PELAJARAN 2
Wong Lanang lan Wong Wédok sing Pertama
Yéhuwah nggawé taman sing disebut Taman Èden. Taman kuwi isiné kembang, wit-witan, lan kéwan-kéwan. Terus, Yéhuwah nggawé manungsa pertama sing dijenengi Adam. Manungsa kuwi digawé saka debu, terus irungé disebul diwènèhi napas. Kowé ngerti ora apa hasilé? Adam dadi urip. Terus, Yéhuwah ngongkon Adam ngurus taman kuwi lan mènèhi jeneng kéwan-kéwan ing kono.
Yéhuwah mènèhi Adam préntah sing penting. Yéhuwah ngomong, ’Kowé éntuk mangan buah saka kabèh wit ing kéné. Siji thok sing ora éntuk mbok pangan. Nèk buah kuwi mbok pangan, kowé bakal mati.’
Bar kuwi, Yéhuwah ngomong, ’Aku bakal nggawé pasangan sing cocog bèn isa nulungi Adam.’ Yéhuwah nggawé Adam turu angler. Terus, Yéhuwah nggawé wong wédok saka igané Adam. Wong wédok kuwi jenengé Hawa. Adam lan Hawa dadi keluarga sing pertama. Piyé perasaané Adam wektu diwènèhi bojo? Saking senengé, Adam ngomong, ’Akhiré ana sing kaya aku. Yéhuwah wis nggawé dhèwèké saka balungku.’
Yéhuwah ngongkon Adam lan Hawa nduwé anak-anak lan ngebaki bumi. Yéhuwah péngin Adam lan Hawa kerjasama nggawé bumi dadi firdaus, utawa taman sing indah, kaya Taman Èden. Tapi, kuwi ora kelakon. Kenapa? Ayo diteruské critané.
”Kèt awal Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.”—Matius 19:4