-
Pangandharing Torèt 28:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+
-
-
Pangandharing Torèt 29:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Ning, wong-wong kuwi nyembah lan sujud marang allah-allah liya, yaiku allah-allah sing ora dikenal wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi sujud marang allah-allah kuwi senajan wis dilarang Gusti Allah.+ 27 Mula, Yéhuwah nesu banget marang wong-wong ing tanah kuwi, terus nggawé tanah kuwi kena kabèh kutukan sing ditulis ing buku kuwi.+
-
-
Yosua 23:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Ning, kaya Yéhuwah Gusti Allahmu wis nepati kabèh janjiné sing apik marang kowé,+ Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé kabèh bencana sing wis Dhèwèké janjèkké* marang kowé. Dhèwèké bakal nyingkirké kowé saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16 Nèk kowé nglanggar perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing kuduné mbok tepati lan nèk kowé nyembah lan sujud marang allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget marang kowé.+ Kowé ya bakal langsung disingkirké saka tanah sing apik iki sing wis diwènèhké marang kowé.”+
-