PELAJARAN 49
Piyé Bèn Keluarga Bahagia?—Bagian 1
Pas dadi mantèn, mesthi mbayangké nèk isa bahagia saklawasé. Kuwi isa, soalé ana sing wis nikah suwé lan berusaha ngetrapké pathokan ing Alkitab sing wis mbuktèkké dhéwé nèk isa bahagia.
1. Menurut Alkitab, wong lanang kudu piyé?
Sing dadi kepala keluarga kuwi wong lanang. (Wacanen Éfésus 5:23.) Yéhuwah péngin bèn wong lanang mikirké sing paling apik kanggo keluargané pas nggawé keputusan. Menurut Alkitab, wong lanang ’kudu terus sayang karo bojoné’. (Éfésus 5:25) Kuwi berarti wong lanang ora éntuk kasar karo bojoné, embuh pas karo wong liya utawa mung wong loro thok. Dhèwèké ya kudu berusaha bèn bojoné ora cilaka, tapi terus bahagia, lan kebutuhané tercukupi. (1 Timotius 5:8) Sing paling penting, dhèwèké kudu berusaha bèn bojoné ya tetep akrab karo Yéhuwah. (Matius 4:4) Misalé, ndonga lan maca Alkitab bareng. Nèk sayang karo bojoné, dhèwèké isa tetep akrab karo Yéhuwah.—Wacanen 1 Pétrus 3:7.
2. Menurut Alkitab, wong wédok kudu piyé?
Menurut Alkitab, wong wédok ”kudu bener-bener ngajèni bojoné”. (Éfésus 5:33) Bèn isa ngajèni, dhèwèké kudu mikirké sifat-sifat apiké bojoné lan upayané kanggo nggatèkké dhèwèké lan anak-anaké. Meskipun bojoné ora seiman, dhèwèké kudu manut bojoné lan nèk omongan ya sing alus. Terus pas karo wong liya, dhèwèké ya ora ngèlèk-èlèk bojoné.
3. Piyé bèn wong lanang karo bojoné isa terus akrab?
Menurut Alkitab, wong sing wis nikah, ”loro-loroné bakal dadi siji”. (Matius 19:5) Kuwi berarti aja nganti dadi ora akrab karo bojoné. Mulané, wektuné kudu luwih akèh dienggo bareng-bareng karo bojoné. Sing dipikirké lan dirasakké ya kudu dicritakké kabèh karo bojoné. Aja nganti ana sing dadi luwih penting timbang bojoné, kecuali Yéhuwah. Terus, ya kudu ngati-ati bèn aja nganti terlalu akrab karo wong lanang utawa wong wédok liya sing dudu bojoné.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug pathokan-pathokan ing Alkitab sing isa nggawé wong lanang karo bojoné dadi tambah bahagia.
4. Wong lanang kudu sayang lan nggatèkké bojoné
Menurut Alkitab, ”Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé.” (Éfésus 5:28, 29) Apa maksudé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa waé buktiné nèk wong lanang sayang lan nggatèkké bojoné?
Wacanen Kolose 3:12, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa waé buktiné nèk wong lanang nduwé sifat-sifat sing disebutké ing ayat kuwi?
5. Wong wédok kudu sayang lan ngajèni bojoné
Menurut Alkitab, wong wédok kudu ngajèni bojoné meskipun bojoné ora nyembah Yéhuwah. Wacanen 1 Pétrus 3:1, 2, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Endi sing luwih apik bèn sing lanang mengko ya isa nyembah Yéhuwah, saben dina bojoné diceramahi soal Alkitab utawa njenengan dadi bojo sing apik lan ngajèni sing lanang? Lha ngapa?
Nèk mèh nggawé keputusan, wong lanang karo bojoné isa rembugan bareng. Nèk sing wédok ora setuju, ya kudu ngomongké ngapa kok ora setuju. Ning, kudu tetep alus lan ngajèni sing lanang. Tapi, sing kudu nggawé keputusan kuwi tetep sing lanang. Nèk sing wédok manut, keluargané isa bahagia. Wacanen 1 Pétrus 3:3-5, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé perasaané Yéhuwah nèk wong wédok ngajèni bojoné?
6. Nèk ana masalah
Isa waé wong sing nikah suwé-suwé ana masalah. Mulané, kuwi kudu diatasi bareng-bareng. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ing vidéo kuwi, apa buktiné nèk wong lanang karo bojoné kuwi wis ora akrab manèh?
Piyé akhiré wong loro kuwi isa akrab manèh?
Wacanen 1 Korintus 10:24 lan Kolose 3:13. Bar maca ayat-ayaté, rembugen pertanyaan iki:
Nèk ngetrapké naséhat kuwi, wong lanang karo bojoné isa tetep akrab. Kok isa?
Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu apikan lan ngajèni wong liya. Wacanen Roma 12:10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa kudu diajèni sik lagi gelem ngajèni bojoné? Lha ngapa njenengan njawab ngono?
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku karo bojoku wis ora akrab manèh kaya mbiyèn.”
Piyé carané njenengan njelaské nèk ing Alkitab ana naséhat soal kuwi?
KESIMPULAN
Wong lanang karo bojoné isa bahagia nèk padha-padha sayang, ngajèni, lan ngetrapké pathokan ing Alkitab.
Jawaben
Menurut Alkitab, wong lanang kudu piyé?
Menurut Alkitab, wong wédok kudu piyé?
Nèk wis nikah, pathokan apa ing Alkitab sing isa marahi njenengan karo bojoné njenengan dadi luwih bahagia?
BAHAN TAMBAHAN
Ana saran-saran apa bèn keluarga bahagia?
Wong lanang karo bojoné isa éntuk berkah-berkah apa nèk ngetrapké naséhat saka Gusti Allah? Deloken vidéo musik iki.
Apa buktiné nèk wong wédok manut karo bojoné?
”Ngapa Kok Wong Wédok Kudu Manut Bojoné?” (Warta Penting 15 Mei 2010)
Piyé carané suami istri ing vidéo iki ngatasi masalahé sing marakké meréka cerai?