PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 7:51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Mula, Raja Salomo ngrampungké kabèh gawéan sing kudu ditindakké kanggo omahé Yéhuwah. Terus, Salomo nggawa mlebu kabèh barang sing wis disucèkké+ Daud bapaké. Dhèwèké ndèlèhké kabèh pérak, emas, lan barang-barang ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+

  • 1 Para Raja 14:25, 26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm.+ 26 Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah lan ing istanané raja.+ Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+

  • 1 Babad 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Ana papat kepala penjaga gerbang* sing isa dipercaya kanggo tugas kuwi. Wong-wong kuwi wong Lèwi sing éntuk tugas ngawasi ruangan-ruangan* lan panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener.+

  • 1 Babad 18:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 dhèwèké langsung ngutus Hadoram anaké marang Raja Daud kanggo nakonké kabaré lan kanggo ngucapké slamet merga Daud wis menang nglawan Hadadèzèr (merga Hadadèzèr kerep perang nglawan Tou). Hadoram ya nggawa macem-macem barang saka pérak, emas, lan tembaga. 11 Raja Daud mènèhké* barang-barang kuwi kanggo Yéhuwah,+ padha kaya pas dhèwèké mènèhké pérak lan emas sing wis dijarah saka kabèh bangsa, yaiku Édom lan Moab, saka wong Amon,+ wong Filistin,+ lan wong Amalèk.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim