LAGU 39
Jeneng sing Apik
Vèrsi Tercétak
1. Péngin atiku ngluhurké Allahku,
Manut karo Yah sepenuh jiwaku.
Wis dadi tékadku, bèn apik jenengku,
Terus nyenengké Yah Allahku.
2. Akèh sing péngin dadi wong terkenal,
Ning malah adoh saka Allah Huwah.
Aku ora péngin adoh saka Allah
lan ’ra dikenal karo Huwah.
3. Muga Yéhuwah isa terus éling
lan ing bukuné jenengku ditulis.
Ayo mbéla Huwah, t’rus semangat nginjil,
Njaga jenengku tetep apik.
(Deloken PD. 11:4; WB. 22:1; Mal. 3:16; Why. 20:15.)