Minggu, 31 Agustus
Wong sing nduwé pemahaman bakal ngerti.—Dan. 12:10.
Bèn isa paham ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé butuh bantuan. Umpamané ngéné, njenengan lunga ing dhaérah sing durung tau ditekani. Tapi, ana kancané njenengan sing ngerti tenan dhaérah kuwi. Dhèwèké ngerti njenengan lagi ing ngendi lan kudu liwat dalan endi bèn isa tekan tujuan. Njenengan mesthi bersyukur merga nduwé kanca sing siap mbantu. Yéhuwah ya kaya kanca sing siap mbantu. Dhèwèké ngerti nèk awaké dhéwé urip ing dina-dina terakhir lan ngerti uripé awaké dhéwé sukmbèn piyé. Dadi bèn isa paham tenan ramalan ing Alkitab, awaké dhéwé kudu rendah hati njaluk bantuané Yéhuwah. (Dan. 2:28; 2 Ptr. 1:19, 20) Wong tuwa péngin anak-anaké bahagia. Yéhuwah ya kaya ngono. (Yér. 29:11) Tapi bédané, Yéhuwah isa ngandhani apa sing kelakon sukmbèn lan kuwi kabèh mesthi bener. Kuwi ditulis ing Alkitab bèn awaké dhéwé ngerti apa sing bakal kelakon. Awaké dhéwé mesthi bersyukur merga Yéhuwah wis ngandhani soal kuwi.—Yés. 46:10. w23.08 8 ¶3-4
Senèn, 1 September
Gusti Allah bakal madhangi awaké dhéwé kaya cahaya pas matahari terbit.—Luk. 1:78.
Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa kanggo nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Mukjijaté Yésus mbuktèkké nèk dhèwèké sanggup nyingkirké kabèh masalahé manungsa. Contoné, Yésus isa mbébaské wong-wong saka akibat dosa, yaiku penyakit lan kematian. (Mat. 9:1-6; Rm. 5:12, 18, 19) Yésus isa marèkké ”kabèh penyakit” lan nguripké kabèh wong sing wis mati. (Mat. 4:23; Yoh. 11:43, 44) Yésus ya nduwé kuwasa kanggo ngendhegké badai lan mbébaské wong-wong saka roh jahat. (Mrk. 4:37-39; Luk. 8:2) Awaké dhéwé mesthi dadi nduwé harapan merga Yéhuwah mènèhi kuwasa kanggo Yésus. Awaké dhéwé yakin nèk janjiné Gusti Allah mesthi bakal kelakon. Mukjijaté Yésus kuwi bukti nèk sukmbèn pas Yésus mréntah ing bumi keadaané bakal luwih apik. w23.04 3 ¶5-7
Selasa, 2 September
Roh suciné kuwi nyelidiki apa waé, termasuk pengetahuan sing jero soal Gusti Allah.—1 Kor. 2:10.
Nèk ing jemaaté njenengan sing teka akèh, njenengan mungkin jarang ditunjuk pas arep koméntar. Mungkin njenengan dadi ora péngin ngacung manèh. Tapi, aja nyerah. Coba persiapan beberapa koméntar. Dadi nèk awal-awal ora ditunjuk, njenengan isih isa ngacung bar kuwi. Pas persiapan Warta Penting, pikirna apa hubungan saben paragraf karo apa sing lagi dirembug. Nèk mikirké kuwi, mungkin luwih akèh sing isa dikoméntari selama rembugan. Njenengan ya isa nyiapké koméntar ing paragraf sing angèl. Lha ngapa? Merga biasané luwih sithik sing ngacung. Tapi piyé nèk njenengan bola-bali ora ditunjuk? Coba isa ngomong karo pemandhuné sakdurungé pertemuan, njenengan arep njawab pertanyaan sing endi. w23.04 22 ¶9-10