PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 21 hlm. 54-hlm. 55 par. 2
  • Bencana sing Kesepuluh

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bencana sing Kesepuluh
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Bencana sing Pertama Nganti Ketelu
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Musa Milih Nyembah Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Ana Enem Bencana Manèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Artiné Paskah kanggo Wong Kristen
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 21 hlm. 54-hlm. 55 par. 2
Wong lanang Israèl nyipratké getih ing pintu omahé

PELAJARAN 21

Bencana sing Kesepuluh

Musa janji karo Firaun nèk ora bakal nemoni dhèwèké manèh. Tapi, sakdurungé lunga saka ngarepé Firaun, Musa ngomong, ’Ing tengah wengi, kabèh anak lanang pertama ing Mesir bakal mati. Mulai saka anaké Firaun nganti anaké para budhak.’

Terus, Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl nyiapké panganan sing istiméwa. Yéhuwah ngomong, ’Belèhen domba utawa kambing sing umuré setaun. Cipratna getihé ing lawang omahmu. Panggangen dagingé, terus panganen nganggo roti tanpa ragi. Kowé kudu siap-siap. Sandhalmu enggonen. Bengi iki kowé kabèh bakal Tak bébaské.’ Bangsa Israèl mesthi seneng banget.

Ing tengah wengi, malaékaté Yéhuwah nekani kabèh omah ing Mesir. Nèk lawang omahé ora ana getihé, anak lanang pertama ing omah kuwi dipatèni. Tapi, omah sing lawangé ana getihé diliwati karo malaékat. Akhiré, kabèh anak lanang pertamané wong Mesir mati. Tapi, anaké wong Israèl ora ana sing mati.

Anak lanangé Firaun ya mati. Firaun dadi nesu banget. Firaun ngomong karo Musa lan Harun, ’Lungaa! Lungaa saka kéné. Kana! Ngibadaha karo Gusti Allahmu. Gawanen kabèh kéwanmu!’

Pas kuwi lagi bulan purnama. Bangsa Israèl akhiré lunga saka Mesir. Wong-wong kuwi baris nurut keluarga lan sukuné. Ana 600.000 wong lanang Israèl. Terus, ya ana akèh wong wédok lan bocah-bocah. Tapi, ora mung kuwi. Ana wong-wong saka bangsa liya sing mèlu bangsa Israèl merga péngin nyembah Yéhuwah. Akhiré, bangsa Israèl bébas!

Kanggo ngéling-éling nèk wis dislametké Yéhuwah, saben taun bangsa Israèl mangan panganan sing istiméwa kuwi. Kegiatan kuwi disebut Paskah, sing artiné ”ngliwati”.

Bangsa Israèl lunga saka Mesir

”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”​—Roma 9:17

Pertanyaan: Apa bencana sing kesepuluh? Bangsa Israèl kudu ngapa bèn isa slamet saka bencana kuwi?

Pangentasan 11:1–12:42; 13:3-10

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim