PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 19
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 1 Babad

      • Wong Ammon nggawé utusané Daud kisinan (1-5)

      • Menang nglawan Ammon lan Siria (6-19)

1 Babad 19:1

Réferènsi Silang

  • +2Sam 10:1-5

1 Babad 19:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 9:7
  • +PD 19:36, 38

1 Babad 19:4

Réferènsi Silang

  • +Km 19:27

1 Babad 19:5

Réferènsi Silang

  • +1Raj 16:34

1 Babad 19:6

Cathetan Ngisor

  • *

    1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

  • *

    Lit.: ”Aram-naharaim”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 14:47; 2Sam 8:3; 10:6

1 Babad 19:7

Réferènsi Silang

  • +Yos 13:8, 9

1 Babad 19:8

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:16
  • +2Sam 10:7, 8; 23:8

1 Babad 19:10

Réferènsi Silang

  • +2Sam 10:9-12

1 Babad 19:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”diserahké ing tangané”.

Réferènsi Silang

  • +1Bb 11:20, 21

1 Babad 19:12

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:5

1 Babad 19:13

Réferènsi Silang

  • +PT 31:6; Yos 1:9

1 Babad 19:14

Réferènsi Silang

  • +Km 26:7, 8; PT 28:7; 2Sam 10:13, 14

1 Babad 19:16

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:3
  • +2Sam 10:15, 16

1 Babad 19:17

Réferènsi Silang

  • +2Sam 10:17-19

1 Babad 19:19

Réferènsi Silang

  • +Mzm 18:39
  • +1Bb 14:17; Mzm 18:44

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

1 Bb. 19:12Sam 10:1-5
1 Bb. 19:22Sam 9:7
1 Bb. 19:2PD 19:36, 38
1 Bb. 19:4Km 19:27
1 Bb. 19:51Raj 16:34
1 Bb. 19:61Sam 14:47; 2Sam 8:3; 10:6
1 Bb. 19:7Yos 13:8, 9
1 Bb. 19:82Sam 8:16
1 Bb. 19:82Sam 10:7, 8; 23:8
1 Bb. 19:102Sam 10:9-12
1 Bb. 19:111Bb 11:20, 21
1 Bb. 19:122Sam 8:5
1 Bb. 19:13PT 31:6; Yos 1:9
1 Bb. 19:14Km 26:7, 8; PT 28:7; 2Sam 10:13, 14
1 Bb. 19:162Sam 8:3
1 Bb. 19:162Sam 10:15, 16
1 Bb. 19:172Sam 10:17-19
1 Bb. 19:19Mzm 18:39
1 Bb. 19:191Bb 14:17; Mzm 18:44
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Babad 19:1-19

1 Babad

19 Terus, Nahas rajané wong Ammon mati, lan anaké lanang dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 2 Mula Daud kandha, ”Aku bakal apikan*+ marang Hanun anaké Nahas, merga bapaké ya wis apikan marang aku.” Terus, Daud ngirim utusan kanggo menghibur Hanun sing kélangan bapaké. Ning, pas para abdiné Daud tekan ing negarané wong Ammon+ kanggo nglipur Hanun, 3 para pemimpiné wong Ammon kandha marang Hanun, ”Nurut njenengan, apa tenan Daud ngirim para abdiné mréné kanggo menghibur njenengan merga ngajèni bapaké njenengan? Isa waé Daud ngutus para abdiné kuwi kanggo nyelidiki lan dadi mata-mata ing tanah iki, terus ngalahké njenengan.” 4 Bar kuwi, Hanun nangkep para abdiné Daud, nyukur tipis bréwoké wong-wong kuwi,+ lan ngethok klambiné wong-wong kuwi nganti gari sak pinggang dawané, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga. 5 Pas Daud dikandhani soal wong-wong kuwi, dhèwèké langsung ngongkon wong nemoni para abdiné mau, merga wong-wong kuwi wis digawé isin banget. Raja kandha, ”Manggona ing Yérikho+ nganti bréwokmu thukul manèh, terus balia mréné.”

6 Bar wong Ammon ngerti nèk tumindaké kuwi nggawé Daud sengit banget, Hanun lan wong Ammon ngirim 1.000 talènta* pérak kanggo nyéwa prajurit sing numpak jaran lan kréta-kréta saka Mésopotamia,* Aram-maaka, lan Zoba.+ 7 Wong-wong kuwi nyéwa kréta 32.000, termasuk raja Maaka lan pasukané. Terus, wong-wong kuwi teka lan kémah ing ngarep Médéba.+ Wong Ammon ngumpul saka kutha-kuthané lan mara kanggo perang.

8 Wektu krungu kuwi, Daud ngutus Yoab+ lan kabèh pasukané, termasuk para pejuangé sing paling hébat.+ 9 Wong Ammon metu saka kutha lan mbentuk barisan tempur ing dalan mlebu menyang kutha. Wektu kuwi, raja-raja sing wis teka padha ngumpul ing padhang.

10 Pas Yoab ngerti nèk ana serangan saka ngarep lan mburi, dhèwèké milih sebagéan prajurit sing paling apik ing Israèl lan ngatur wong-wong kuwi dadi barisan tempur kanggo ngadhepi wong Siria.+ 11 Sisané diserahké kanggo dipimpin* Abisyai seduluré,+ bèn Abisyai ngatur wong-wong kuwi dadi barisan tempur kanggo ngadhepi wong Ammon. 12 Yoab kandha, ”Nèk wong Siria+ luwih kuwat timbang aku, kowé kudu teka nylametké aku. Ning nèk wong-wong Ammon luwih kuwat timbang kowé, aku bakal nylametké kowé. 13 Awaké dhéwé kudu kuwat lan kendel+ kanggo bangsané awaké dhéwé lan kanggo kutha-kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé, lan Yéhuwah bakal nindakké sing dadi bagéané.”

14 Terus, Yoab lan pasukané maju perang nglawan wong Siria, lan wong Siria mlayu saka ngarepé.+ 15 Wektu ndelok wong Siria padha mlayu, wong Ammon ya mlayu saka Abisyai seduluré Yoab, terus mlebu ing kutha. Bar kuwi, Yoab bali menyang Yérusalèm.

16 Wektu ngerti nèk wis dikalahké wong Israèl, wong Siria ngirim utusan kanggo ngundang wong Siria sing ana ing wilayah Kali Éfrat,+ sing dipimpin Syofakh pemimpin pasukané Hadadèzèr.+

17 Pas éntuk laporan, Daud langsung nglumpukké kabèh pasukan Israèl, nyabrang Kali Yordan, marani wong Siria, lan maju ing barisan tempur kanggo nglawan wong-wong kuwi. Daud maju ing barisan tempur kanggo ngadhepi wong Siria, lan wong Siria nglawan dhèwèké.+ 18 Ning wong Siria padha mlayu saka Israèl, lan Daud matèni 7.000 wong sing numpak kréta perang, lan 40.000 prajurit sing mlaku. Dhèwèké ya matèni Syofakh pemimpin pasukané wong-wong kuwi. 19 Wektu para abdiné Hadadèzèr ngerti nèk wis dikalahké Israèl,+ wong-wong kuwi ngejak damai lan tundhuk karo Daud.+ Wong Siria ya ora gelem mbantu wong Ammon manèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim