PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w19 Februari hlm. 26-30
  • Warisan Rohani Nggawé Aku Semangat Ngabdi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Warisan Rohani Nggawé Aku Semangat Ngabdi
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • WONG TUWA SING SAYANG KARO ANAK-ANAKÉ
  • PENGALAMANKU WEKTU ISIH ENOM
  • PENGALAMAN NGINJIL ING NIGERIA
  • TUGAS-TUGAS ANYAR
  • Ngrasa Aman Merga Percaya Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Yéhuwah Mberkahi Keputusanku
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
w19 Februari hlm. 26-30
Woodworth Mills

PENGALAMAN

Warisan Rohani Nggawé Aku Semangat Ngabdi

Dicritakké karo Woodworth Mills

BENGI kuwi aku ngadeg ing cedhaké Sungai Niger sing arusé deres lan ambané kira-kira 1,6 kilomèter. Wektu kuwi ing Nigeria lagi ana perang sipil. Dadi, nyebrangi Sungai Niger kuwi bahaya banget. Ning, aku lan para sedulur malah kudu ping bola-bali nyebrangi sungai kuwi. Ayo tak critani dhisik pengalaman sakdurungé aku lair.

Bapakku, John Millls, dibaptis taun 1913 ing New York City pas umuré 25 taun. Sing nyampèkké kotbah baptisan Sedulur Russell. Ora suwé sakwisé kuwi, Bapak lunga menyang Trinidad lan nikah karo Constance Farmer, salah siji Siswa Alkitab sing semangat. Ing kono, Bapak lan kancané, sing jenengé William R. Brown, nggunakké ”Drama-Foto Penciptaan” wektu nginjil. Ing taun 1923, Sedulur Brown lan bojoné ditugaské menyang Afrika Barat, ning Bapak lan Ibu tetep ing Trinidad. Bapak lan ibuku nduwé harapan urip ing swarga.

WONG TUWA SING SAYANG KARO ANAK-ANAKÉ

Wong tuwaku nduwé anak sanga, lan sing mbarep dijenengi Rutherford, padha karo jenengé présidhèn Lembaga Alkitab dan Risalah Menara Pengawal. Aku lair tanggal 30 Desember 1922 lan dijenengi Woodworth, bèn padha kaya jenengé editor majalah The Golden Age (saiki disebut Sadarlah!), yaiku Clayton J. Woodworth. Senajan ya nyekolahké anak-anaké, ning wong tuwaku nyemangati aku lan sedulur-sedulurku bèn nduwé cita-cita rohani. Ibuku pinter mulang Alkitab. Bapakku seneng nglakonké manèh crita-crita ing Alkitab, bèn anak-anaké isa mbayangké critané.

Upayané wong tuwaku ora sia-sia. Aku lan adhiku lanang loro mèlu Sekolah Giléad. Adhiku wédok telu ya dadi perintis nganti pirang-pirang taun ing Trinidad lan Tobago. Aku lan sedulur-sedulurku dadi péngin terus ngabdi merga wong tuwaku wis mulang lan mènèhi conto sing apik. Aku lan sedulur-sedulurku dadi kaya tanduran sing ”katandur ana ing padalemaning Yéhuwah” lan ”ngrembaka ana ing plataraning Allah kita”.​—Ms. 92:14.

Wektu kuwi, para sedulur kerep ngumpul ing omahku sakdurungé lan sakwisé nginjil. Para perintis kerep nyritakké soal Sedulur George Young, wong Kanada sing dadi utusan injil, sing tau ngunjungi Trinidad. Wong tuwaku ya kerep crita soal kanca nginjilé mbiyèn, yaiku Sedulur Brown lan bojoné, sing wektu kuwi wis nglayani ing Afrika Barat. Kuwi kabèh nggawé aku dadi péngin mèlu gawéan nginjil. Akhiré, aku dadi penginjil wektu umur sepuluh taun.

PENGALAMANKU WEKTU ISIH ENOM

Majalahé awaké dhéwé wektu kuwi blak-blakan nyebutké soal agama palsu, sistem perdagangan sing srakah, lan pamréntahan sing korupsi. Akibaté, ing taun 1936, para pemimpin agama mengaruhi gubernur Trinidad kanggo nglarang kabèh publikasi Lembaga. Dadi, publikasi-publikasi kuwi kudu diumpetké. Ning, aku lan para sedulur tetep mbagèkké publikasi kuwi nganti entèk. Wektu kuwi, aku lan para sedulur baris karo mlaku lan numpak sepédha kanggo nginjil nggunakké selebaran lan plakat. Aku lan para sedulur ya nginjil nganti tekan dhaérah plosok ing Trinidad, bareng karo kelompok nginjil sing nganggo mobil halo-halo saka Tunapuna. Kuwi nyenengké banget lan nggawé aku dadi péngin dibaptis. Akhiré, aku dibaptis wektu umur 16 taun.

Kelompok nginjil sing nganggo mobil halo-halo saka Tunapuna

Kelompok nginjil sing nganggo mobil halo-halo saka Tunapuna

Apa sing diajarké wong tuwaku lan pengalaman kuwi nggawé aku péngin dadi utusan injil. Aku isih péngin dadi utusan injil wektu lunga Aruba ing taun 1944. Ing kono, aku nginjil karo Sedulur Edmund W. Cummings. Aku lan dhèwèké seneng banget wektu ana wong sepuluh sing teka ing Pèngetan taun 1945. Ing taun 1946, jemaat sing pertama mulai ana ing Aruba.

Oris lan Woodworth Mills pas isih enom

Seneng banget isa ngabdi bareng karo Oris

Ora suwé sakwisé kuwi, aku ngekèki kesaksian kanca kerjaku sing jenengé Oris Williams. Awalé, Oris ngèyèl lan mbantah terus. Ning, dhèwèké terus sinau Alkitab lan akhiré ngerti apa sing saktenané diajarké ing Alkitab. Oris dibaptis tanggal 5 Januari 1947. Terus, aku lan Oris padha-padha senengé lan akhiré nikah. Oris mulai merintis sasi November 1950. Aku seneng banget isa urip bebojoan karo Oris.

PENGALAMAN NGINJIL ING NIGERIA

Ing taun 1955, aku lan Oris metu saka gawéan, ngedol omah lan barang-barang, terus lunga saka Aruba, merga diundang mèlu Sekolah Giléad. Ing tanggal 29 Juli 1956, aku lan Oris lulus saka Sekolah Giléad kelas sing ke-27 lan ditugaské menyang Nigeria.

Woodworth lan Oris Mills karo keluarga Bètel ing Lagos, Nigeria, taun 1957

Bareng karo keluarga Bètel ing Lagos, Nigeria, taun 1957

Oris kandha, ”Roh suciné Yéhuwah isa mbantu para utusan injil ngadhepi tantangan. Aku sakjané pénginé nduwé omah lan anak-anak, dudu dadi utusan injil. Ning, akhiré aku sadhar nèk nginjil kuwi penting banget. Sakwisé lulus Giléad, aku siap kanggo dadi utusan injil. Sedulur Worth Thornton, sing sak kantor karo Sedulur Knorr, ngeterké aku lan bojoku nganti numpak kapal Queen Mary. Wektu aku lan bojoku wis numpak kapal, dhèwèké kandha nèk aku lan bojoku bakal nglayani ing Bètel. Sakjané aku rada gela. Ning, bar kuwi aku isa seneng wektu nglayani ing Bètel lan éntuk tugas sing béda-béda. Tugas sing paling tak senengi yaiku dadi resepsionis, merga aku seneng bergaul karo wong-wong. Wektu dadi resepsionis, aku isa ketemu langsung karo para sedulur Nigeria. Para sedulur kuwi padha ngelih, ngelak, kesel, lan klambiné reged wektu teka ing Bètel. Aku seneng isa nguwatké lan ngurus kebutuhané para sedulur kuwi. Tugas-tugas ing Bètel kuwi tugas suci saka Yéhuwah. Kuwi nggawé aku puas lan seneng banget.” Dadi, kabèh tugas saka Yéhuwah isa nggawé aku lan bojoku saya semangat ngabdi.

Wektu lagi kumpul keluarga ing Trinidad taun 1961, Sedulur Brown nyritakké pengalamané sing nyenengké pas lagi ing Afrika. Terus, aku ya nyritakké soal perkembangané gawéan nginjil ing Nigeria. Sedulur Brown ngrangkul aku lan kandha karo bapakku, ”Johnny, kowé durung tau tekan Afrika, ta? Woodworth malah wis tau lho!” Bapakku njawab, ”Apik, Worth! Terusna upayamu!” Kata-katané Sedulur Brown lan bapakku kuwi nguwatké aku lan nggawé aku saya semangat nindakké tugas.

Woodworth Mills, Antonia Brown, William ”Bible” Brown, lan Oris Mills

William ”Bible” Brown lan bojoné, yaiku Antonia, sing nguwatké aku lan Oris

Ing taun 1962, aku diundang manèh kanggo mèlu Sekolah Giléad kelas sing ke-37, sing suwéné sepuluh sasi. Wilfred Gooch, pengawas cabang Nigeria wektu kuwi, mèlu Sekolah Giléad kelas sing ke-38 lan ditugaské menyang Inggris. Mula, aku dilantik dadi pengawas cabang Nigeria nggantèni dhèwèké. Kaya Sedulur Brown, aku ngunjungi para sedulur ing Nigeria bèn dadi saya akrab karo para sedulur kuwi. Para sedulur kuwi uripé sederhana, ning tetep isa ngrasa seneng lan puas. Kuwi mbuktèkké nèk urip seneng ora bergantung karo sepira akèhé dhuwit utawa bandha sing diduwèni. Senajan sederhana, ning penampilané para sedulur kuwi tetep resik, rapi, lan sopan wektu teka ing perhimpunan. Kuwi nggawé aku kagum. Para sedulur kuwi teka ing kebaktian-kebaktian, ana sing numpak truk lan ana sing numpak bolekajaa (bis sing jendhélané ora ana kacané). Bis-bis kuwi biasané ana tulisané. Salah siji tulisané yaiku: ”Tètèsan-tètèsan banyu isa dadi sak segara.”

Tulisan ing bis kuwi bener banget. Upayaku lan Oris ditambah upayané para sedulur ing Nigeria isa dipadhakké kaya tètèsan-tètèsan banyu sing dadi sak segara. Gawéan nginjil ing kono bener-bener berkembang. Ing taun 1974, Nigeria dadi negara pertama sakliyané Amerika Serikat sing jumlah penginjilé nganti 100.000.

Pas gawéan nginjil lagi maju-majuné, ana perang sipil ing kono saka taun 1967 nganti 1970. Nganti pirang-pirang sasi, para sedulur ing Biafra, yaiku dhaérah ing sebrangé Sungai Niger, ora isa komunikasi karo kantor cabang Nigeria. Mula, kaya sing tak critakké mau, aku lan para sedulur kudu bola-bali nyebrangi Sungai Niger kanggo mènèhi wacan-wacan Alkitab lan arahan sing isa nguwatké. Wektu nindakké kuwi, aku lan para sedulur kudu ndonga lan ngendelké Yéhuwah.

Aku isih kèlingan karo bahaya sing tak adhepi wektu kuwi. Ana tentara-tentara sing seneng némbak sak karepé dhéwé, penyakit, lan bahaya liyané. Ngliwati tentara-tentara sing njaga perbatasan kuwi ora gampang. Ning, sakwisé tekan Biafra kuwi luwih bahaya merga ing kono ana akèh pembrontak. Wis tau aku bengi-bengi nyebrangi Sungai Niger sing arusé deres numpak prau cilik saka Asaba menyang Onitsha, terus lunga menyang Enugu kanggo nguwatké para pengawas ing kono. Aku ya wis tau lunga menyang Aba kanggo nguwatké para pinituwa ing kono. Wektu kuwi peteng banget merga wong-wong padha dikongkon matèni lampu bèn ora konangan mungsuh. Terus, wektu berhimpun ing Port Harcourt, ana tentara Nigeria lagi nyerang pembrontak Biafra ing njaba kutha. Dadi, perhimpunané kudu cepet-cepet ditutup ndonga.

Perhimpunan-perhimpunan kuwi isa nguwatké para sedulur lan mènèhi arahan sing dibutuhké bèn isa tetep setya marang Yéhuwah lan sedulur liyané. Para sedulur ing Nigeria isa tetep setya senajan ngalami keadaan sing angèl. Para sedulur kuwi tetep nresnani sedulur seimané senajan wong liya padha patèn-patènan. Aku seneng isa nglayani bareng para sedulur Nigeria wektu ngadhepi keadaan sing angèl kuwi.

Ing taun 1969, Sedulur Milton G. Henschel dadi ketua kebaktian internasional sing judhulé ”Peace on Earth” (”Damai ing Bumi”) ing Yankee Stadium, New York, lan aku dadi asistèné. Kuwi dadi pengalaman sing isa mbantu aku lan para sedulur wektu nganakké kebaktian internasional ing taun 1970 sing judhulé ”Men of Goodwill” (”Wong-Wong sing Nyenengké Gusti Allah”) ing Lagos, Nigeria. Kebaktian kuwi dianakké ora suwé sakwisé perang sipil lan isa suksès mung merga bantuané Yéhuwah. Acara kuwi istiméwa merga dianakké ing 17 basa lan sing teka ana 121.128 wong. Sedulur Knorr, Sedulur Henschel, lan sedulur-sedulur saka Amerika Serikat lan Inggris ya teka ing kebaktian kuwi. Para sedulur kuwi mèlu ndelok ana 3.775 murid anyar sing dibaptis. Kuwi luwih akèh ketimbang sing dibaptis pas dina Péntakosta mbiyèn. Mbantu ngatur acara kebaktian kuwi mungkin dadi kegiatan sing paling nggawé aku sibuk. Ora butuh wektu suwé, jumlah penginjil ing Nigeria dadi saya akèh.

Kebaktian internasional sing judhulé ”Wong-Wong sing Nyenengké Gusti Allah” ing Lagos, Nigeria, taun 1970

Ana 121.128 sing teka ing kebaktian internasional sing judhulé ”Wong-Wong sing Nyenengké Gusti Allah”, sing dianakké ing 17 basa, klebu basa Ibo

Saksuwéné 30 taun luwih ing Nigeria, aku kadhang kala nglayani dadi pinituwa wilayah lan pengawas zona ing Afrika Barat. Para utusan injil ing kono seneng wektu digatèkké lan digedhèkké atiné. Aku ya seneng merga isa nguwatké para sedulur kuwi. Tugas iki mbantu aku ngerti nèk para sedulur butuh digatèkké bèn isa terus setya marang Yéhuwah lan sedulur liyané.

Aku lan Oris bener-bener ngrasakké bantuané Yéhuwah wektu ngadhepi perang sipil lan penyakit. Oris kandha:

”Aku lan bojoku bola-bali kena malaria. Wis tau Worth ora sadhar wektu tekan rumah sakit ing Lagos. Aku dikandhani nèk dhèwèké mungkin bakal mati. Ning, untungé dhèwèké sadhar manèh. Sakwisé sadhar, dhèwèké malah ngekèki kesaksian marang perawaté, sing jenengé Pak Nwambiwe. Bar kuwi, aku karo Worth marani Pak Nwambiwe manèh. Dhèwèké gelem sinau Alkitab lan akhiré dadi pinituwa ing Aba. Aku seneng isa mbantu wong akèh dadi abdiné Yéhuwah. Ing antarané sing tak bantu kuwi ana wong-wong Muslim sing rajin ngibadah. Aku lan Worth seneng banget merga isa ngerti budayané, kebiasaané, lan basané wong Nigeria. Aku lan Worth ya seneng merga isa akrab karo wong-wong ing kono.”

Saka pengalaman iki aku ya dadi ngerti nèk awaké dhéwé kudu ngupaya nresnani para sedulur sing budayané béda, bèn isa suksès wektu ditugaské ing negara liya.

TUGAS-TUGAS ANYAR

Sakwisé nglayani ing Bètel Nigeria, aku lan bojoku ditugaské dadi utusan injil ing St. Lucia, Kepulauan Karibia taun 1987. Tugas kuwi nyenengké banget, ning ya ana tantangané. Ing Afrika, wong lanang nduwé akèh bojo. Ning, ing St. Lucia, akèh pasangan sing urip bareng padahal ora nikah. Merga sinau Alkitab, ana wong-wong sing akhiré isa nggawé perubahan.

Woodworth lan Oris Mills sing wis tuwa

Aku sayang karo Oris sing wis dadi bojoku nganti 68 taun

Pengurus Pusat perduli karo aku lan Oris sing wis saya tuwa. Mula, ing taun 2005 aku lan Oris ditugaské ing kantor pusat ing Brooklyn, New York, AS. Ing taun 2015, Oris mati. Kuwi nggawé aku sedhih banget. Aku sayang banget karo Oris merga sipat-sipaté sing apik. Nganti 68 taun, dhèwèké wis dadi kanca sing apikan lan bojo sing sayang karo aku. Saben dina aku isih ngucapké maturnuwun marang Yéhuwah merga isa nduwé bojo kaya Oris. Aku lan Oris wis sinau resèpé bèn isa bahagia ing keluarga lan jemaat yaiku ngajèni kekepalaan, seneng ngapurani, tetep rendah hati, lan nduduhké woh sing dihasilké roh suci.

Wektu ngrasa kecéwa utawa cilik ati, aku lan Oris terus ngendelké Yéhuwah bèn isa tetep ngabdi. Nèk awaké dhéwé gelem manut karo arahané Yéhuwah, keadaané isa dadi apik lan bakal dadi saya apik manèh sukmbèn.​—Yé. 60:17; 2 Kor. 13:11.

Gawéan nginjilé wong tuwaku lan para sedulur ing Trinidad lan Tobago diberkahi karo Yéhuwah. Nurut laporan terakhir, ana 9.892 penginjil ing kono. Ing Aruba, ana akèh sing wis ditindakké kanggo nguwatké para sedulur ing jemaat sing mbiyèn aku tau nggabung. Saiki ana 14 jemaat ing kono. Ing Nigeria ana 381.398 penginjil lan ing St. Lucia ana 783 penginjil.

Umurku saiki 90 taun. Jabur 92:15 kandha nèk wong-wong sing ditandur ing omahé Yéhuwah kuwi ”sanadyan wus tuwa isih padha metu wohé, padha dadi lemu lan seger”. Aku ngrasa puas lan seneng merga wis nggunakké uripku kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Aku dadi semangat ngabdi merga éntuk warisan rohani saka wong tuwaku. Merga katresnané Yéhuwah sing langgeng, aku isa terus ”ngrembaka ana ing plataraning” Yéhuwah.​—Ms. 92:14.

a Deloken Awake! 8 Maret 1972, halaman 24-26.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim