-
Apa Waé Paédahé Yèn Teka ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 5
Apa Waé Paédahé Yèn Teka ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Argentina
Sierra Leone
Belgia
Malaysia
Akèh wong ora gelem teka ing pakumpulan-pakumpulan ibadah merga rumangsa ora éntuk tuntunan lan panglipuran. Dadi, apa sebabé panjenengan perlu teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah? Apa paédahé?
Seneng merga ngumpul karo wong-wong sing grapyak lan welas asih. Ing jamané para rasul, wong Kristen dikumpulaké lan diatur ing jemaat-jemaat kanggo ngibadah marang Gusti Allah, sinau Alkitab, lan padha ngélingaké siji lan sijiné. (Ibrani 10:24, 25) Wektu wong-wong Kristen kuwi ngumpul karo para sedulur saiman, rasané kaya ngumpul karo kanca sing akrab banget. (2 Tésalonika 1:3; 3 Yokanan 14, 15) Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngrasakaké seneng merga niru contoné wong Kristen ing jamané para rasul.
Ngerti carané ngetrapaké pathokané Alkitab. Kaya ing jamané bangsa Israèl biyèn, wong lanang, wong wadon, lan bocah-bocah ngumpul bareng. Guru-guru sing trampil nggunakaké Alkitab kanggo mulang wong-wong carané ngetrapaké pathokané Alkitab ing urip saben dinané. (Pangandharing Torèt 31:12; Néhémya 8:9) Kabèh bisa mèlu ngidung lan urun rembug kanggo ngluhuraké Gusti Allah Yéhuwah.—Ibrani 13:15.
Iman marang Gusti Allah saya kuwat. Rasul Paulus ngandhani jemaat ing Rum, ”Aku kapéngin ketemu kowé, . . . supaya aku ana ing antaramu mèlu kalipur déning pracaya kita, iya pracayamu, lan iya pracayaku.” (Rum 1:11, 12) Yèn ajeg mèlu pakumpulan ibadah bareng sedulur saiman, awaké dhéwé bisa tambah kuwat iman lan tékadé kanggo manut karo pathokané Alkitab.
Panjenengan diundang supaya teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah lan ngrasakaké dhéwé paédahé. Seksi Yéhuwah mesthi seneng banget yèn panjenengan bisa teka. Ora perlu mbayar lan ora ana kolèkte.
Conto apa sing ditiru pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Apa paédahé yèn teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
-
-
Apa Gunané Kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 6
Apa Gunané Kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?
Madagaskar
Norwegia
Lebanon
Italia
Senajan kudu ngliwati alas utawa udan bledhèg, Seksi-Seksi Yéhuwah ajeg teka ing pakumpulan ibadahé. Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya teka ing pakumpulan ibadahé senajan akèh alangan utawa kesel nyambut gawé?
Nggawé urip luwih ayem tentrem. Paulus ngajak para anggota jemaat supaya padha ”nggatèkaké kebutuhané wong siji lan sijiné”. (Ibrani 10:24, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan) Kuwi artiné Paulus ngajak padha mikiraké utawa ngenal siji lan sijiné. Yèn bisa kenal karo Seksi Yéhuwah liyané, bisa dikandhani carané ngadhepi masalah. Mbokmenawa masalahé padha.
Bisa kekancan salawasé. Ing pakumpulan ibadah, Seksi Yéhuwah ora mung padha kenal waé, nanging uga padha kekancan raket. Ing wektu liyané Seksi Yéhuwah uga padha plesir bareng. Apa gunané kekancan kaya ngono? Bisa sinau carané ngajèni siji lan sijiné dadi bisa saya tresna. Merga kekancan sing raket mau, pas ana kanca sing ngadhepi masalah bisa padha mbantu. (Wulang Bebasan 17:17) Kekancan sing kaya ngono nduduhaké yèn Seksi Yéhuwah kuwi ’reksa-rineksa’ utawa nggatèkaké siji lan sijiné. —1 Korinta 12:25, 26.
Coba panjenengan nggolèk kanca sing nindakaké kersané Yéhuwah. Ora usah sungkan. Iku ana ing antarané Seksi-Seksi Yéhuwah.
Apa gunané kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing pakumpulan ibadahé?
Kapan panjenengan kepéngin kenalan karo jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah?
-
-
Ana Acara Apa Waé ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 7
Ana Acara Apa Waé ing Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Selandia Baru
Jepang
Uganda
Lithuania
Ing pakumpulan ibadahé wong Kristen ing jamané para rasul, acarané ngidung, ndonga, maca, lan ngrembug Kitab Suci. Ora ana upacara agama. (1 Korinta 14:26) Pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah niru conto kuwi.
Ana wulangan saka Alkitab sing bisa ditindakaké. Ing dina Setu utawa Minggu, ana ceramah Alkitab sing suwéné 30 menit. Ceramahé ngrembug bab gunané Alkitab kanggo urip ing jaman saiki. Sing teka diajak mbukak ayat-ayat sing diwaca. Bar kuwi, acarané Sinau ”Warta Penting”, yaiku ngrembug majalah Warta Penting sing kusus kanggo sinau bareng. Sapa waé éntuk urun rembug. Acara iki mbantu sing teka supaya bisa nindakaké pathokané Alkitab ing urip saben dinané. Ing luwih saka 110.000 jemaat sadonya, sing disinaoni mesthi padha.
Ana wulangan kanggo mulang Alkitab. Liyané dina Setu utawa Minggu, ana acara pakumpulan sing disebut Urip lan Nginjilé Wong Kristen, sing bahané saka Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Acarané ana telu. Sing sepisanan, Sinau saka Alkitab, ngrembug ayat-ayat Alkitab sing sadurungé wis diwaca ing omah. Sawisé kuwi, ing acara Ditrapké Wektu Nginjil, ana sedulur-sedulur sing nduduhaké carané ngrembug Alkitab karo wong liya. Banjur, ana pinituwa sing ngandhani supaya bisa luwih apik anggoné maca lan mulang. (1 Timotéus 4:13) Sing pungkasan, Uripé Wong Kristen. Acara iki ngrembug carané ngetrapaké pathokané Alkitab ing urip saben dina. Sing teka uga éntuk urun rembug supaya luwih ngerti isiné Alkitab.
Piwulang Alkitab ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah iku apik banget. Yèn teka, panjenengan mesthi gumun.—Yésaya 54:13.
Ana acara apa waé ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
Panjenengan kepéngin teka ing pakumpulan ibadah sing endi?
-
-
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Dandan lan Nganggo Sandhangan sing Pantes Nalika Ngibadah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 8
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Dandan lan Nganggo Sandhangan sing Pantes Nalika Ngibadah?
Islandia
Meksiko
Guinea-Bissau
Filipina
Ing buku iki apa panjenengan nggatèkaké gambaré dandanan lan sandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah nalika ngibadah? Seksi-Seksi Yéhuwah pancèn dandan lan nganggo sandhangan sing pantes. Apa sebabé?
Kanggo ngurmati Gusti Allah. Pancèn Gusti Allah ora mung mirsani njabané. (1 Samuèl 16:7) Nanging, nalika ngibadah Seksi-Seksi Yéhuwah kepéngin ngurmati Gusti Allah lan ngajèni wong liya sing teka. Yèn awaké dhéwé ketemu karo hakim ing pengadilan, awaké dhéwé mesti dandan sing pantes merga ngurmati pangkaté. Semono uga, dandanan lan sandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah ing pakumpulan ibadah kanggo ngurmati ”Hakiming jagad”, yaiku Yéhuwah, lan Balé Ibadahé.—Purwaning Dumadi 18:25.
Kanggo ngajèni pathokané Gusti Allah. Alkitab kandha supaya wong Kristen ngganggo sandhangan sing ”susila lan prasaja” kaya wong sing ”ngabekti ing Allah”. (1 Timotéus 2:9, 10) Nganggo sandhangan sing ”susila lan prasaja” tegesé ora nganggo klambi sing néka-néka, semrawang, mblèwèh, lan marahi pikiran ngeres. Klambi sing dienggo pantes lan ora awut-awutan. Senajan ana pathokané, isih bisa milih sandhangan kaya sing dikarepaké. Sing penting sandhangan iku pantes. Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ”ngluhuraké Gusti Allah” saka carané dandan lan milih sandhangan sing pantes. (Titus 2:10; 1 Pétrus 2:12) Dandanan lan sandhangan sing pantes ing pakumpulan ibadah bisa mbantu wong liya ngajèni ibadah marang Yéhuwah.
Senajan panjenengan durung nduwé sandhangan sing resmi, panjenengan ora perlu sungkan teka ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Sandhangané ora usah sing larang-larang, sing penting resik lan pantes.
Nalika ngibadah, Seksi-Seksi Yéhuwah dandan lan nganggo sandhangan sing pantes. Apa sebabé iku penting?
Ana pathokan apa waé kanggo dandan lan milih sandhangan sing pantes?
-
-
Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 9
Kepriyé Carané Supaya Éntuk Paédah saka Pakumpulan Ibadah?
Kamboja
Ukraina
Yèn panjenengan lagi sinau Alkitab bareng Seksi-Seksi Yéhuwah, panjenengan biyasané sinau dhisik buku sing arep dirembug, ta? Luwih apik manèh yèn kuwi uga ditindakaké sadurungé teka ing pakumpulan ibadah. Paédahé luwih akèh yèn kuwi ajeg ditindakaké.
Golèka wektu lan panggonan kanggo sinau. Pilihen wektu sing paling cocog pas panjenengan bisa nggatèkaké tenanan. Bisa waé ésuk sadurungé nyambut gawé, utawa bengi pas bocah-bocah wis turu. Senajan ora bisa sinau suwé, panjenengan bisa nemtokaké pira suwéné bisa sinau. Supaya ora keganggu, golèka panggonan sing sepi lan patènana radhio, TV, lan HP. Ndonga sadurungé sinau mbantu panjenengan ora mikiraké gawéan liyané lan bisa nggatèkaké tenanan.—Filipi 4:6, 7.
Garisana jawabané supaya bisa urun rembug. Wacanen judhulé bahan lan pikiren apa kaitané judhul-judhul cilik karo bab sing dirembug. Delengen gambar-gambaré lan pitakonan sing dadi ringkesané bahan. Cara kuwi mbantu panjenengan ngerti bab sing arep dirembug. Sawisé kuwi, wacanen saben paragraf lan golèkana jawaban saka pitakonané paragraf mau. Bukaken lan wacanen ayat-ayat sing ditulis, lan pikiren apa kaitané karo bab sing dirembug. (Para Rasul 17:11) Sawisé ngerti jawabané, garisana tembung-tembung sing penting supaya panjenengan éling jawabané. Yèn kepéngin urun rembug, panjenengan bisa ngacung. Jawabané cekak waé lan bisa milih tembung dhéwé, ora kudu maca saka bahané.
Yèn terus teka ing pakumpulan ibadah saben minggu, kawruh panjenengan bab Alkitab bakal tambah akèh.—Matéus 13:51, 52.
Apa sing perlu ajeg ditindakaké supaya éntuk paédah saka pakumpulan ibadah?
Kepriyé carané supaya bisa mèlu urun rembug ing pakumpulan ibadah?
-
-
Apa Ibadah Sakulawarga Iku?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 10
Apa Ibadah Sakulawarga Iku?
Korea Selatan
Brasil
Australia
Guinea
Wiwit jaman biyèn, Yéhuwah kepéngin saben kulawarga ngumpul bareng supaya cedhak karo Yéhuwah lan kulawarga saya raket. (Pangandharing Torèt 6:6, 7) Mula, saiki saben kulawarga Seksi Yéhuwah nggolèk wektu saben minggu kanggo ngibadah bebarengan. Ibadah iku kanggo sinau bab Yéhuwah lan bab Alkitab sing cocog karo kabutuhané kulawarga. Ibadahé ora perlu spaneng. Senajan ora karo kulawarga, panjenengan dhéwé bisa nggolèk wektu kanggo sinau Alkitab nurut bab sing disenengi, supaya cedhak karo Yéhuwah.
Wektu supaya cedhak karo Yéhuwah. ”Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Sinau Alkitab bab sipat-sipat lan tumindaké Yéhuwah bisa mbantu kulawarga luwih kenal karo Yéhuwah. Cara paling gampang kanggo mulai ibadah sakulawarga yaiku maca Alkitab bebarengan nganggo swara sing seru. Bab sing diwaca bisa padha karo jadwal acara Sekolah kanggo Mulang Alkitab saben mingguné. Anggoné maca bisa gentènan, banjur dirembug bareng-bareng.
Wektu supaya kulawarga saya raket. Wektu sinau Alkitab bebarengan, wong bebojoan uga wong tuwa karo anak-anaké bisa cedhak siji lan sijiné. Kuduné, ibadah sakulawarga bisa dadi wektu sing nyenengaké lan diarep-arep saben mingguné. Wong tua bisa milih bab sing cocog dirembug manut umuré bocahé. Bab sing dirembug bisa saka Warta Penting lan Sadarlah! utawa situs jw.org. Bisa uga ngrembug carané ngadhepi masalahé bocah nalika ing sekolahan. Saliyané kuwi, isa nonton salah sijiné acara ing JW Broadcasting (tv.jw.org) lan dirembug bareng sawisé nonton. Bar kuwi bisa ngidung bebarengan, lan mangan jajanan.
Ibadah sakulawarga saben minggu iki nyenengaké. Kuwi mbantu kulawarga supaya bisa seneng sinau bab Yéhuwah lan bab Alkitab. Yéhuwah bakal mberkahi upaya panjenengan iki.—Jabur 1:1-3.
Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nggolèk wektu kanggo ibadah sakulawarga?
Kepriyé carané wong tuwa bisa nggawé ibadah sakulawarga nyenengaké kanggo kabèh?
-
-
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 11
Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Teka ing Kebaktian?
Meksiko
Jerman
Botswana
Nikaragua
Italia
Delengen gambar iki. Wong-wong padha seneng merga teka ing kebaktiané Seksi-Seksi Yéhuwah. Umaté Gusti Allah jaman biyèn dipréntahaké supaya ngumpul setaun ping telu. Seksi-Seksi Yéhuwah saiki uga ngarep-arep bisa teka ing pakumpulan ibadah sing gedhé kaya ngono. (Pangandharing Torèt 16:16) Pendhak taun, Seksi-Seksi Yéhuwah nganakaké telung kebaktian, yakuwi kebaktian sawilayah sing suwéné sedina, setaun ping pindho, lan kebaktian gabungan wilayah sing suwéné telung dina. Apa paédahé yèn teka ing kebaktian-kebaktian kuwi?
Supaya pasedulurané saya akrab. Bangsa Israel jaman biyèn seneng ngluhuraké Yéhuwah ”ing pasamuwan” utawa ing jemaat. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngrasakaké seneng pas ngumpul bareng kanggo ngibadah. (Jabur 26:12; 111:1) Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ketemu lan srawung karo sedulur saka jemaat liya utawa negara liya. Wektu ngaso, kabèh padha mangan ing panggonan sing dienggo kebaktian, dadi acarané bisa luwih nyenengaké. (Para Rasul 2:42) Ing kebaktian, Seksi-Seksi Yéhuwah ngrasakaké katresnan sing ngrukunaké ’sadulur-sadulur’ sadonya.—1 Pétrus 2:17.
Bisa ngerti carané nindakaké kersané Gusti Allah. Bangsa Israel éntuk paédah sawisé ”mangreti pangandika” saka Kitab Suci sing diterangaké. (Néhémya 8:9, 13) Seksi-Seksi Yéhuwah uga seneng éntuk piwulang saka Alkitab ing kebaktian. Saben acara dhasaré saka ayat Alkitab. Saka kotbah, ceramah sambung-sinambung, lan wulangan sing dilakonaké, sing teka bisa sinau carané nindakaké kersané Gusti Allah. Ana sedulur sing crita yèn dhèwèké bisa tetep nindakaké kersané Gusti Allah senajan ngadhepi masalah. Crita iku bisa nggedhèkaké ati. Ing kebaktian gabungan wilayah, ana sandiwara sing critané saka Alkitab. Ing saben kebaktian ana acara baptisan. Saka acara kuwi, wong-wong dadi ngerti yèn sing dibaptis wis ngabdi marang Gusti Allah.
Apa sebabé kebaktian iku acara sing nyenengaké?
Apa gunané teka ing kebaktian?
-
-
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 12
Kepriyé Carané Seksi-Seksi Yéhuwah Martakaké Kabar Apik?
Spanyol
Belarus
Hong Kong
Peru
Sadurungé séda, Yésus tau ngendika, ”Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa. Sawisé iku lagi dina wekasan.” (Matéus 24:14) Kepriyé carané kabar apik diwartakaké ing saindenging donya? Carané yaiku niru contoné Yésus wektu ing bumi.—Lukas 8:1.
Marani wong ing omahé. Yésus maringi conto kanggo murid-muridé carané martakaké kabar apik ing omah-omah. (Matéus 10:11-13; Para Rasul 5:42; 20:20) Penginjil ing jamané para rasul uga diwènèhi gawéan sing padha, kanggo martakaké ing wilayah sing wis ditetepaké. (Matéus 10:5, 6; 2 Korinta 10:14) Ing jaman saiki, martakaké kabar apik uga ditata lan diatur, lan saben jemaat diwènèhi gawéan kanggo martakaké ing wilayahé dhéwé-dhéwé. Cara iki mbantu Seksi-Seksi Yéhuwah nindakaké kersané Yésus kanggo martakaké marang kabèh wong lan dadi paseksi.—Para Rasul 10:42.
Cara liyané. Yesus uga maringi conto carané martakaké kabar apik ing panggonan sing ditekani wong akèh, contoné ing pinggir segara utawa ing cedhak sumur. (Markus 4:1; Yokanan 4:5-15) Seksi-Seksi Yéhuwah uga martakaké Injil ing ngendi waé: ing dalan, ing toko-toko, ing taman, utawa liwat tilpun. Uga marang tangga, kanca kerja, kanca sekolah, lan sedulur ing wektu sing cocog. Kabèh cara kuwi bisa mbantu wong-wong ing kabèh panggonan ing donya ngrungokaké kabar apik bab kaslametan.—Jabur 96:2.
Apa panjenengan kepéngin martakaké kabar apik bab uripé manungsa mbésuk lan bab Kratoné Gusti Allah? Warta sing apik iki aja disimpen dhéwé. Wong-wong perlu krungu, mula ayo padha dicritakaké!
”Kabar apik” apa sing kudu diwartakaké?
Kepriyé Seksi-Seksi Yéhuwah niru carané Yésus martakaké Injil?
-
-
Perintis Iku Apa?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 13
Perintis Iku Apa?
Kanada
Nginjil
Mulang Alkitab
Sinau Alkitab
Tembung ”perintis” tegesé wong sing lunga ing dhaérah anyar lan miwiti sawijiné gawéan. Yésus bisa disebut perintis merga diutus ing bumi lan miwiti gawéan sing nylametaké wong-wong, yaiku martakaké kabar apik lan masrahaké nyawané. (Matéus 20:28) Ing jaman saiki, wong-wong Kristen niru contoné Yésus kuwi. Carané yaiku nggunakaké wektu saakèh-akèhé kanggo mulang wong-wong supaya dadi muridé Yésus. (Matéus 28:19, 20) Mula, ana wong Kristen sing dadi perintis.
Perintis iku penginjil kusus. Kabèh Seksi Yéhuwah iku penginjil. Nanging, ana sing ngatur wektuné supaya bisa dadi perintis biasa, sing nggunakaké wektu 70 jam saben sasi kanggo nginjil. Mula, akèh sing nyambut gawéné ora sedina muput utawa ora saben dina. Ana uga sing éntuk tugas dadi perintis istiméwa ing dhaérah sing luwih mbutuhaké penginjil. Perintis istiméwa nggunakaké wektu 130 jam utawa luwih saben sasi kanggo nginjil. Para perintis marem urip prasaja merga yakin yèn Yéhuwah bakal nyukupi apa sing dibutuhaké. (Matéus 6:31-33; 1 Timotéus 6:6-8) Sing ora bisa dadi perintis biasa utawa perintis istiméwa, bisa dadi perintis èkstra pas kahanané cocog. Perintis èkstra nggunakaké wektu 30 utawa 50 jam saben sasi kanggo nginjil.
Wong sing seneng mulang wong-wong merga nresnani Gusti Allah lan wong liya. Kaya ing jamané Yésus, akèh wong ing jaman saiki ora éntuk tuntunan urip. (Markus 6:34) Nanging, murid-muridé Yésus sing sejati nduwé pangertèn sing bisa mbantu wong-wong lan mènèhi pangarep-arep sing bisa diandelaké. Merga nresnani wong liya, perintis seneng nggunakaké wektu lan tenagané kanggo mbantu wong-wong nyedhak marang Gusti Allah. (Matéus 22:39; 1 Tésalonika 2:8) Merga nindakaké iku, imané dadi saya kuwat, saya cedhak karo Gusti Allah, lan uripé saya seneng.—Para Rasul 20:35.
Perintis iku apa?
Apa sebabé ana sing gelem dadi perintis?
-
-
Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
-
-
BAB 14
Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?
Amerika Serikat
Sekolah Giléad, Patterson, New York
Panama
Wiwit jaman biyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah dikenal nduwé program pendhidhikan saka Alkitab. Mulané, ana sekolah-sekolah kusus kanggo para perintis. Sekolah iku mbantu para perintis supaya bisa nindakaké kewajibané dadi abdiné Gusti Allah.—2 Timotéus 4:5.
Sekolah kanggo Perintis. Sawisé setahun dadi perintis biasa, bisa mèlu sekolah iki. Sekolah iki suwéné enem dina. Sekolah iki biasané dianakaké ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah sing paling cedhak. Gunané kanggo mbantu para perintis supaya bisa cedhak karo Yéhuwah, bisa luwih trampil martakaké kabar apik, lan bisa terus dadi perintis.
Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Sekolah iki suwéné rong sasi. Gunané kanggo mbantu para perintis sing wis pengalaman, sing gelem lunga saka dhaérah asalé, kanggo ngabdi ing panggonan liya sing mbutuhaké. Para perintis iki kaya-kaya ngomong ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”, kaya tuladhané Yesus, Penginjil sing Agung nalika ing bumi. (Yésaya 6:8; Yokanan 7:29) Merga adoh saka dhaérah asalé, para perintis iki perlu sinau carané urip sing prasaja lan cocog karo panggonan sing anyar. Kabudayan, hawa, lan panganané bisa waé béda karo dhaérah asalé. Para perintis iki uga perlu sinau basa liyané. Sekolah iki kanggo sing umuré 23 nganti 65 taun, bisa bujangan utawa wis nduwé bojo. Gunané kanggo mbantu supaya nduwèni sipat-sipat apik sing dibutuhaké ing panggonan anyar iku. Uga, mbantu supaya bisa luwih trampil ngabdi marang Yéhuwah lan pakumpulané.
Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Ing basa Ibrani, tembung ”Giléad” tegesé ”Tumpukan watu iku dadia seksi”. Wiwit sekolah iki ana ing taun 1943, luwih saka 8.000 muridé dikirim dadi utusan injil kanggo martakaké kabar apik ing ”sajembaré jagat” lan asilé ora dinyana-nyana. (Para Rasul 13:47, Kitab Suci ing Basa Jawa Suriname) Nalika ana murid Giléad teka sepisanan ing Peru, durung ana jemaat ing negara iku. Nanging, saiki wis ana luwih saka 1.000 jemaat ing kana. Pas utusan injilé Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing Jepang, Seksi Yéhuwah ing kana mung wong sepuluh. Saiki, ana luwih saka 200.000 Seksi Yéhuwah ing negara iku. Sekolah sing suwéné limang sasi iki luwih akèh mulang bab Alkitab. Sing diundang ing sekolah iki yaiku para perintis istiméwa utawa utusan injil, sing kerja ing kantor cabang, utawa sing ngabdi dadi Pinituwané Wilayah. Sekolah iki mbantu para perintis supaya bisa luwih mantep anggoné ngabdi.
Apa gunané Sekolah kanggo Perintis?
Sapa waé sing bisa mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?
-