Lagu 154
Kudu Tetep Setya
Tetepa setya
Wektu kasusahan ana.
S’najan sengsara
Yésus isa tetep setya.
Mikir’ké janjiné,
Lan adilé Huwah.
(REFREIN)
Kudu tekun lan setya.
Iman ya dijaga.
Merga tresnané Bapa.
Kita isa tekun uga setya.
Jaman semana
Ngrasak’ké akèh sengsara.
Senajan susah,
Mbésuk isa urip bungah.
Mulané, kuduné,
Kita tetep setya.
(REFREIN)
Kudu tekun lan setya.
Iman ya dijaga.
Merga tresnané Bapa.
Kita isa tekun uga setya.
’Ja padha wedi
Kuwatir lan mandheg ngabdi.
Tetep mantepa
Nganti dinané Yah teka.
Wektuné wis cedhak.
Ayo tetep setya.
(REFREIN)
Kudu tekun lan setya.
Iman ya dijaga.
Merga tresnané Bapa.
Kita isa tekun uga setya.
(Delengen uga PR. 20:19, 20; Yb. 1:12; 1 Pt. 4:12-14.)