PENGALAMAN
Sakjané Isinan, Tapi Isa Dadi Utusan Injil
KÈT cilik, aku ki wongé isinan lan wedi nèk dikon omongan karo wong. Tapi, Yéhuwah mbantu aku liwat wong-wong liya. Misalé, Bapakku sing ngajari aku soal Yéhuwah, sedulur wédok sing dadi kancaku pas remaja, terus bojoku sing selalu sabar lan apikan karo aku. Aku akhiré isa dadi utusan injil sing seneng nggatèkké wong liya. Ayo tak critani pengalamanku.
Aku lair ing Wina, Austria, taun 1951. Bapak ibuku agamané Katolik. Meskipun menengan, aku percaya karo Gusti Allah lan kerep ndonga. Pas aku umur sanga, bapakku mulai belajar Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ora suwé bar kuwi, ibuku ya mèlu belajar.
Karo adhiku wédok, Elisabeth (kiwa)
Akhiré kami gabung ing jemaat Döbling ing Wina. Kami sak keluarga seneng maca lan belajar Alkitab bareng-bareng, teka ngibadah, lan dadi rélawan ing pertemuan rohani. Kèt aku cilik, Bapak ngajari aku bèn sayang karo Yéhuwah. Malah, Bapak selalu ndonga bèn aku karo adhiku wédok isa dadi perintis. Tapi wektu kuwi, merintis dudu cita-citaku.
MULAI MERINTIS
Aku dibaptis taun 1965, wektu umur 14. Aku ngrasa angèl kanggo nginjil soalé kudu omongan karo wong sing ora dikenal. Aku ya minderan lan péngin bèn kanca-kanca sak umuranku gelem bergaul karo aku. Dadi ora suwé bar dibaptis, aku mulai kancanan karo sing ora nglayani Yéhuwah. Aku seneng bergaul karo meréka. Suwé-suwé, hati nuraniku dadi ngrasa ora pénak. Tapi, aku ya angèl nèk kon ora bergaul manèh karo meréka. Untungé, ana sing mbantu aku.
Akèh sing isa tak tiru saka contoné Dorothée (kiwa)
Wektu kuwi, ing jemaatku ana penginjil anyar umuré 16 taun, jenengé Dorothée. Aku terkesan karo semangaté kanggo nginjil ing omah-omah. Aku luwih tuwa timbang dhèwèké, tapi malah jarang nginjil. Aku dadi mikir, ’Wong tuwaku loro-loroné Seksi Yéhuwah, tapi Dorothée ora ana keluargané sing nglayani Yéhuwah. Dhèwèké ya isih kudu ngrawat ibuné sing lara, tapi tetep sregep nginjil.’ Kuwi marakké aku dadi péngin berbuat luwih akèh kanggo Yéhuwah. Ora suwé bar kuwi, aku karo Dorothée merintis ékstra bareng (mbiyèn disebut perintis liburan), terus akhiré merintis biasa. Aku ketularan semangaté Dorothée. Malah, aku isa nduwé pelajar Alkitab sing pertama kuwi merga dibantu Dorothée. Suwé-suwé, aku dadi luwih kendel nginjil, ora soal ing omah-omah, ing dalan, lan ing endi waé.
Durung nganti setaun aku merintis biasa, ana perintis istiméwa sing ditugaské ing jemaatku. Sedulur lanang kuwi jenengé Heinz. Dhèwèké belajar Alkitab ing Kanada wektu marani masé sing wis dadi Seksi Yéhuwah. Kèt awal, aku wis seneng karo Heinz. Kuwi ora tak ungkapké, soalé dhèwèké péngin dadi utusan injil tapi aku ora. Tapi akhiré aku karo Heinz pacaran, nikah, lan bareng-bareng merintis ing Austria.
”SUWÉ-SUWÉ, AKU YA PÉNGIN DADI UTUSAN INJIL”
Heinz ora tau meksa aku dadi utusan injil. Tapi bèn aku ya mulai mikirké cita-cita kuwi, dhèwèké kadhang takon, ”Kan awaké dhéwé ora nduwé anak, menurutmu apa manèh ya sing isa dilakukan kanggo nglayani Yéhuwah luwih akèh?” Mémang saiki aku dadi perintis. Tapi merga sifat isinanku, nèk kon dadi utusan injil kétoké aku ora sanggup. Meskipun ngono, Heinz terus sabar karo aku. Dhèwèké isih kerep ngomongké cita-citané, lan ngandhani aku bèn luwih nggatèkké wong liya, ora mikirké perasaanku thok. Naséhaté Heinz bener-bener bermanfaat.
Heinz mandhu Warta Penting ing jemaat basa Serbo-Kroasia ing Salzburg, Austria, 1974
Suwé-suwé, aku ya péngin dadi utusan injil. Terus kami ndaftar Sekolah Giléad. Hamba cabang nyaranké aku belajar bèn basa Inggrisku luwih lancar manèh. Tapi sakwisé telung taun ngupayakké kuwi, kami malah ditugaské kanggo nglayani ing jemaat basa Serbo-Kroasia ing Salzburg, Austria. Kami nglayani ing kono selama pitung taun, termasuk setaun ing tugas keliling. Basa Serbo-Kroasia kuwi angèl, tapi kami nduwé akèh pelajar Alkitab.
Taun 1979, kami ditugaské kanggo lunga ing Bulgaria. Merga ing kana kegiatan nginjil dilarang, kami dikon éthok-éthok liburan. Kami ora éntuk nginjil, tapi dikon nggawa publikasi sing ukurané cilik banget kanggo lima sedulur wédok sing manggon ing Sofia, ibu kota Bulgaria. Aku sakjané wedi banget, tapi Yéhuwah mbantu. Aku ndelok dhéwé piyé lima sedulur wédok kuwi kendel banget lan tetep bahagia meskipun isa waé ngerti-ngerti meréka dicekel polisi lan dipenjara. Contoné meréka marakké aku dadi kendel kanggo nglakoni tugas apa waé saka organisasi.
Aku karo Heinz ndaftar manèh Sekolah Giléad, lan kali iki kami ditampa. Kami ngirané bakal mèlu Sekolah Giléad ing Amerika Serikat nganggo basa Inggris. Tapi sasi November 1981, ternyata ana kelas tambahan Sekolah Giléad nganggo basa Jerman ing Wiesbaden, Jerman. Kami mèlu sekolah kuwi. Aku luwih mudheng basa Jerman.
NGLAYANI ING NEGARA SING KEREP PERANG
Bar lulus, kami ditugaské ing Kenya. Tapi, kantor cabang Kenya takon apa kami gelem nglayani ing Uganda. Dadi critané, sepuluh taun sakdurungé, ana jéndral jenengé Idi Amin mbrontak nglawan pamréntah, terus nguwasani negara kuwi. Selama mréntah, dhèwèké kejem banget, matèni éwonan wong, lan marakké jutaan wong sengsara. Taun 1979, para pembrontak berupaya nglèngsèrké dhèwèké, terus dhèwèké melarikan diri. Merga ing Uganda lagi semrawut kaya ngono, wajar ta nèk aku wedi dikon mrono. Tapi, ing Sekolah Giléad, kami wis disiapké bèn terus percaya karo Yéhuwah. Dadi, kami gelem nampa tugas kuwi.
Situasi ing Uganda kacau banget. Pamréntah ora isa nyedhiakké banyu, listrik, lan hal-hal penting liyané. Télpon ya ora isa dienggo. Ing endi-endi ana akèh témbak-témbakan lan perampokan, khususé pas bengi. Dadi nèk wis peteng, kabèh padha ing omah lan berharap, bahkan nganti ndonga, bèn ora ana wong jahat sing teka kanggo maling utawa matèni. Tapi meskipun situasiné kaya ngono, para sedulur tetep bahagia nglayani Yéhuwah.
Masak ing omahé keluarga Waiswa
Taun 1982, kami tekan ing Kampala, ibu kotané Uganda. Selama limang sasi, kami manggon ing omahé Sam lan Christina Waiswa. Meréka nduwé anak lima, lan ana papat seduluré sing ya manggon ing omah kuwi. Keluarga kuwi biasané mangané mung sedina pisan, makané aku terkesan banget meréka gelem nampa kami dadi tamuné. Selama manggon karo keluarga Waiswa, ana akèh sing kami pelajari, terutama sing bermanfaat kanggo nglayani dadi utusan injil. Misalé, kami belajar carané hémat banyu. Kami adus nganggo banyu sithik banget, terus banyu sing bar dienggo adus kuwi dienggo nyiram toilèt. Taun 1983, akhiré kami pindhah lan manggon ing dhaérah sing cukup aman ing Kampala.
Kami menikmati banget nginjil ing Kampala. Bahkan pernah, sesasi kami ngedumké luwih saka 4.000 majalah. Tapi sing terutama marakké seneng kuwi merga wong-wongé padha ngajèni Gusti Allah lan seneng mbahas Alkitab. Aku karo Heinz masing-masing isa mandhu 10 nganti 15 pelajaran Alkitab. Kami ya akèh belajar saka para pelajar Alkitab kuwi. Misalé, meskipun kudu mlaku bèn isa teka ngibadah, meréka ora tau sambat, tapi malah selalu kétok sumringah.
Taun 1985 lan 1986, ana loro perang manèh ing Uganda. Kami ndelok cah-cah cilik wis padha dadi tentara, lan ing endi-endi nggawa senjata. Meréka biasané dikon jaga lan mriksa wong-wong utawa kendaraan sing liwat. Kami kerep ndonga bèn Yéhuwah mbantu kami tetep tenang, kendel, lan wicaksana wektu nginjil. Yéhuwah njawab donga-dongané kami. Biasané nèk wis ketemu karo wong sing gelem ngrungokké soal Yéhuwah, kami dadi ora wedi manèh.
Aku, Heinz, lan Tatjana (tengah)
Kami ya seneng nyritakké kabar apik kanggo wong-wong asing sing manggon ing Uganda. Salah sijiné kuwi pasangan suami istri saka Tatarstan (Rusia Tengah) sing jenengé Murat lan Dilbar Ibatullin. Murat kuwi dokter. Meréka akhiré dibaptis lan nganti saiki terus setya nglayani Yéhuwah. Terus ya ana wong wédok saka Ukraina jenengé Tatjana Vileyska sing belajar Alkitab karo aku. Wektu kuwi, dhèwèké sempet kepikiran arep bunuh diri. Sakwisé dibaptis, Tatjana balik manèh ing Ukraina lan akhiré nglayani dadi penerjemah kanggo publikasi basa Ukraina.a
TUGAS ANYAR
Taun 1991, wektu lagi liburan ing Austria, kami dikandhani kantor cabang nèk bakal ditugaské ing Bulgaria. Selama bertaun-taun, kegiatané Seksi Yéhuwah ing beberapa negara ing Eropa dilarang. Tapi saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah wis diakoni ing negara-negara kuwi, salah sijiné Bulgaria. Kaya sing mau tak critakké, aku karo Heinz tau ing Bulgaria kanggo nylundupké publikasi. Tapi saiki, kami ditugaské ing kono kanggo nginjil.
Kami langsung dikon mangkat ing Bulgaria. Dadi ora sempet balik ing Uganda kanggo njupuki barang-barang utawa pamitan karo para sedulur. Kami langsung lunga ing Bètel ing Jerman, terus numpak mobil lunga ing Bulgaria. Kami ditugaské ing kelompok sing isiné 20 penginjil ing kutha Sofia.
Ing Bulgaria ana beberapa tantangan anyar. Pertama, kami ora isa basa Bulgaria. Keloro, publikasi sing ana ing basa Bulgaria mung Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal lan Buku Cerita Alkitab. Ketelu, angèl banget ngejak wong belajar Alkitab. Meskipun situasiné angèl, para sedulur ing kelompok kuwi semangat banget nginjilé. Nah, kuwi marakké wong-wong saka Gréja Ortodoks ora seneng, terus kami mulai dianiaya.
Taun 1994, Seksi Yéhuwah ing Bulgaria dilarang lan dianggep sèkte berbahaya. Ana beberapa sedulur sing dipenjara. Terus, akèh berita nudhuh nèk Seksi Yéhuwah matèni anak-anaké, merga anaké ora éntuk ditransfusi. Meréka ya nudhuh nèk Seksi Yéhuwah ngongkon Seksi Yéhuwah liyané bunuh diri. Kuwi marakké dadi angèl kanggo nginjil. Pas nginjil, ana sing mbengoki lan ngelokké kami, nyeluk polisi, lan bahkan kami ya kerep dibalangi. Publikasi ora isa dikirim ing Bulgaria. Kami ya kangèlan nyéwa panggonan kanggo ngibadah. Bahkan wektu lagi pertemuan, kami pernah digrebeg polisi. Kami syok banget soalé pas ing Uganda wong-wongé ramah lan gelem belajar Alkitab, tapi ing kéné wong-wongé jahaté kaya ngono. Tapi, apa sing marakké kami isa tetep menikmati penugasan?
Jawabané, merga pergaulan karo para sedulur. Meréka menghargai banget ajaran sing bener lan bantuané kami. Kabèh padha rukun lan saling nyemangati. Saka pengalaman kuwi, kami belajar nèk terus mikirké wong liya, dudu masalahé dhéwé, kami isa menikmati penugasan apa waé.
Ing kantor cabang Bulgaria, 2007
Suwé-suwé, keadaané dadi luwih apik. Taun 1998, Seksi-Seksi Yéhuwah diakoni manèh karo pamréntah, lan akèh publikasi diterjemahké ing basa Bulgaria. Taun 2004, bangunan kantor cabang sing anyar diresmèkké. Saiki, ing Bulgaria ana 2.953 penginjil ing 57 jemaat. Taun 2024, ana 6.475 sing teka ing acara Peringatan. Mbiyèn ing kutha Sofia mung ana lima sedulur wédok, tapi saiki wis ana sanga jemaat. Kuwi kaya ramalan ing Yésaya 60:22, ”Sing sithik bakal dadi sèwu”.
NGADHEPI MASALAH KESÉHATAN
Aku ngalami beberapa masalah keséhatan. Misalé, ana beberapa tumor ing badanku. Salah sijiné ing otak. Aku kudu terapi radiasi, bahkan nganti lunga ing India kanggo operasi selama 12 jam kanggo njupuk sebagian besar tumor kuwi. Bar operasi, kami manggon ing Bètel India selama beberapa waktu nganti aku pulih, terus bar kuwi balik manèh ing Bulgaria.
Sakliyané kuwi, Heinz ya mulai lara. Penyakité jenengé Huntington. Kuwi penyakit langka sing marakké dhèwèké dadi kangèlan mlaku, omongan, lan ngendhalèni gerakané. Pas penyakité tambah parah, dhèwèké dadi semakin ora isa tak tinggal. Aku kadhang dadi kekeselen lan kewalahan, bahkan kuwatir apa isa ngrawat dhèwèké terus. Tapi untungé, ana sedulur lanang enom sing jenengé Bobi sing kerep ngejak Heinz nginjil. Meskipun wektu nginjil Heinz omongané kadhang ora jelas utawa gerakané ora terkendali, Bobi ora tau isin. Bobi selalu isa tak endelké. Meskipun saiki aku karo Heinz mutuské ora nduwé anak, kami ngrasa Yéhuwah mberkahi kami. Soalé ternyata Bobi dadi kaya anak kanggo kami.—Mrk. 10:29, 30.
Heinz ya kena kanker, terus taun 2015 dhèwèké mati. Bar dhèwèké mati, aku ngrasa kélangan banget lan isih ora percaya nèk dhèwèké wis ora ana. Nganti saiki, aku isih terus kèlingan karo dhèwèké. (Luk. 20:38) Aku isih kerep mikirké omongané lan naséhaté kanggo aku. Aku bersyukur banget isa nglayani Yéhuwah bareng dhèwèké selama bertaun-taun.
BERSYUKUR MERGA SELALU DITULUNGI YÉHUWAH
Meskipun ngadhepi akèh kesulitan, Yéhuwah terbukti selalu nulungi aku. Aku isa dadi utusan injil sing perduli karo wong liya meskipun aku asliné wongé isinan, kuwi ya merga Yéhuwah. (2 Tim. 1:7) Bahkan aku karo adhiku wédok saiki padha-padha nglayani sepenuh waktu. Dhèwèké karo bojoné saiki nglayani ing wilayah basa Serbia ing Eropa. Dongané bapakku pas kami isih cilik bener-bener dijawab Yéhuwah.
Aku isa ngrasa ayem merga pelajaran pribadi. Pas ngalami kesusahan, aku malah dadi belajar bèn ndonga ”saya tenanan” kaya Yésus. (Luk. 22:44) Yéhuwah njawab dongaku, salah sijiné liwat kasih sayangé para sedulur ing jemaatku ing Nadezhda, Sofia. Aku kerep diundang kanggo bergaul. Meréka ya kerep ngomong nèk sayang karo aku. Kuwi marakké aku bahagia banget.
Aku kerep ngrenungké harapan isa ketemu manèh karo wong-wong sing tak sayangi. Aku mbayangké keluargaku ngumpul ing Firdaus. Wong tuwaku enom manèh kaya pas meréka nikah, adhiku lagi nyiapké panganan, lan Heinz lagi ngadeg ing samping jarané. Mbayangké kuwi marakké aku dadi bahagia, bersyukur karo Yéhuwah, lan ora mikirké manèh hal-hal sing èlèk.
Pas ngrenungké soal uripku lan masa depan, aku ngrasa kaya Daud sing ngomong ing Mazmur 27:13, 14, ”Misalé aku ora nduwé iman nèk Yéhuwah bakal apikan karo aku sakjegé uripku, aku ora ngerti uripku bakal piyé. Ayo padha berharap marang Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu kendel lan kuwat. Ayo padha berharap marang Yéhuwah.”
a Deloken pengalamané Tatjana Vileyska ing Sedarlah! 22 Desember 2000, hlm. 20-24.