PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 75
  • Gempa Bumi ing Turkiye lan Suriah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gempa Bumi ing Turkiye lan Suriah
  • Topik Liyané
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Peristiwa-Peristiwa Taun 2023 sing Nggawé Kuwatir
    Topik Liyané
  • Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Apa ing Taun 2023 Awaké Dhéwé Isa Bahagia?
    Topik Liyané
  • Gelombang Panas Taun 2023
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Topik Liyané
mrt artikel 75
Tim SAR lagi évakuasi korban gempa.

Ismail Sen/Anadolu Agency via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Gempa Bumi ing Turkiye lan Suriah

BERITA SING PALING ANYAR: 10 Februari 2023

Nganti dina Kemis, 9 Februari 2023, sing mati merga gempa iki wis luwih saka 20.000. Sing luka-luka ana puluhan èwu, terus sing omahé hancur ana atusan èwu.

Ana loro Panitia Penanggulangan Bencana sing dibentuk Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo ngekèki bantuan lan ngéwangi tim SAR. (Galatia 6:10) Sedina bar gempa, ana sedulur-sedulur saka kantor cabang sing langsung teka ing lokasi bencana, meskipun dalané èlèk lan cuacané ora apik. Meréka teka kanggo nyemangati lan nguwatké sedulur-sedulur. (1 Pétrus 5:2) Berita-berita sing paling anyar bakal ana ing Ruang Berita.

Ing Alkitab ditulis, ”Yéhuwaha cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.” (Mazmur 34:18) Ing vidéo lan artikel iki ana saran-saran saka Alkitab sing isa mbantu njenengan:

  •  Ing vidéo Janjiné Gusti Allah kanggo sing Ditinggal Mati ana saran-saran kanggo sing lagi berduka.

  •  Ing artikel ”Mbantu Anak-Anak Bèn Ora Kepengaruh karo Berita sing Nggawé Kuwatir” ana saran-saran sing isa mbantu bèn anak-anak ora wedi.

Dina Senèn, 6 Februari 2023, ana gempa bumi ing Turkiye lan Suriah.

  • ”Sing mati merga gempa ing Turkiye lan Suriah ana luwih saka 3.700. Terus, ana éwonan sing luka-luka lan omahé hancur. Merga ing kana lagi musim dingin, prosès évakuasiné dadi angèl.”​—Reuters, 6 Februari 2023.

Awaké dhéwé mesthi sedhih nèk krungu berita kuwi. Tapi, awaké dhéwé ya éling nèk Yéhuwah ”mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”. (2 Korintus 1:3) Gusti Allah ngekèki ”harapan . . . lan mènèhi awaké dhéwé penghiburan”.​—Roma 15:4.

Ing Alkitab, ana:

  • Ramalan soal gempa bumi.

  • Penghiburan lan harapan.

  • Carané Gusti Allah nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah.

Nèk péngin ngerti luwih akèh soal kuwi, wacanen artikel:

  • ”Ramalan ing Alkitab soal Gempa Bumi”

  • ”Pas Ana Masalah, Apa Ana Harapan?”

  • ”Gusti Allah Bakal Nyingkirké Kasusahan”

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim