LAGU 46
Nuwun Yéhuwah
Vèrsi Tercétak
1. Nuwun Yéhuwah kanggo saben dina,
Gusti Allah wis nuntun uripku.
Nuwun Yéhuwah aku éntuk ndonga,
Nyritakké kabèh isi atiku.
2. Nuwun Huwah wis mènèhi tebusan,
Anak-Mu sing setya nganti mati.
Nuwun Yéhuwah mènèhi tuntunan,
Aku dadi isa terus ngabdi.
3. Nuwun Huwah aku isa martakké
jeneng-Mu lan isi Kitab Suci.
Nuwun Yah bakal mréntah saklawasé
supaya kabèh wong diberkahi.
(Deloken Mzm. 50:14; 95:2; 147:7; Kol. 3:15.)