BAGÉAN 8
Nèk Keluarga Ngadhepi Musibah
”Padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang prihatin sawatara mangsa marga saka anané godha-rencana warna-warna.”—1 Pétrus 1:6
Wong bebojoan mesthi wis ngupaya tenanan bèn keluarga isa ayem tentrem. Ning, kadhangkala ana kedadéan sing ora dinyana-nyana sing marakké uripé susah. (Kohèlèt 9:11) Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngadhepi masalah kuwi. Nèk panjenengan ngetrapké pathokané Alkitab sing arep dirembug iki, panjenengan lan keluarga isa ngadhepi musibah, senajan masalah kuwi abot banget.
1 PERCAYAA KARO YÉHUWAH
ALKITAB KANDHA: ”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.” (1 Pétrus 5:7) Pacoban kuwi asalé dudu saka Yéhuwah. (Yakobus 1:13) Nèk panjenengan ngupaya cedhak karo Yéhuwah, Yéhuwah iya bakal mbantu panjenengan. (Yésaya 41:10) ”Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsané.”—Jabur 62:8.
Nèk maca lan sinau Alkitab saben dina, uripé isa luwih ayem. Panjenengan bakal ngrasakké nèk Yéhuwah maringi panglipuran, senajan saiki kahanané marakké nelangsa. (2 Korinta 1:3, 4; Rum 15:4) Yéhuwah janji bakal maringi ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”.—Filipi 4:6, 7, 13.
SING ISA DITINDAKKÉ:
Dongaa nyuwun tulung karo Yéhuwah bèn isa nduwé ati sing ayem lan pikiran sing padhang
Coba pikirna cara-cara ngrampungi masalah, lan pilihen salah siji sing paling apik kanggo panjenengan
2 GATÈKNA KEBUTUHANÉ PANJENENGAN LAN KELUARGA
ALKITAB KANDHA: ”Atiné wong pinter ngolèhaké kawasisan, lan kupingé wong wicaksana ngupaya kapinteran.” (Wulang Bebasan 18:15) Coba takonana keluargamu siji-siji apa sing dibutuhké. Kudu omong-omongan karo keluarga lan rungokna tenanan omongané.—Wulang Bebasan 20:5.
Apa sing kudu ditindakké nèk ana salah sijiné wong ing keluarga sing mati? Aja pekéwuh nèk arep nangis utawa nyritakké perasaané. Yésus iya tau nangis. (Yokanan 11:35; Kohèlèt 3:4) Aja kurang turu lan ngaso bèn awaké tetep séhat. (Kohèlèt 4:6) Nèk kuwi kabèh ditindakké, panjenengan isa luwih gampang ngadhepi masalah.
SING ISA DITINDAKKÉ:
Kudu kerep ngomong karo keluarga apa sing dirasakké. Dadi, nèk pas ana musibah, keluarga iya gelem crita karo panjenengan apa sing dirasakké
Coba critakna apa sing kokrasakké karo wong sing wis tau ngadhepi masalah sing padha
3 GOLÈKA BANTUAN SING DIBUTUHKÉ
ALKITAB KANDHA: ”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg baé katresnané lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.” (Wulang Bebasan 17:17) Kanca-kanca panjenengan isa waé péngin mbantu, ning mbokmenawa ora ngerti apa sing kudu ditindakké. Aja pekéwuh nèk arep ngomong apa sing dibutuhké. (Wulang Bebasan 12:25) Coba nyuwun tulung karo Gusti Allah, carané, njaluk naséhat saka wong-wong sing ngerti isiné Alkitab. Wong kuwi isa ngandhani piyé carané ngrampungké masalah miturut naséhaté Alkitab.—Yakobus 5:14.
Panjenengan isa dadi kuwat nèk ajeg srawung karo wong-wong sing nduwé iman sing kuwat lan percaya janji-janjiné Gusti Allah. Panjenengan isa kelipur nèk nggedhèkké ati wong sing lagi susah. Critakna apa sing koksinau saka Alkitab lan janjiné Yéhuwah karo wong-wong kuwi. Saben dina, tulungana wong-wong sing lagi susah, lan aja ngedohi wong-wong sing tresna lan perduli karo panjenengan.—Wulang Bebasan 18:1; 1 Korinta 15:58.
SING ISA DITINDAKKÉ:
Coba critakna apa sing kok alami karo kancamu, lan aja pekéwuh nèk arep diwènèhi bantuan
Critakna apa sing saktenané panjenengan butuhké