PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 58 hlm. 140-hlm. 141 par. 3
  • Yérusalèm Dihancurké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yérusalèm Dihancurké
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ramalan soal Mésias—Wit Aras sing Gedhé
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Yéhuwah Bakal Mbales Saben Wong Manut Tumindaké
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Yèhèzkièl—Peristiwa sing Dialami lan sing Kelakon ing Jamané
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Intiné Buku Yérémia
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 58 hlm. 140-hlm. 141 par. 3
Yérusalèm lan baité diobong

PELAJARAN 58

Yérusalèm Dihancurké

Wong Yéhuda wis bola-bali ora manut Yéhuwah lan nyembah allah-allah palsu. Tapi, Yéhuwah terus mbantu wong-wong kuwi. Liwat nabi-nabi, Yéhuwah ngongkon wong Yéhuda bertobat. Tapi, wong-wong kuwi ora gelem. Wong-wong kuwi malah ngécé nabi-nabiné Yéhuwah. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah?

Raja Babilon sing jenengé Nébukhadnézar wis ngalahké akèh bangsa. Wektu pertama kali ngalahké Yérusalèm, dhèwèké nangkep Raja Yéhoyakhin, para pemimpin, pejuang, lan pengrajin. Wong-wong kuwi digawa ing Babilon. Dhèwèké ya njupuk kabèh barang berharga sing ana ing baité Yéhuwah. Terus, Nébukhadnézar milih Zédékia dadi raja Yéhuda.

Mauné, Zédékia manut karo Nébukhadnézar. Tapi, para nabi palsu lan bangsa-bangsa sing manggon ing cedhak kono ngongkon Zédékia mbrontak nglawan Babilon. Yérémia ngomong, ’Nèk kowé mbrontak, rakyatmu bakal dipatèni. Terus, ya bakal ana kelaparan lan penyakit ing Yéhuda.’

Sakwisé mréntah wolung taun, Zédékia mbrontak nglawan Babilon. Dhèwèké njaluk bantuané pasukan Mesir. Nébukhadnézar ngongkon pasukané nyerang Yérusalèm. Wong-wong kuwi kémah ing sekitaré kutha kuwi. Yérémia ngomong karo Zédékia, ’Yéhuwah ngomong nèk kowé gelem nyerah, kowé lan kutha iki bakal slamet. Tapi, nèk kowé ora gelem nyerah, pasukan Babilon bakal ngobong Yérusalèm lan kowé bakal dipenjara.’ Zédékia njawab, ’Wegah. Aku ora bakal nyerah karo Babilon.’

Siji setengah taun bar kuwi, pasukan Babilon njebol témbok Yérusalèm lan ngobong kutha kuwi. Pasukan Babilon ngobong bait, matèni wong akèh, lan nangkep wong-wong sing isih urip.

Zédékia isa metu saka Yérusalèm, tapi wong Babilon ngoyak. Dhèwèké ditangkep ing cedhak Yérikho, terus diserahké ing Nébukhadnézar. Zédékia ndelok anak-anaké dipatèni. Terus, dhèwèké digawé wuta lan dilebokké penjara. Zédékia akhiré mati ing penjara. Tapi, Yéhuwah janji karo wong-wong Yéhuda, ’Kowé bakal mulih ing Yérusalèm 70 taun manèh.’

Apa sing dialami karo cah-cah enom sing digawa ing Babilon? Apa cah-cah enom kuwi bakal terus manut Yéhuwah?

”Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa, keputusan-Mu kuwi bener lan adil.”​—Wahyu 16:7

Pertanyaan: Nébukhadnézar kuwi sapa? Yérusalèm diapakké karo Nébukhadnézar? Zédékia kuwi sapa?

2 Para Raja 24:1, 2, 8-20; 25:1-24; 2 Babad 36:6-21; Yérémia 27:12-14; 29:10, 11; 38:14-23; 39:1-9; Yèhèzkièl 21:27

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim