-
Yérémia 14:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wektu krungu kuwi, aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Para nabi kandha marang wong-wong kuwi, ’Ora bakal ana perang lan kelaparan. Gusti Allah bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki.’”+
-
-
Yérémia 23:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+
Para nabi kuwi nyesatké kowé.
17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,
’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+
Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,
’Kowé ora bakal kena bencana.’+
-
-
Yérémia 28:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Ing taun kuwi, ing awal pamréntahané Zédékia+ raja Yéhuda, yaiku ing taun kepapat sasi kelima, Nabi Hanania anaké Azur saka Gibéon+ kandha marang aku ing omahé Yéhuwah ing ngarepé para imam lan rakyat, 2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Aku bakal mbébaské kowé saka perbudakané raja Babilon.*+
-
-
Kidung Pangadhuh 2:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wahyu sing disampèkké para nabimu kuwi ora bener lan ora ana gunané.+
-