PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 3 hlm. 13
  • Awaké Dhéwé Isa Éntuk Berkah nèk Mbantu Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Awaké Dhéwé Isa Éntuk Berkah nèk Mbantu Wong Liya
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KANDHANÉ KITAB SUCI
  • APA MAKSUDÉ MBANTU WONG LIYA?
  • Istilah ”Wong Samaria sing Apikan” Kuwi Maksudé Apa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Perumpamaan bab Wong Samaria sing Apikan
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Apik Ati—Sipat sing Diduduhké liwat Omongan lan Tumindak
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 3 hlm. 13
Wong lanang lagi nduduhké arah nggunakké péta.

Apa njenengan gelem mbantu wong liya sing umuré, bangsané, utawa agamané béda?

Awaké Dhéwé Isa Éntuk Berkah nèk Mbantu Wong Liya

Akèh wong mbutuhké panganan lan panggonan. Liyané, ana sing mbutuhké harapan kanggo masa depan. Nèk awaké dhéwé gelem mbantu wong sing mbutuhké bantuan, Gusti Allah bakal mberkahi awaké dhéwé.

KANDHANÉ KITAB SUCI

”Sing sapa nulungi wong miskin kuwi motangaké marang Allah; Panjenengané sing bakal nyaur.”​—WULANG BEBASAN 19:17, Basa Jawi Padintenan (BJP).

APA MAKSUDÉ MBANTU WONG LIYA?

Yésus nyritakké perumpamaan soal wong lanang sing dirampok lan ditinggal nganti mèh mati. (Lukas 10:29-37) Ana wong asing sing gelem mbantu lan nambani wong sing dirampok mau. Dhèwèké gelem mbantu senajan nduwé latar belakang sing béda.

Wong sing apikan iki ora mung nambani lan ngekèki dhuwit wong sing dirampok mau. Ning, dhèwèké ya nguwatké wong kuwi bèn ora ngrasa susah manèh.

Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan iki? Yésus ngandhani nèk awaké dhéwé kudu mbantu wong liya sak isa-isané. (Wulang Bebasan 14:31) Kitab Suci kandha nèk ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Awaké dhéwé mungkin mikir, kapan lan piyé Gusti Allah nindakké kuwi? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug berkah-berkah sing wis disiapké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé.

”GUSTI ALLAH ORA BAKAL NINGGALKÉ AKU”

Pengalamané imigran saka Gambia

”Wektu aku tekan ing Eropa, aku ora nduwé apa-apa. Aku ora nduwé gawéan, dhuwit, lan omah. Ning, Kitab Suci mbantu aku dadi gelem kerja keras lan gelem mbantu wong-wong sing mbutuhké bantuan. Gusti Allah ora bakal ninggalké aku lan aku wis ngrasakké dhéwé berkahé.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim