ARTIKEL PELAJARAN 22
LAGU 127 Bantu Aku Nyenengké Ati-Mu
Naséhat soal Berpacaran Menurut Alkitab
”Dadi wong sing ayu atiné . . . sing berharga banget.” —1 PTR. 3:4.
INTI
Hal-hal sing kudu dipahami wong sing berpacaran soal hubungané meréka lan perané para sedulur ing jemaat.
1-2. Apa koméntaré beberapa wong soal pacaran?
WEKTU pacaran kuwi masa-masa sing nyenengké lan marahi semangat. Nèk njenengan lagi pacaran, njenengan mesthi ya péngin hubungané lancar. Ana akèh pasangan sing wis ngrasakké kaya ngono. Sean,a sedulur wédok saka Etiopia, crita, ”Masa-masa sing paling nyenengké kuwi wektu aku karo bojoku isih pacaran. Nèk ngobrol, kami ora mung guyonan thok, tapi ya ngomongké hal-hal sing serius. Wektu kuwi aku bahagia banget, merga wong sing tak sayangi ya sayang karo aku.”
2 Tapi, Sedulur Alessio saka Belanda ngomong, ”Meskipun aku seneng soalé pas pacaran isa dadi luwih mengenal calonku, tapi masa-masa berpacaran kuwi ya ana akèh tantangané.” Ing artikel iki bakal dibahas apa waé sing bakal diadhepi selama berpacaran lan pathokan ing Alkitab apa sing isa bermanfaat bèn isa nggawé keputusan sing bener. Terus ya bakal dibahas apa perané para sedulur ing jemaat.
TUJUANÉ PACARAN
3. Menurut Wulang Bebasan 20:25, tujuané pacaran kuwi apa?
3 Meskipun masa berpacaran kuwi nyenengké, wong sing berpacaran kudu éling nèk kuwi hubungan sing serius. Soalé nèk wis pacaran, meréka isa waé bakal nikah. Wektu nikah, wong lanang lan wong wédok janji ing ngarepé Yéhuwah nèk bakal saling menyayangi lan menghormati selama meréka isih urip. Nah, menurut Alkitab, sakdurungé nggawé janji apa waé, kudu dipikirké tenanan sik. Kuwi termasuk janji perkawinan. (Wacanen Wulang Bebasan 20:25.) Wektu pacaran, wong lanang lan wong wédok isa saling mengenal lan mengkoné isa nggawé keputusan soal hubungan kuwi. Keputusané isa waé nikah utawa putus. Nèk misalé putus, kuwi dudu berarti pacarané gagal. Soalé, tujuané pacaran kuwi kanggo nentokké meréka bakal nikah utawa ora.
4. Ngapa kok kudu nduwé pandhangan sing bener soal tujuané pacaran?
4 Ngapa kok kudu nduwé pandhangan sing bener soal tujuané pacaran? Kuwi berlaku ora mung kanggo sing durung nikah, tapi ya kabèh sedulur-sedulur liyané. Nèk nduwé pandhangan sing bener, wong sing durung nikah ora bakal mulai pacaran nèk ora nduwé niat kanggo nikah. Nah kanggo sedulur-sedulur liyané, meréka ora bakal mikir nèk wong sing pacaran kuwi wis mesthi kudu nikah. Nèk para sedulur liyané ora nduwé pandhangan sing bener soal tujuané pacaran, apa akibaté kanggo sedulur-sedulur sing durung nikah? Sedulur Melissa saka Amerika Serikat sing durung nikah ngomong, ”Ana sedulur-sedulur sing nganggep nèk wong wis pacaran kuwi ya kudu nikah. Akibaté, ana sing tetep mempertahankan hubungané, padahal ngerti nèk pacaré ora cocog dadi pasangan hidupé. Sing liyané malah ana sing dadi wegah pacaran. Hal-hal kaya ngono kuwi isa dadi beban.”
BÈN LUWIH KENAL KARO WONGÉ
5-6. Selama pacaran, hal-hal apa waé sing kudu dingertèni saka calon pasangan hidupé? (1 Pétrus 3:4)
5 Nah nèk njenengan lagi pacaran, piyé bèn njenengan isa nggawé keputusan arep nikah karo wong kuwi apa ora? Kudu kenal tenan karo wongé. Mémang sakdurungé pacaran, njenengan wis ngerti beberapa hal soal dhèwèké. Tapi pas pacaran, njenengan dadi isa luwih ngerti dhèwèké kuwi asliné piyé. (Wacanen 1 Pétrus 3:4.) Selama berpacaran, njenengan bakal ngerti piyé hubungané dhèwèké karo Yéhuwah, sifat-sifaté, lan pandhangané. Suwé-suwé, njenengan ya bakal isa nyimpulké jawaban saka pertanyaan-pertanyaan iki: ’Apa dhèwèké cocog dadi pasangan hidupku?’ (WB. 31:26, 27, 30; Éf. 5:33; 1 Tim. 5:8) ’Apa kami padha-padha saling menyayangi lan nggatèkké? Apa kami isa menerima kekurangané masing-masing?’b (Rm. 3:23) Tapi élinga: Sing paling penting kuwi dudu sepira akèhé persamaané kalian, tapi piyé kalian menyesuaikan diri wektu ana perbédaan.
6 Nah, apa manèh sing kudu dipahami wektu pacaran? Masalah-masalah sing penting, misalé rencana-rencana soal masa depan utawa cita-cita, kuwi kudu diomongké malah sakdurungé rasa sayangé dadi tambah gedhé. Tapi, nèk soal masalah keséhatan, keuangan, utawa trauma sing tau dialami piyé? Ora kabèh kudu dibahas pas awal-awal pacaran. (Bandhingna Yohanes 16:12.) Ngomonga karo pacaré njenengan nèk misalé njenengan ngrasa durung siap njawab pertanyaan-pertanyaan soal pribadi. Tapi nèk wis wektuné, njenengan ya kudu tetep jujur ngandhani pacaré njenengan soal hal-hal kuwi, bèn dhèwèké ya isa nggawé keputusan.
7. Piyé carané wong sing lagi pacaran isa saling mengenal? (Deloken kothak ”Pacaran Jarak Jauh”.) (Deloken gambar.)
7 Salah siji cara bèn isa ngerti pacaré njenengan kuwi asliné wong sing kaya apa, ya kudu omong-omongan sing jujur lan terbuka. Njenengan isa takon, terus ngrungokké tenanan. (WB. 20:5; Yak. 1:19) Makané, njenengan isa melakukan kegiatan bareng-bareng bèn isa ngobrol. Misalé mangan, mlaku-mlaku ing tempat umum, lan nginjil bareng. Njenengan ya isa saling mengenal wektu bergaul karo kanca lan keluarga. Sakliyané kuwi, rencanakna kegiatan bèn njenengan isa ngamati piyé dhèwèké wektu ngadhepi berbagai macam situasi lan ngadhepi wong sing béda-béda. Gatèkna pengalamané Sedulur Erwin saka Belanda sing pacaran karo Sedulur Alicia. Erwin ngomong, ”Bèn isa saling mengenal, kami melakukan kegiatan bareng-bareng. Kadhang mung sepélé, misalé nyiapké panganan utawa resik-resik omah bareng. Selama melakukan kegiatan kuwi, kami dadi isa ngerti apa kelemahan lan kelebihané masing-masing.”
Pasangan sing lagi pacaran isa melakukan kegiatan bareng-bareng bèn isa ngobrol lan saling mengenal (Deloken paragraf 7-8)
8. Nèk wong sing lagi pacaran mempelajari Alkitab bareng-bareng, apa waé manfaaté?
8 Njenengan ya isa saling mengenal nèk mempelajari Alkitab bareng-bareng. Bèn isa selalu éntuk tuntunané Yéhuwah, bar nikah, njenengan kudu ibadah keluarga. (Pkh. 4:12) Dadi, ngapa kok ora kèt saiki pas isih pacaran, njenengan njadwalké kanggo mempelajari Alkitab bareng? Mémang, wong sing lagi pacaran kuwi durung dadi sak keluarga, terus sing lanang durung dadi kepalané sing wédok. Tapi nèk rutin mempelajari Alkitab bareng-bareng, njenengan isa saling ngerti sepira akrabé hubungané masing-masing karo Yéhuwah. Apa ana manfaat liyané? Gatèkna pengalamané Mark karo Lisa saka Amerika Serikat. Mark crita, ”Pas awal-awal pacaran, kami mulai mempelajari publikasi-publikasi sing mbahas soal pacaran, perkawinan, lan keluarga. Merga mempelajari publikasi-publikasi kuwi, kami akhiré dadi isa mbahas hal-hal penting sing awalé bingung arep mulai mbahasé piyé.”
HAL-HAL SING ISA DIPIKIRKÉ
9. Wektu mutuské sapa sing arep dikandhani, apa waé sing isa dipikirké?
9 Sapa waé sing kudu dikandhani? Kuwi keputusané njenengan karo pacaré njenengan. Pas awal-awal pacaran, mungkin kalian mutuské nèk mung beberapa thok sing dikandhani. (WB. 17:27) Isa waé kuwi merga njenengan ora péngin akèh ditakon-takoni utawa dikongkon ndang nikah. Tapi, aja nganti ora ngandhani sapa-sapa. Soalé, nèk ngono mengko njenengan dadi kegodha kanggo nutup-nutupi hubungan kuwi. Kuwi isa berbahaya. Mulané, apik nèk njenengan ngandhani wong-wong sing isa ngekèki naséhat. (WB. 15:22) Misalé anggota keluarga, para pinituwa, utawa sedulur-sedulur sing rohaniné apik.
10. Piyé bèn selama berpacaran, tingkah lakuné ora nggawé Yéhuwah sedhih? (Wulang Bebasan 22:3)
10 Piyé bèn wong sing pacaran isa njaga tingkah lakuné tetep pantes? Saya suwé, kalian bakal dadi saya cedhak. Nah piyé bèn tingkah lakuné kalian selama berpacaran ora nggawé Yéhuwah sedhih? (1 Kor. 6:18) Aja berduaan thok, ngomongké sing saru-saru, utawa mabuk. (Éf. 5:3) Soalé, hal-hal kuwi isa marakké kalian dadi ora isa ngendhalèni nafsu lan dadi ora isa mikir utawa nglakoni sing bener. Apik nèk kalian kerep mbahas batesan-batesan apa waé selama berpacaran bèn ora nglanggar pathokané Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 22:3.) Gatèkna pengalamané David karo Alma saka Etiopia. Meréka crita, ”Biasané kami ketemuané ing tempat umum sing akèh wongé utawa bareng kanca-kanca liyané. Kami ora pernah berduaan ing mobil utawa ing omah. Dadi, kami isa menghindari situasi-situasi sing isa marakké kegodha.”
11. Soal nduduhké kasih sayang, apa waé sing kudu dipikirké sing lagi pacaran?
11 Nah, piyé soal nduduhké kasih sayang? Merga hubungané dadi saya cedhak, ana sing dadi péngin nduduhké rasa sayangé. Tapi kudu tetep ngati-ati, soalé nèk nafsuné tambah kuwat, mengko dadi ora isa mikir utawa nggawé keputusan sing bener. (Kid. 1:2; 2:6) Nèk ora ngati-ati, carané nduduhké kasih sayang kuwi isa cepet banget berubah dadi perbuatan sing salah. (WB. 6:27) Makané kèt awal pacaran, bahasen lan tentokna piyé carané kalian nduduhké kasih sayang sing sesuai pathokan ing Alkitab.c (1 Tés. 4:3-7) Dadi kalian isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki: ’Apa carané kami nduduhké kasih sayang marakké wong liya risi? Apa carané kami nduduhké kasih sayang isa marakké kami dadi kegodha nglakoni sing salah?’
12. Nèk lagi pacaran tapi kerep padu, pengingat-pengingat apa sing isa dipikirké?
12 Piyé nèk ana masalah utawa béda pendapat selama pacaran? Nèk padu terus, apa kuwi berarti kalian wis ora cocog manèh? Durung mesthi, soalé kabèh pasangan kadhang ya béda pendapat. Perkawinan isa langgeng kuwi nèk suami karo istri saling ngajèni lan gelem ngalah. Dadi, carané kalian saiki ngatasi masalah kuwi sakjané nduduhké piyé carané kalian ngatasi masalah mengko pas wis nikah. Mulané, kalian isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki: ’Wektu ana masalah, apa kami isa tetep tenang, saling ngajèni, lan ngrembug masalahé apik-apik? Apa kami gelem ngakoni kesalahan lan ora mbalèni manèh? Apa kami gelem ngalah, njaluk ngapura, lan gampang ngampuni?’ (Éf. 4:31, 32) Tapi mémang, nèk selama pacaran kalian padu terus, mungkin pas nikah ya bakal padu terus. Dadi, nèk njenengan ngrasa dhèwèké ora isa dadi pasangan hidup sing apik kanggo njenengan, mungkin putus kuwi sing paling apik kanggo kalian berdua.d
13. Kanggo nentokké pacarané nganti kapan, apa waé sing isa dipikirké?
13 Nganti kapan pacarané? Nèk kesusu nggawé keputusan, biasané hasilé ora apik. (WB. 21:5) Dadi, kudu ana cukup wektu selama masa pacaran bèn isa saling mengenal. Tapi, ya aja nganti kesuwèn. Menurut Alkitab, ”Harapan sing ora ndang kelakon nggawé lara ati.” (WB. 13:12) Sakliyané kuwi, nèk saya suwé pacarané, mengko ya dadi saya angèl nolak godhaan sing salah. (1 Kor. 7:9) Daripada mikirké kudu nganti kapan pacarané, njenengan isa mikirké, ’Apa sing isih péngin tak ngertèni soal dhèwèké bèn aku isa nggawé keputusan?’
PERANÉ SEDULUR-SEDULUR LIYANÉ
14. Apa waé carané ndhukung pasangan sing lagi pacaran? (Deloken gambar.)
14 Nèk awaké dhéwé ngerti ana pasangan sing lagi pacaran, piyé carané ndhukung meréka? Isa ngundang mangan bareng, ibadah keluarga, utawa rékréasi. (Rm. 12:13) Kesempatan-kesempatan kaya ngono kuwi ya isa marakké meréka dadi saling mengenal. Bèn meréka ora mung berduaan, mungkin njenengan isa ngancani meréka dolan, ngeterké meréka nganggo mobilé njenengan, utawa ngundang meréka ing omahé njenengan bèn meréka isa omong-omongan. (Gal. 6:10) Alicia, sing disebutké mau, nyritakké perané sedulur-sedulur wektu dhèwèké pacaran karo Erwin. Alicia crita, ”Kami seneng wektu ana sedulur-sedulur sing ngomong nèk kami isa teka ing omahé, nèk butuh panggonan kanggo ngobrol tapi ora sepi.” Dadi, nèk njenengan dijaluki tulung kanggo ngancani meréka pacaran, kuwi sakjané carané njenengan isa ndhukung meréka. Nèk pasangan kuwi butuh wektu kanggo ngobrol berdua, kèkana kesempatan kuwi, tapi aja ditinggal nèk blas ora ana wong liya ing kono.—Flp. 2:4.
Nèk ngerti ana pasangan sing lagi pacaran, golèka cara kanggo ndhukung meréka (Deloken paragraf 14-15)
15. Apa manèh carané ndhukung pasangan sing lagi pacaran? (Wulang Bebasan 12:18)
15 Awaké dhéwé ya isa ndhukung pasangan sing lagi pacaran nèk ngati-ati karo apa sing awaké dhéwé omongké. (Wacanen Wulang Bebasan 12:18.) Misalé, bar ngerti nèk ana pasangan sing mulai pacaran, awaké dhéwé mungkin dadi péngin ngandhani wong liya. Tapi, mungkin pasangan kuwi pénginé meréka dhéwé sing ngandhani wong-wong. Terus, aja nggosipké pasangan kuwi utawa ngoméntari pilihan pribadiné meréka. (WB. 20:19; Rm. 14:10; 1 Tés. 4:11) Terus ya aja ngomong utawa takon-takon sing marakké meréka dadi ngrasa nèk kudu nikah. Sedulur Elise karo bojoné crita pengalamané pas isih pacaran. Dhèwèké ngomong, ”Kami isin banget wektu ana sing takon soal rencana pernikahan kami, padahal kami waé durung ngrembug soal kuwi.”
16. Piyé tanggepané awaké dhéwé pas ana pasangan sing putus?
16 Piyé nèk ngerti ana pasangan sing putus? Ora perlu nyalahké utawa takon-takon ngapa kok meréka putus. (1 Ptr. 4:15) Sedulur Lea crita, ”Bar aku putus karo pacarku, aku krungu ana wong-wong sing nebak-nebak ngapa kok kami putus. Aku dadi lara ati.” Kaya sing wis disebutké ing awal, putus kuwi ora berarti pacarané gagal. Malah, kuwi berarti tujuané pacaran wis tercapai, yaiku kanggo mutuské arep nikah apa ora. Tapi meskipun ngono, wong sing putus isa waé sedhih, kecéwa, lan lara ati. Dadi, awaké dhéwé isa nggolèk cara kanggo nguwatké lan nyemangati meréka.—WB. 17:17.
17. Apa sing kudu terus diupayakké pasangan sing lagi pacaran?
17 Kaya sing wis dibahas, masa-masa berpacaran kuwi nyenengké, tapi ya ana akèh tantangané. Jessica crita, ”Ya mémang selama masa pacaran kuwi kudu ana akèh upaya. Tapi, aku babar blas ora gela wis nggunakké akèh wektu lan tenaga kanggo saling mengenal.” Nèk saiki lagi pacaran, kalian kudu terus ngupaya bèn isa luwih saling mengenal. Hasilé, mengko kalian isa nggawé keputusan sing bener.
LAGU 49 Nyenengké Atiné Yéhuwah
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, halaman 39-40.
c Ndemèk-ndemèk alat kelaminé wong liya kuwi termasuk hubungan sèks sing ora pantes. Masalah kuwi kudu ditangani panitia pengadilan. Ndemèk-ndemèk payudara lan percakapan sing ora pantes soal sèks liwat télpon utawa chat ya isa waé bakal ditangani panitia pengadilan, bergantung karo situasiné.
d Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal 15 Agustus 1999.