-
Matius 27:57-60Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
57 Wektu wis soré, ana wong sugih saka Arimatéa teka sing jenengé Yusuf. Dhèwèké ya wis dadi muridé Yésus.+ 58 Yusuf nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus.+ Terus, Pilatus ngongkon bèn mayat kuwi diwènèhké Yusuf.+ 59 Yusuf njupuk lan mbungkus mayaté Yésus nganggo kain linèn sing alus lan resik.+ 60 Mayaté Yésus mau didèlèhké ing kuburan anyar+ duwèké Yusuf, ing bukit watu sing wis digrowongi. Bar ngglundhungké watu gedhé kanggo nutup kuburan kuwi, Yusuf lunga.
-