PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Mei hlm. 20-25
  • Jeneng Yéhuwah Kuwi Penting Banget kanggo Yésus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Jeneng Yéhuwah Kuwi Penting Banget kanggo Yésus
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”AKU WIS NDUDUHKÉ JENENGMU MARANG WONG-WONG KUWI”
  • ”DEMI JENENG-MU”
  • ”BAPAK, MUGA-MUGA JENENG-MU DILUHURKÉ”
  • ”AKU GELEM NGORBANKÉ URIPKU”
  • ”AKU WIS NGRAMPUNGKÉ GAWÉAN SING MBOK WÈNÈHKÉ MARANG AKU”
  • Apa Jeneng Yéhuwah Penting kanggo Njenengan?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Pujinen Jenengé Yéhuwah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa sing Isa Dipelajari saka Tebusané Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • ”Pilihen Dhéwé Sapa sing Arep Mbok Layani”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Mei hlm. 20-25

ARTIKEL PELAJARAN 22

LAGU 15 Muji Anaké Yéhuwah

Jeneng Yéhuwah Kuwi Penting Banget kanggo Yésus

”Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi lan aku ya bakal terus nindakké kuwi.”—YOH. 17:26.

INTI

Sing dilakukan Yésus bèn jeneng Yéhuwah dikenal, disucèkké, lan bébas saka tudhuhané Sétan.

1-2. (a) Pas bengi sakdurungé dipatèni, Yésus ngapa? (b) Pertanyaan-pertanyaan apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

DINA Kemis bengi tanggal 14 Nisan 33 M, Yésus mangan bareng karo para rasulé sing setya kanggo memperingati kematiané. Yésus ngerti nèk sedhéla manèh dhèwèké bakal dikhianati, disiksa, terus dipatèni mungsuh-mungsuhé. Dadi bar rampung mangan, Yésus ngandhani hal-hal sing isa nguwatké para rasulé. Sakdurungé lunga ninggalké panggonan kuwi, Yésus nyampèkké donga sing penting banget. Donga kuwi ditulis Rasul Yohanes ing Yohanes bab 17.

2 Ing artikel iki bakal dibahas sing isa dipelajari saka dongané Yésus kuwi. Sakdurungé mati, apa sing Yésus kuwatirké? Apa sing paling penting kanggo dhèwèké selama pelayanané ing bumi? Ayo mbahas pertanyaan-pertanyaan kuwi.

”AKU WIS NDUDUHKÉ JENENGMU MARANG WONG-WONG KUWI”

3. Ing Yohanes 17:​6, 26 apa sing Yésus sebutké soal jeneng Yéhuwah, lan apa maksudé?

3 Jeneng Yéhuwah kuwi penting banget kanggo Yésus. Pas ndonga, Yésus nganti ping pindho ngomong, ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang [murid-muridku]”. (Wacanen Yohanes 17:​6, 26.) Maksudé Yésus apa? Yésus ora lagi ngandhani murid-muridé nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah. Murid-muridé Yésus kuwi wong Yahudi lan jeneng Yéhuwah ditulis mèh ping 7.000 ing Kitab-Kitab Ibrani. Dadi, meréka mesthi wis ngerti nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah. Dadi wektu Yésus ngomong, ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu” kuwi maksudé Yésus wis nduduhké sifat-sifat, perbuatan, lan karepé Yéhuwah ing murid-muridé. Yésus isa melakukan kuwi merga Yésus sing paling ngerti soal Yéhuwah.

4-5. (a) Critakna perumpamaan sing nduduhké piyé jenengé wong isa luwih berkesan kanggo awaké dhéwé. (b) Apa sing dilakukan Yésus bèn murid-muridé luwih kenal karo Yéhuwah?

4 Biasané, jenengé wong bakal luwih berkesan nèk wong kuwi wis berjasa kanggo awaké dhéwé. Perumpamaané ngéné: Ing jemaat, ana pinituwa sing jenengé David, sing wis njenengan kenal selama bertaun-taun. Dhèwèké ya kerja dadi dokter bedhah jantung. Nah, suatu hari njenengan kena serangan jantung lan kudu dioperasi. Njenengan digawa ing rumah sakit. Terus ternyata sing ngoperasi njenengan kuwi Sedulur David. Akhiré, njenengan dadi mari. Saiki, saben krungu jeneng David, njenengan ya mesthi langsung kèlingan nèk dhèwèké sing wis nylametké nyawané njenengan.

5 Nah padha kaya ngono, murid-muridé Yésus sakjané wis ngerti jeneng Yéhuwah. Tapi, jeneng kuwi dadi luwih berkesan kanggo meréka merga Yésus marakké meréka luwih kenal karo Yéhuwah. Kok isa? Kabèh sing diomongké lan dilakukan Yésus kuwi persis plek karo Yéhuwah. Dadi, wektu para rasul ndelok carané Yésus mulang lan ngamati carané Yésus memperlakukan wong liya, meréka dadi luwih ”kenal” karo Yéhuwah.—Yoh. 14:9; 17:3.

”DEMI JENENG-MU”

6. Apa maksudé Yéhuwah wis ngekèkké jenengé ing Yésus?

6 Ing dongané sing ditulis ing Yohanes 17:​11, 12, Yésus ya nyebutké nèk Yéhuwah wis ngekèkké jenengé ing Yésus. (Deloken Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru Edisi Pelajaran ing bagian ”nama-Mu yang telah Kauberikan kepadaku”.) Tapi kuwi ora berarti nèk Yésus bakal disebut ”Yéhuwah”. Dadi, maksudé jeneng Yéhuwah wis dikèkké Yésus kuwi apa? Yésus kuwi wakilé Yéhuwah lan sing nyampèkké omongané Yéhuwah. Yésus ’teka nganggo jenengé Bapaké’ lan nèk nggawé mukjijat selalu nganggo jeneng kuwi. (Yoh. 5:43; 10:25) Sakliyané kuwi, ing arti jeneng Yésus ya ana jeneng Yéhuwahé. Arti jeneng Yésus kuwi ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.

7. Kèkana perumpamaan ngapa kok Yésus isa ngomong ”nganggo jeneng Yéhuwah”.

7 Coba pikirna perumpamaan iki: Duta besar sing manggon ing negara liya kuwi kan dikèki wewenang kanggo mewakili présidèn saka negara asalé, dadi sing diomongké duta besar kuwi ya isa dianggep kaya omongané présidèné. Padha kaya ngono, Yésus ya mewakili Yéhuwah. Dadi omongané Yésus ya isa mewakili omongané Yéhuwah.—Mat. 21:9; Luk. 13:35.

8. Ngapa kok bahkan sakdurungé teka ing bumi, Yésus isa bertindak ”nganggo” jeneng Yéhuwah? (Pangentasan 23:​20, 21)

8 Ing Alkitab disebutké nèk sakdurungé teka ing bumi Yésus disebut ”Sabda”. Soalé, Yésus sing dikon Yéhuwah nyampèkké omongané kanggo para malaékat lan manungsa. (Yoh. 1:​1-3) Kétoké, malaékat sing diutus Yéhuwah kanggo nglindhungi lan nuntun bangsa Israèl selama ing padhang belantara kuwi ya Yésus. Yéhuwah ngongkon wong Israèl manut karo malaékat kuwi. Yéhuwah ngomong, ”Merga dhèwèké teka nganggo jeneng-Ku.”a (Wacanen Pangentasan 23:​20, 21.) Dadi jelas nèk Yésus kuwi wakilé Yéhuwah. Yésus sing nduwé peran paling penting kanggo nyucèkké jeneng Yéhuwah lan mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan soal Yéhuwah kuwi ora bener.

”BAPAK, MUGA-MUGA JENENG-MU DILUHURKÉ”

9. Sepira pentingé jeneng Yéhuwah kanggo Yésus? Apa buktiné?

9 Kaya sing wis dibahas, bahkan sakdurungé Yésus teka ing bumi, jeneng Yéhuwah kuwi dadi hal sing paling penting kanggo Yésus. Makané, selama ing bumi, Yésus selalu mbuktèkké nèk nganggep penting jeneng Yéhuwah. Beberapa hari sakdurungé mati, Yésus ngomong, ”Bapak, muga-muga jeneng-Mu diluhurké.” Saka swarga Yéhuwah langsung njawab nganggo swara sing banter, ”Kuwi wis Tak luhurké lan bakal Tak luhurké manèh.”—Yoh. 12:28.

10-11. (a) Apa waé sing dilakukan Yésus kanggo ngluhurké jeneng Yéhuwah? (Deloken gambar.) (b) Ngapa kok jeneng Yéhuwah kudu disucèkké?

10 Yésus dhéwé ya ngluhurké jenengé Bapaké. Salah siji carané yaiku nyritani wong-wong soal sifat-sifat lan perbuatané Yéhuwah sing luar biasa. Tapi, ora mung kuwi thok. Yésus ngerti nèk jeneng Yéhuwah kudu disucèkké lan réputasiné kudu digawé apik manèh. Makané wektu ngajari murid-muridé carané ndonga, Yésus ngomong, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.”—Mat. 6:9.

11 Ngapa kok jeneng Yéhuwah kudu disucèkké lan réputasiné kudu digawé apik manèh? Mbiyèn ing Taman Èden, Sétan wis nggawé èlèk jeneng Yéhuwah. Yéhuwah ditudhuh ngapusi lan nahan sesuatu sing apik saka Adam lan Hawa. (PD. 3:​1-5) Sétan ya nudhuh nèk sing dilakukan Yéhuwah kuwi ora bener. Tudhuhané Sétan marakké wong-wong ya dadi mèlu mikir èlèk soal Yéhuwah. Terus pas jamané Ayub, Sétan ya nudhuh nèk wong-wong gelem nglayani Yéhuwah mung bèn éntuk berkah. Nèk uripé susah, meréka ora bakal nglayani Yéhuwah manèh merga sakjané ora bener-bener sayang karo Dhèwèké. (Ayb. 1:​9-11; 2:4) Nah, butuh waktu kanggo mbuktèkké sapa sing ngapusi, Yéhuwah utawa Sétan.

Yésus nyampèkké Ceramah ing Gunung ing ngarepé wong akèh.

Yésus ngajari murid-muridé pentingé nyucèkké jenengé Gusti Allah (Deloken paragraf 10)


”AKU GELEM NGORBANKÉ URIPKU”

12. Merga sayang Yéhuwah lan jenengé, Yésus nganti gelem melakukan apa?

12 Merga sayang Yéhuwah, Yésus gelem melakukan apa waé bèn isa nyucèkké jeneng Yéhuwah. Yésus bahkan nganti ’gelem ngorbanké uripé’ kanggo mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi suci lan sing Dhèwèké lakukan mesthi bener.b (Yoh. 10:​17, 18) Kuwi ora dilakukan Adam lan Hawa. Meréka mbrontak karo Yéhuwah lan malah manut karo Sétan. Yésus ya gelem teka ing bumi lan mbuktèkké nèk sayang karo Yéhuwah. Saka omongan lan perbuatané, Yésus selalu nduduhké nèk manut karo Yéhuwah. (Ibr. 4:15; 5:​7-10) Yésus tetep setya karo Yéhuwah sakjegé uripé bahkan nganti mati ing cagak hukuman. (Ibr. 12:2) Kuwi bukti nèk Yésus sayang karo Yéhuwah lan jenengé.

13. Ngapa kok Yésus sing paling cocog kanggo mbuktèkké nèk Sétan sing ngapusi? (Deloken gambar.)

13 Kabèh sing dilakukan Yésus pas ing bumi mbuktèkké nèk sing ngapusi kuwi Sétan, dudu Yéhuwah. (Yoh. 8:44) Sing paling ngerti Yéhuwah kuwi kaya apa ya mung Yésus. Dadi nèk misalé Sétan nudhuhké sesuatu soal Yéhuwah, Yésus mesthi langsung ngerti tudhuhan kuwi bener apa ora. Nèk misalé tudhuhané Sétan ana sing bener, Yésus mesthi ora gelem mbéla Yéhuwah nganti mati. Tapi kenyataané, bahkan wektu Yéhuwah wis ora nglindhungi dhèwèké, Yésus pilih setya nganti mati timbang ngianati Yéhuwah.—Mat. 27:46.c

Yésus ing cagak hukuman.

Kabèh sing dilakukan Yésus mbuktèkké nèk sing ngapusi kuwi Sétan, dudu Yéhuwah (Deloken paragraf 13)


”AKU WIS NGRAMPUNGKÉ GAWÉAN SING MBOK WÈNÈHKÉ MARANG AKU”

14. Merga Yésus tetep setya, Yéhuwah ngekèki berkah apa waé?

14 Sakdurungé mati, Yésus ndonga, ”Aku wis ngrampungké gawéan sing mbok wènèhké marang aku.” Yésus yakin nèk Yéhuwah bakal mberkahi upayané kanggo tetep setya. (Yoh. 17:​4, 5) Kenyataané, Yéhuwah bener-bener mberkahi Yésus. Yéhuwah nguripké manèh Yésus, terus ngekèki Yésus kedudukan sing luwih dhuwur ing swarga. (Kis. 2:​23, 24; Flp. 2:​8, 9) Yésus bahkan ya mréntah dadi raja ing Kerajaané Gusti Allah. Apa sing bakal dilakukan Kerajaan kuwi? Ing conto dongané, Yésus nyebutké, ”Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing [Yéhuwah] karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.”—Mat. 6:10.

15. Apa waé sing bakal dilakukan Yésus?

15 Sedhéla manèh, Yésus bakal perang lan matèni mungsuh-mungsuhé Gusti Allah ing Armagédon. (Why. 16:​14, 16; 19:​11-16) Ora suwé bar kuwi, dhèwèké bakal nguncalké Sétan ing ”jurang sing jero banget”. Ing kono Sétan wis ora isa ngapa-ngapa manèh. (Why. 20:​1-3) Terus, Yésus bakal mréntah 1.000 taun lan nggawé kabèh wong ing bumi dadi damai lan sempurna. Yésus ya bakal nguripké manèh wong mati lan nggawé bumi dadi Firdaus. Sing dikarepké Yéhuwah bakal bener-bener dadi kenyataan.—Why. 21:​1-4.

16. Apa sing kelakon bar Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus?

16 Bar Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, manungsa wis ora dosa manèh. Dadi, meréka wis ora perlu njaluk ampun merga dosané, lan bèn isa akrab karo Yéhuwah ya wis ora butuh perantara. Wektu kuwi, kematian ya wis disingkirké. Kabèh sing mati wis diuripké manèh, lan kabèh wong ing bumi wis dadi sempurna.—1 Kor. 15:​25, 26.

17-18. (a) Bar Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, ana apa manèh? (b) Bar rampung mréntah 1.000 taun, apa sing bakal dilakukan Yésus? (1 Korintus 15:​24, 28) (Deloken gambar.)

17 Bar Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, ora ana manèh sing meragukan nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing suci lan adil. Élinga, nèk mbiyèn ing Taman Èden, Sétan nudhuh Yéhuwah ngapusi lan ora sayang karo manungsa. Tapi kenyataané, sejak kuwi wis ana akèh umaté Yéhuwah sing mbuktèkké nèk mémang carané Yéhuwah sing paling apik. Dadi, bar Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, jeneng Yéhuwah wis bener-bener disucèkké, lan Dhèwèké terbukti dadi Gusti Allah sing sayang karo manungsa.

18 Dadi, kabèh tudhuhané Sétan soal Yéhuwah wis terbukti ora bener. Bar rampung mréntah 1.000 taun, apa sing bakal dilakukan Yésus? Apa Yésus bakal mèlu-mèlu Sétan mbrontak nglawan Yéhuwah? Ora. (Wacanen 1 Korintus 15:​24, 28.) Yésus bakal ’nyerahké manèh Kerajaan kuwi marang Bapaké’ lan bakal manut pamréntahané Bapaké. Ora kaya Sétan, Yésus gelem melakukan kuwi kabèh merga sayang banget karo Yéhuwah.

Yésus ing swarga nyerahké mahkotané ing Yéhuwah.

Sakwisé mréntah 1.000 taun, Yésus réla nyerahké manèh Kerajaan kuwi ing Bapaké (Deloken paragraf 18)


19. Apa sing wis awaké dhéwé pelajari soal Yésus ing artikel iki?

19 Ing artikel iki awaké dhéwé wis mbahas nèk Yéhuwah terbukti ora salah pilih wektu ngekèki Yésus jenengé. Yésus terbukti dadi wakilé Yéhuwah sing sempurna. Kanggoné Yésus, jeneng Yéhuwah kuwi hal sing paling penting. Bahkan, dhèwèké réla mati demi jeneng kuwi lan gelem nyerahké sak kabèhé ing Yéhuwah pas akhir Pamréntahan Sèwu Tauné. Piyé awaké dhéwé isa niru Yésus? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

APA JAWABANÉ?

  • Apa maksudé Yésus nduduhké jeneng Yéhuwah ing murid-muridé?

  • Apa maksudé Yéhuwah ngekèkké jenengé ing Yésus?

  • Demi jeneng Yéhuwah, Yésus nganti gelem ngapa lan kuwi merga apa?

LAGU 16 Pujinen Huwah lan Anaké

a Kadhang-kadhang, sing dadi wakilé Yéhuwah kanggo nyampèkké omongané kuwi para malaékat. Makané, kadhang ing Alkitab malaékat ya disebut Yéhuwah. (PD. 18:​1-33) Misalé, ing Alkitab mémang disebutké nèk Musa nampa hukum Taurat saka Yéhuwah. Tapi, ing ayat-ayat liya disebutké nèk Yéhuwah nyampèkké kuwi liwat malaékaté.—Km. 27:34; Kis. 7:​38, 53; Gal. 3:19; Ibr. 2:​2-4.

b Kematiané Yésus ya isa marakké manungsa urip saklawasé.

c Deloken ”Pitakonané Sing Maca” ing Warta Penting April 2021, halaman 30-31.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim