelemahan Rohani
Sing terakhir, awaké dhéwé kudu manut naséhaté Rasul Paulus, ”Pungkasané samubarang kabèh wis cedhak. Mula, kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik lan tansah siap ndonga. Sing paling penting, kowé kudu tenanan nresnani siji lan sijiné, merga wong sing nresnani tansah siap ngapurani wong liya.” (1 Pétrus 4:7, 8) Awaké dhéwé biasané ngejarké kelemahané wong liya lan awaké dhéwé dadi tantangan kanggo awaké dhéwé. Sétan ngerti soal kuwi. Mula, salah siji cara sing digunakké Sétan yaiku nggawé awaké dhéwé ora rukun. Bèn ora ”mènèhi kesempatan kanggo Iblis”, awaké dhéwé kudu cepet ngapura.—Éfésus 4:25-27.
(1 Pétrus 4:9) Kowé kudu seneng nampa siji lan sijiné tanpa nggrundel.
Seneng Nampa Tamu Kuwi Penting lan Nyenengké
2 Rasul Pétrus mènèhi naséhat marang para seduluré bèn ”seneng nampa siji lan sijiné”. (1 Ptr. 4:9) Tembung Yunaniné ”seneng nampa” kuwi tegesé ”apikan marang wong sing ora dikenal”. Dadi, senajan wis kenal lan wis nindakké kegiatan bareng-bareng, apa sebabé Pétrus mènèhi naséhat bèn seneng nampa ”siji lan sijiné”?
3 Kuwi bakal nggawé wong-wong kuwi saya akrab. Nèk panjenengan piyé? Coba diéling-éling piyé rasané wektu diundang ing omahé sedulur liya, mesthi nyenengké, ta? Utawa wektu ngundang wong liya ing omah panjenengan, panjenengan mesthi luwih akrab karo sedulur kuwi. Kita bakal luwih kenal karo sedulur liyané nèk seneng nampa tamu. Wong Kristen ing jamané Pétrus kudu luwih akrab siji lan sijiné merga ngadhepi keadaan sing saya angèl. Kita kudu nindakké sing padha merga urip ing ”dina-dina pungkasan”.—2 Tim. 3:1.
Wulangan Penting
(1 Pétrus 3:19, 20) Lan wektu dhèwèké dadi makhluk roh, dhèwèké martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara, 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh, wektu Gusti Allah kanthi sabar ngentèni bahtera dibangun, lan ing njeroné mung ana wong sithik, yaiku wolung jiwa, sing digawa kanthi slamet ngliwati banyu.
w13-IN 15/6 23
Pitakonané sing Maca
Alkitab kandha nèk Yésus ”martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara”. (1 Ptr. 3:19) Apa maksudé?
▪ Rasul Pétrus nyebutké nèk sing dimaksud kuwi malaékat-malaékat sing ”mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh”. (1 Ptr. 3:20) Dadi, sing dimaksud Pétrus kuwi para malaékat sing mèlu mbrontak karo Sétan. Yudas nyebutké nèk para malaékat sing ”ninggalké tugasé lan panggonané sing sakmesthiné” kuwi ”wis diranté Gusti Allah saklawasé ing pepeteng kanggo dihukum ing dinané Gusti Allah”.—Yudas 6.
Sakjané, apa sing ditindakké para malaékat kuwi? Sakdurungé Banjir Gedhé, para malaékat sing jahat kuwi dadi manungsa, padahal kuwi dudu kepénginané Gusti Allah. (Pd. 6:2, 4) Terus, para malaékat kuwi nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok. Padahal, Gusti Allah ora nyiptakké para malaékat kanggo nindakké hubungan sèks karo wong wédok. (Pd. 5:2) Para malaékat sing ora manut kuwi bakal disirnakké ing wektu sing wis ditetepké Gusti Allah. Ning saiki, para malaékat kuwi ana ing ”pepeteng”, kaya kandhané Yudas.
Kapan lan piyé carané Yésus ”martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara”? Rasul Pétrus ngomong nèk kuwi kelakon sakwisé Yésus ”diuripké manèh dadi makhluk roh”. (1 Ptr. 3:18, 19) Wektu nyebutké soal ”martakké”, Pétrus nggunakké kata kerja bentuk lampau sing nduduhké nèk kuwi kelakon sakdurungé dhèwèké nulis suraté sing pertama. Mula, kétoké Yésus ngandhani para malaékat jahat soal hukuman sing bakal ditampa para malaékat kuwi ora suwé sakwisé Yésus diuripké manèh. Yésus ngandhani nèk ora bakal ana harapan kanggo para malaékat kuwi. (Yn. 1:1, 2) Yésus nduwé hak kanggo martakké kabar penghukuman kuwi merga dhèwèké wis mbuktèkké nèk ora dikuwasani Sétan nganggo cara setya nganti mati lan sakwisé kuwi dibangkitké.—Yoh. 14:30; 16:8-11.
Sukmbèn, Yésus bakal nalèni lan nglebokké Sétan karo para malaékat jahaté ing jurang sing jero banget. (Luk. 8:30, 31; Why. 20:1-3) Sakdurungé kuwi, Sétan lan para malaékaté ana ing pepeteng rohani lan ngentèni kanggo disirnakké.—Why. 20:7-10.
(1 Pétrus 4:6) Sakjané, kuwi sebabé kabar apik diwartakké marang wong mati, supaya senajan wong-wong kuwi diadili miturut pandhangané manungsa, wong-wong kuwi isa urip cocog karo tuntunané roh suci miturut pandhangané Gusti Allah.
w08-IN 15/11 21 ¶8
Piwulang Penting saka Surat-Surat saka Yakobus lan Pétrus
4:6—”Wong mati” sing éntuk ”kabar apik” kuwi sapa? Kuwi maksudé wong-wong sing ʼmati merga pelanggaran lan dosa-dosané’, utawa mati rohaniné, sakdurungé krungu kabar apik. (Éf. 2:1) Ning, wong-wong kuwi isa ”urip” rohaniné sakwisé krungu kabar apik lan nduwé iman.
Maca Alkitab
(1 Pétrus 3:8-22) Sing pungkasan, kowé kabèh kudu nyawiji ing pikiran, isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, nduwé katresnan paseduluran, nduwé rasa welas asih, lan andhap asor. 9 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan, lan nèk diécé aja mbales ngécé. Nanging, balesen nganggo tumindak sing apik, merga kanggo kuwi kowé dipilih, supaya kowé isa nampa warisan berkah. 10 Merga ana tulisan sing kandha, ”Sapa waé sing nresnani urip lan péngin urip seneng kudu njaga ilaté saka omongan sing ala, lan lambéné saka apus-apus. 11 Dhèwèké kudu ngedohi apa sing ala lan nindakké apa sing apik, uga nggolèk lan ngupayakké katentreman. 12 Paningalé Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan talingané mirengké panyuwuné wong-wong kuwi. Nanging Yéhuwah sengit marang wong sing nindakké apa sing ala.” 13 Sapa sing bakal nyilakani kowé nèk kowé semangat nindakké apa sing apik? 14 Nanging senajan kowé kudu sengsara demi apa sing bener, kowé bakal bungah. Aja wedi marang apa sing diwedèni karo wong-wong, lan aja kuwatir. 15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu tansah siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon marang kowé bab pangarep-arep sing kok duwèni. Nanging, jawaben kanthi alus lan ngajèni. 16 Jaganen hati nuranimu tetep apik, supaya nèk ana sing ngèlèk-èlèk kowé nganggo cara apa waé, wong-wong kuwi bakal isin merga tumindakmu sing apik dadi pengikuté Kristus. 17 Luwih becik kowé ngalami kasangsaran merga nindakké apa sing apik, nèk Gusti Allah ngijinké kuwi, ketimbang merga nindakké apa sing jahat. 18 Malah Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, séda demi wong-wong sing ora bener. Dhèwèké séda sepisan kanggo saklawasé kanggo nyingkirké dosa lan nuntun kowé marang Gusti Allah. Dhèwèké dipatèni ing badan jasmani, nanging diuripké manèh dadi makhluk roh. 19 Lan wektu dhèwèké dadi makhluk roh, dhèwèké martakké warta marang para malaékat sing ana ing penjara, 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh, wektu Gusti Allah kanthi sabar ngentèni bahtera dibangun, lan ing njeroné mung ana wong sithik, yaiku wolung jiwa, sing digawa kanthi slamet ngliwati banyu. 21 Kedadéan kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé liwat Yésus Kristus sing diuripké manèh. Baptisan iki ora kanggo nyingkirké regedan saka badan, nanging kanggo nyuwun hati nurani sing apik marang Gusti Allah. 22 Kristus lungguh ing sisih tengené Gusti Allah merga dhèwèké munggah menyang swarga, lan para malaékat, pamréntah, lan panguwasa digawé tundhuk marang dhèwèké.
28 OKTOBER–3 NOVEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | 2 PÉTRUS 1-3
”Terus Mikirké Rawuhé Dinané Yéhuwah”
(2 Pétrus 3:9, 10) Yéhuwah kuwi ora lambat netepi janjiné, kaya sing dipikirké sawetara wong. Nanging Yéhuwah kuwi sabar marang kowé merga Panjenengané ora péngin ana siji-sijia wong disirnakké. Panjenengané péngin kabèh wong mertobat. 10 Nanging, dinané Yéhuwah bakal teka kaya maling. Ing wektu kuwi, langit bakal sirna nganggo swara sing banter banget. Perkara-perkara dhasar sing mbéntuk langit lan bumi bakal lebur merga saking panasé, nanging bumi sarta hasil gawéané manungsa ing bumi bakal disingkapké.
w06-IN 15/12 27 ¶11
Yéhuwah Bakal ”Maringi Kaadilan”
11 Ning, piyé awaké dhéwé isa paham soal omongané Yésus nèk Yéhuwah bakal ”cepet maringi kaadilan”? Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah bakal cepet tumindak senajan Dhèwèké ”sabar marang wong-wong kuwi”. (Lukas 18:7, 8; 2 Pétrus 3:9, 10) Ing jamané Nuh, wong-wong jahat langsung disingkirké wektu Banjir Gedhé teka. Terus, wong-wong jahat ing jamané Lot ya disingkirké nganggo udan geni. Yésus kandha, ”Ya kaya ngono sing bakal kelakon ing dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané.” (Lukas 17:27-30) Kuwi nduduhké nèk wong jahat bakal disirnakké ”dadakan”. (1 Tésalonika 5:2, 3) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ngejarké pamréntahané Sétan tetep ana.
(2 Pétrus 3:11, 12) Merga kabèh bakal sirna kaya ngono, kowé kuduné mikir arep dadi wong sing kaya apa. Kowé kudu tumindak sing suci lan mbuktèkké nèk kowé ngabdi marang Gusti Allah, 12 karo ngentèni lan terus mikirké rawuhé dinané Yéhuwah. Ing dina kuwi, langit bakal sirna merga geni, lan perkara-perkara dhasar sing mbentuk langit lan bumi bakal lebur merga saking panasé.
w06-IN 15/12 19 ¶18
”Wus Cedhak Dinané Sang Yéhuwah”
18 Mula, Rasul Pétrus ngandhani awaké dhéwé bèn terus mikirké ”rawuhé dinané Yéhuwah”. Piyé carané? Salah siji carané yaiku ’kudu tumindak sing suci lan mbuktèkké nèk awaké dhéwé ngabdi marang Gusti Allah’. (2 Pétrus 3:11, 12) Nèk terus nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal dibantu kanggo terus mikirké ”dinané Yéhuwah”. Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”terus mikirké” sakjané artiné ”nggawé saya cepet”. Awaké dhéwé pancèn ora isa nggawé dinané Yéhuwah luwih cepet teka. Ning, wektuné bakal krasa luwih cepet nèk awaké dhéwé terus nglayani Yéhuwah.—1 Korintus 15:58.
Wulangan Penting
(2 Pétrus 1:19) Kuwi sebabé, aku kabèh saya yakin karo tembung-tembung ramalan. Apik banget kowé kabèh wis padha nggatèkké tembung-tembung kuwi, sing kaya lampu sing sumunar ing pepeteng, yaiku ing atimu, nganti dinané mulai padhang lan bintang panjer ésuk njedhul.
w08-IN 15/11 22 ¶2
Piwulang Penting saka Surat-Surat saka Yakobus lan Pétrus
1:19—”Bintang panjer ésuk” kuwi sapa, kapan dhèwèké njedhul, lan apa sing isa nggawé awaké dhéwé percaya nèk kuwi wis kelakon? Sing dimaksud ”bintang panjer ésuk” kuwi Yésus Kristus sing dadi raja ing swarga. (Why. 22:16) Ing taun 1914, Yésus dilantik dadi raja ing swarga. Transfigurasi mènèhi gambaran soal kamulyané Yésus lan kuwasané Kraton, lan kuwi nduduhké nèk Alkitab isa dipercaya. Nèk nggatèkké Alkitab, atiné awaké dhéwé bakal dadi padhang. Awaké dhéwé dadi ngerti nèk bintang panjer ésuk kuwi wis njedhul.
(2 Pétrus 2:4) Gusti Allah ngukum para malaékat sing nindakké dosa, lan nguncalké para malaékat kuwi ing Tartarus, ngranté para malaékat kuwi ing pepeteng kanggo ditahan nganti para malaékat kuwi dihukum.
w08-IN 15/11 22 ¶3
Piwulang Penting saka Surat-Surat saka Yakobus lan Pétrus
2:4—Apa sing dimaksud ”Tartarus”, lan kapan para malaékat sing mbrontak dilebokké ing kono? Tartarus kuwi keadaan sing kaya penjara kanggo makhluk-makhluk roh, dudu kanggo manungsa. Para makhluk roh sing ana ing kono ora éntuk pepadhang rohani saka Gusti Allah lan ora ngerti soal tujuané Gusti Allah. Makhluk-makhluk roh sing ana ing kono ya ora nduwé harapan ing masa depan. Gusti Allah nguncalké para malaékat sing ora manut kuwi ing Tartarus wektu jamané Nuh, lan para malaékat kuwi bakal terus ana ing keadaan kuwi nganti disirnakké.
Maca Alkitab
(2 Pétrus 1:1-15) Aku Simon Pétrus, budhak lan rasulé Yésus Kristus, nulis surat kanggo kowé kabèh sing nduwé iman sing ajiné padha kaya sing tak duwèni liwat kaadilané Gusti Allah lan Juru Slamet kita Yésus Kristus. 2 Muga-muga kowé kabèh nampa luwih akèh welas asih sing nggumunké lan katentreman, merga kowé padha nduwèni pangertèn sing trep bab Gusti Allah lan bab Yésus Gusti kita. 3 Kuwasané Gusti Allah wis maringi kita perkara-perkara sing mbantu kita nggunakké urip kanggo ngabdi marang Panjenengané. Kita nampa kuwi merga kita nduwé pangertèn sing trep bab Gusti Allah, sing wis milih kita merga kamulyané lan sipat apiké. 4 Liwat bab-bab kuwi, Gusti Allah wis maringi janji-janji sing aji lan nggumunké banget marang kita, supaya kowé kabèh isa mèlu dimulyakké bareng Gusti Allah dadi makhluk roh, sakwisé kowé kabèh padha ngupaya kanggo bébas saka karusakan sing ana ing donya, sing disebabké saka pepénginan sing salah. 5 Kanggo alesan kuwi, kowé kudu nduwé iman. Nèk wis nduwé iman, ngupayaa sak isa-isané kanggo nindakké apa sing apik. Nèk wis nindakké apa sing apik, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwèni pangertèn. 6 Nèk wis nduwèni pangertèn, ngupayaa sak isa-isané kanggo isa ngendhalèni dhiri. Nèk wis isa ngendhalèni dhiri, ngupayaa sak isa-isané kanggo tekun. Nèk wis tekun, ngupayaa sak isa-isané kanggo ngabdi marang Gusti Allah. 7 Nèk wis ngabdi marang Gusti Allah, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwé katresnan paseduluran. Nèk wis nduwé katresnan paseduluran, ngupayaa sak isa-isané kanggo nduwé katresnan. 8 Nèk kowé nduwèni bab-bab iki kanthi lubèr, kowé bakal nggunakké pangertèn sing trep bab Gusti kita Yésus Kristus. Mula, kowé ora bakal dadi males lan bakal ngasilké woh. 9 Wong sing ora nduwé sipat-sipat kuwi, wong kuwi wuta, merga dhèwèké nutupi mripaté saka pepadhang, lan lali nèk dhèwèké wis diresiki saka dosa-dosané mbiyèn. 10 Mula sedulur-sedulur, ngupayaa sak isa-isané kanggo mastèkké nèk kowé kabèh tetep dadi wong sing diundang lan dipilih. Nek kowé terus nindakké bab-bab kuwi, kowé mesthi ora bakal tiba. 11 Malah, nèk nindakké kuwi, kowé bakal diberkahi kanthi lubèr lan bakal mlebu menyang Kraton sing langgeng duwèké Gusti lan Juru Slamet kita, Yésus Kristus. 12 Kuwi sebabé, aku tansah péngin ngélingké kowé bab perkara-perkara iki, senajan kowé wis ngerti sakdurungé lan kukuh ing wulangan sing bener sing kok duwèni. 13 Nanging aku rumangsa kudu mènèhi kowé pangéling-éling saksuwéné aku ana ing badan iki, 14 merga aku ngerti nèk ora suwé manèh aku bakal ninggalké badan iki, kaya sing wis Gusti kita Yésus Kristus kandhakké kanthi cetha marang aku. 15 Aku bakal terus ngupaya sak isa-isané, supaya sakwisé aku lunga, kowé isa ngéling-éling dhéwé bab perkara-perkara kuwi.