PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ijwyp artikel 78
  • Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Maca Alkitab—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab
  • Pitakonané Cah Enom
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Bayangna critané
  • Kudu dipelajari tenan
  • Manfaaté Maca Alkitab​—Bagian 1: Ngerti Isiné
    Pitakonané Cah Enom
  • Carané Bèn Seneng Maca Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Éntuk Manfaat Pas Maca Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Dikuwatké Merga Sinau Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Pitakonané Cah Enom
ijwyp artikel 78
Cah enom maca Alkitab karo nggawé garis waktu, mbukak Alkitab édhisi pelajaran, ndelok péta, lan nggambar

PITAKONANÉ CAH ENOM

Manfaaté Maca Alkitab​—Bagian 2: Seneng Maca Alkitab

Cah enom sing jenengé Will ngomong, ”Awaké dhéwé isa dadi males maca Alkitab nèk ora ngerti carané.”

Piyé carané bèn seneng maca Alkitab? Deloken saran-saran iki.

  • Bayangna critané

  • Kudu dipelajari tenan

  • Kandhané kanca-kancamu

Bayangna critané

Bayangna kowé ya ana ing crita kuwi. Carané:

  1. Milih crita sing péngin diwaca. Kowé isa milih crita sing ana ing Injil utawa ing buku Alkitab liyané, utawa milih crita sing ana ing rekaman Alkitab sing diwaca kaya drama ing jw.org.

  2. Maca critané. Isa diwaca dhéwé utawa bareng-bareng. Ana sing dadi tokohé, terus ya ana sing maca critané.

  3. Nyoba saran iki:

    • Critané digambar utawa digawé komik, terus dikèki keterangan gambar.

    • Pas maca kisahé abdiné Gusti Allah, tulisen sifat-sifaté, sing dialami, karo berkah sing ditampa.

    • Bayangna kowé dadi penyiar berita, terus kowé wawancara karo tokoh-tokohé. Bar kuwi, critané gawénen kaya laporan berita.

    • Nèk ana tokoh sing nggawé kesalahan, bayangna piyé hasilé nèk dhèwèké ora nggawé kesalahan kuwi. Contoné, pas Pétrus ora ngaku nèk kenal Yésus. (Markus 14:66-​72) Pas kuwi, kuduné Pétrus njawab apa?

    • Kisah sing mbok waca ing Alkitab kuwi gawénen drama, terus tulisen apa sing isa ditiru lan sing kuduné ora ditiru saka kisah kuwi.​—Roma 15:4.

      Cah wédok mbayangké critané Daud karo Goliat

      Pas maca Alkitab, bayangna critané

Kudu dipelajari tenan

Nèk kisahé dipelajari tenan, kowé isa ngerti luwih akèh soal kisah kuwi. Kadhang, awaké dhéwé isa ngerti luwih akèh mung saka satu atau dua kata.

Contoné, bandhingna Matius 28:7 karo Markus 16:7.

  • Ngapa kok ing ayat kuwi Markus nulis ”lan Pétrus” pas nyritakké nèk Yésus arep nemoni murid-muridé?

  • Petunjuk: Markus ora ndelok dhéwé peristiwa kuwi. Kétoké sing ngandhani dhèwèké kuwi Pétrus.

  • Pikirna: Pétrus mesthi seneng banget pas ngerti nèk Yésus péngin ketemu dhèwèké. Lha ngapa? (Markus 14:66-​72) Apa buktiné nèk Yésus sayang karo Pétrus? Piyé carané niru Yésus?

Dadi, kowé isa seneng maca Alkitab nèk critané mbok bayangké lan kisahé mbok pelajari tenan.

Kandhané kanca-kancamu

Bonnie

”Aku macané sak pasal thok, terus kuwi tak pelajari tenan nganti aku bener-bener paham. Aku seneng banget soalé aku dadi ngerti sing mauné aku ora ngerti.”​—Bonnie.

Timothy

”Pas maca buku Rut, aku ya mbukak Watchtower Library bèn isa ngerti keterangan luwih akèh. Bèn kowé ya seneng pas maca Alkitab, coba bukaken kuwi.”​—Timothy.

Isabel

”Aku seneng maca Alkitab bareng-bareng, terus tak gawé kaya drama. Sing tak jak maca Alkitab dadi tokoh-tokohé. Aku ya seneng ngrungokké rekaman Alkitab sing diwaca kaya drama ing jw.org. Aku dadi isa mbayangké critané.”​—Isabel.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim