PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w18 Juli hlm. 30-31
  • Piyé Carané Sinau Alkitab sing Nyenengké lan Éntuk Manfaat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Sinau Alkitab sing Nyenengké lan Éntuk Manfaat
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Nggawé Keputusan Dhéwé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Gunakna Kabèh sing Disedhiyakké Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • ’Pangandikané Gusti Allah Iku Gedhé Kuwasané’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
w18 Juli hlm. 30-31
Yosua maca buku Hukum nganggo lilin

Piyé Carané Sinau Alkitab sing Nyenengké lan Éntuk Manfaat

Yosua maca buku Hukum; témbok Yérikho ambruk ning omahé Rahab ora ambruk; Yosua ndonga karo ngangkat tangané

YOSUA kudu mimpin bangsa Israèl mlebu ing Tanah Prajanjian. Iki tugas sing ora gampang. Tapi, Yéhuwah nguwatké lan nyemangati Yosua, ”Kowé kudu kendel lan kuwat.” Yéhuwah kandha marang Yosua, nèk dhèwèké isa nggawé keputusan sing wicaksana lan bakal suksès nèk maca lan manut karo hukum-hukum Taurat.​—Ys. 1:7, 8, NW.

Kita urip ing ”dina-dina pungkasan” lan iki nggawé urip kita susah. (2 Tim. 3:1) Nèk péngin suksès kaya Yosua, kita kudu manut naséhat saka Yéhuwah kanggo Yosua. Kita kudu ajeg maca Alkitab lan nggunakké pathokané Alkitab kanggo nggawé keputusan.

Mbokmenawa kita ora ngerti carané sinau sing apik utawa pancèn ora seneng sinau. Ning, sinau Alkitab pribadi kuwi penting. Ing kothak ”Cobanen Saran Iki”, ana saran-saran sing isa mbantu bèn panjenengan isa luwih seneng sinau Alkitab lan éntuk manfaaté.

Sing nulis Jabur nyanyi: ”Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepakèn Paduka, awit punika ingkang kawula remeni.” (Ms. 119:35) Panjenengan uga isa seneng sinau Alkitab. Nèk terus sinau Alkitab, panjenengan bakal nemokké akèh bab-bab sing apik.

Panjenengan mungkin ora kudu mimpin bangsa kayadéné Yosua. Ning, panjenengan dhéwé mesthi ya nduwé masalah. Dadi, tirunen Yosua, sinaua Alkitab lan trapna. Panjenengan bakal isa nggawé keputusan sing wicaksana lan suksès.

COBANEN SARAN IKI

  • Wong lanang ndonga

    Ndonga dhisik. Alkitab kuwi isiné pikirané Yéhuwah, lan ditulis kanggo paédahé kita. Dadi wektu maca Alkitab, ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa ngerti, éling, lan ngetrapké isiné Alkitab.—Éz. 7:10.

  • Wong lanang mikirké pitakonan

    Pikirna pitakonan-pitakonan wektu maca Alkitab utawa wacan-wacan Alkitab. Contoné: ’Apa sing isa disinaoni bab Yéhuwah saka sing tak waca iki? Apa hubungané sing tak waca iki karo Kratoné Allah? Piyé aku isa nggunakké iki kanggo mbantu wong liya?’

  • Wong lanang mikir tenanan

    Pikirna tenanan. Mandhega sedhéla lan pikirna apa sing diwaca. Pikirna pitakonan iki: ’Piyé perasaanku sakwisé maca iki? Kenapa aku ngrasa kaya ngono? Apa hubungané iki karo sing tak alami mbiyèn, saiki, lan sing mungkin bakal kelakon sukmbèn? Piyé carané ngetrapké pathokané Alkitab iki?’ (Ay. 23:5; Ms. 49:4) Wektu sinau, pikirna apa sebabé ana bab-bab sing dilarang karo Yéhuwah. Utawa, wektu maca pengalamané wong ing Alkitab, pikirna apa hasilé nèk wong kuwi nindakké sing béda.​—PT. 32:28, 29.

  • Wong lanang mbayangké cerita-cerita ing Alkitab

    Bayangna apa sing diwaca. Contoné, coba bayangna adegan wektu Yusuf didol karo sedulur-seduluré marang wong Ismaèl. (Pd. 37:18-28) Apa panjenengan isa ndelok, krungu, lan ngambu? Bayangna nèk panjenengan dadi tokoh kuwi. Apa sing dipikirké lan dirasakké karo wong kuwi? Sinauné bakal dadi luwih nyenengké lan maédahi nèk karo dibayangké.

  • Wong lanang nggunakké sarana-sarana kanggo sinau

    Gunakna sarana-sarana saka pakumpulan. Ajara nggunakké sarana-sarana sing ana ing basa panjenengan. Nèk perlu, aja sungkan takon-takon karo wong liya carané nggunakké sarana-sarana kuwi. Contoné, Indeks Publikasi Menara Pengawal utawa Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah isa mbantu panjenengan nemokké lan ngertèni maksudé ayat-ayat sing ana hubungané karo bab sing lagi disinaoni. Panjenengan uga isa nggunakké Tuntunan kanggo Sinau Alkitab, sing isiné katrangan-katrangan bab panggonan, urut-urutan wektu, ukuran bobot lan takeran, lan liya-liyané.

  • Wong lanang nggawé kesimpulan

    Nggawéa kesimpulan. Kuwi bakal mbantu panjenengan kèlingan karo sing disinaoni. Luwih apik manèh nèk isa crita karo wong liya bab sing panjenengan sinaoni. Apa ana sing isa ditrapké ing gawéan nginjil? Nèk nindakké kuwi kabèh, panjenengan bakal kèlingan karo bab-bab utamané lan wong liya uga isa éntuk manfaat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim