PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 10
  • Niat sing Kuwat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Niat sing Kuwat
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Yésus
  • Sing Isa Dipelajari saka Yésus
  • Carané Niru Yésus
  • Yésus Mulang Nikodémus ing Wayah Wengi
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Akhiré Gelem Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ”Padha Lungaa lan Dadèkna Wong-Wong . . . Muridku”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 10

NDADÈKKÉ MURID

Pas bengi-bengi, Yésus karo Nikodémus omong-omongan ing halaman.

Yoh. 3:​1, 2

PELAJARAN 10

Niat sing Kuwat

Ayat: ”Aku nduwé tékad kanggo martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé, lan aku réla ngorbanké uripku kanggo mbantu kowé.”—1 Tés. 2:​8, cathetan ngisor.

Conto saka Yésus

Pas bengi-bengi, Yésus karo Nikodémus omong-omongan ing halaman.

VIDÉO: Yésus Mulang Nikodémus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 3:​1, 2. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Kira-kira ngapa kok Nikodémus nemoniné Yésus pas bengi-bengi?—Deloken Yohanes 12:​42, 43.

  2. Apa buktiné nèk Yésus niat tenan mbantu Nikodémus dadi muridé?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Nèk sayang karo wong liya, awaké dhéwé mesthi bakal niat tenan mbantu wong kuwi dadi muridé Yésus.

Carané Niru Yésus

3. Wektu lan panggonan sinauné nyesuaikké waé karo sing sinau Alkitab. Mungkin sing sinau Alkitab njaluk sinauné pas dina utawa jam tertentu. Apa dhèwèké luwih seneng sinauné ing panggonan kerjané, omahé, utawa ing panggonan umum? Nèk isa, njenengan sing nyesuaikké wektu bèn dhèwèké isa sinau.

4. Sinauné teratur saben minggu. Nèk pas dinané sinau njenengan ora isa, sinauné aja langsung dibatalké. Coba pikirna:

  1. Apa isa sinauné diganti dina liya?

  2. Apa isa sinauné liwat télpon utawa video call?

  3. Apa ana sedulur liya sing isa nggantèni njenengan?

5. Ndonga bèn terus mikir positif. Ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn njenengan ora putus asa mbantu sing sinau Alkitab, meskipun dhèwèké kerep mbatalké sinauné utawa ora langsung ngetrapké sing wis dipelajari. (Flp. 2:13) Sing sinau Alkitab kuwi mesthi ya nduwé sifat-sifat sing apik, mula ndongaa bèn isa fokus karo sifat-sifat apik kuwi.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

WB. 3:27; Kis. 20:35; 2 Kor. 12:15

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim