PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp19 No. 2 hlm. 6-7
  • Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SARAN-SARAN SING ISA MBANTU
  • Ngadhepi Rasa Sedhih
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Sing Mungkin Dirasakké
    Gatèkna!—2018
  • Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?
    Pitakonané Cah Enom
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
wp19 No. 2 hlm. 6-7
Suami istri sing lagi sedhih ngadeg ing pantai karo ndelok ing kadohan

Wektu Ditinggal Mati Wong sing Disayangi

”Aku ora ngerti kudu piyé wektu masku mati. Nganti pirang-pirang sasi sakwisé kuwi, aku terus kèlingan dhèwèké. Atiku lara banget. Aku ora trima. Kenapa masku kudu mati? Aku ya gela merga ora nggunakké akèh wektu karo masku pas dhèwèké isih urip.”​—Vanessa, Australia.

WEKTU ditinggal mati karo wong sing disayangi, mungkin perasaané awaké dhéwé dadi ora karuan. Awaké dhéwé mungkin ngrasa sedhih, kesepian, bingung, ora trima, gela, lan wedi. Awaké dhéwé mungkin ya dadi ora nduwé semangat urip manèh.

Ngrasa sedhih merga ditinggal mati wong sing disayangi kuwi ora salah. Kuwi malah nduduhké nèk awaké dhéwé sayang banget karo wong kuwi. Ning, piyé carané bèn awaké dhéwé ora terus-terusan ngrasa sedhih?

SARAN-SARAN SING ISA MBANTU

Senajan kétoké rasa sedhih kuwi ora isa ilang, awaké dhéwé isa nyoba ngetrapké saran-saran iki:

RASA SEDHIH AJA DITAHAN-TAHAN

Saben wong nduwé cara sing béda-béda kanggo nduduhké rasa sedhihé. Nangis isa mbantu awaké dhéwé bèn ngrasa luwih lega. Vanessa, sing disebutké mau, kandha, ”Sakwisé nangis, aku ngrasa lega.” Sofia, sing ditinggal mati karo adhiné wédok, kandha, ”Aku ora ngupaya kanggo nglalèkké adhiku senajan kuwi nggawé atiku lara banget. Ning, aku ngerti nèk suwé-suwé rasa sedhihku bakal ilang.”

CRITAKNA PERASAANMU

Awaké dhéwé mungkin péngin dhèwèkan pas lagi sedhih. Ning, wektu sedhih, awaké dhéwé sakjané malah mbutuhké bantuané wong liya. Jared, sing umuré 17 taun, kandha, ”Wektu bapakku mati, aku crita karo wong liya soal perasaanku. Sing tak critakké mungkin kétok ora masuk akal. Ning, bar kuwi, aku ngrasa lega.” Janice, sing wis disebutké ing artikel pertama, kandha, ”Aku ngrasa dikuwatké wektu crita karo wong liya soal perasaanku. Aku rumangsa dingertèni lan ora kesepian.”

NAMPA BANTUAN

Ana dokter sing kandha, ”Wong sing ditinggal mati karo wong sing disayangi isa ngrasa luwih tenang nèk gelem nampa bantuan saka kanca-kanca lan keluargané.” Kanca-kancané awaké dhéwé mungkin bingung kudu nindakké apa. Mula, awaké dhéwé isa ngandhani apa sing awaké dhéwé butuhké.​—Wulang Bebasan 17:17.

NGGOLÉK PENGHIBURAN SAKA GUSTI ALLAH

Tina kandha, ”Bojoku kena kanker lan akhiré mati. Ndhisik, nèk ana apa-apa, aku crita karo bojoku. Saiki, aku mung isa crita karo Gusti Allah. Saben ésuk, aku ndonga. Aku bener-bener ngrasa nèk Gusti Allah nguwatké aku.” Tarsha, sing umuré 22 taun wektu ditinggal mati karo ibuné, kandha, ”Aku bener-bener dikuwatké wektu maca Alkitab saben dina. Kuwi mbantu aku nduwé pikiran sing positif.”

MBAYANGKÉ HARAPAN KEBANGKITAN

Tina kandha manèh, ”Ndhisik, aku mikir nèk sing tak butuhké kanggo aku lan anak-anakku kuwi bojoku, dudu harapan kebangkitan. Ning saiki, sakwisé patang taun, aku dadi ngerti nèk harapan kuwi sing wis nguwatké aku. Aku ngrasa ayem wektu mbayangké isa ketemu manèh karo bojoku.”

Mungkin rasa sedhih sing awaké dhéwé rasakké ora langsung ilang. Ning, pengalamané Vanessa isa dadi jaminan. Vanessa kandha, ”Mungkin awaké dhéwé mikir nèk ora bakal isa ngatasi rasa sedhih. Ning, suwé-suwé kuwi bakal ilang.”

Senajan bakal tetep kangen karo wong sing disayangi sing wis mati, awaké dhéwé kudu tetep nduwé semangat urip. Gusti Allah péngin mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep bahagia. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nguripké wong sing wis mati. Dadi, awaké dhéwé isa ketemu manèh karo wong sing awaké dhéwé sayangi. Wektu kuwi, awaké dhéwé ora bakal sedhih manèh.

Ayat Alkitab sing Isa Direnungké

Gusti Allah perduli karo perasaané awaké dhéwé.

Salah siji penulis Alkitab kandha, ”Luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?”​—Jabur 56:9.

Nyritakké perasaané awaké dhéwé liwat donga.

”Karubedanku dakaturaké marang [Gusti Allah] . . . Dhuh Yéhuwah,a kawula nyebut dhumateng Paduka.”​—Jabur 142:3, 6.

Ana harapan kebangkitan.

”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong.”​—Kisah 24:15.

Gusti Allah bener-bener péngin nguripké manèh wong-wong sing wis mati.b—Ayub 14:14, 15.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing dicathet ing Alkitab.

b Bèn ngerti luwih akèh soal kebangkitan, deloken Pelajaran 30 saka buku Bahagia Saklawasé sing dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Kuwi ya ana ing www.jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim