PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 17:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Yéhuwah bola-bali ngélikké Israèl lan Yéhuda liwat para nabiné lan wong sing nyampèkké wahyu,+ kandhané, ”Kowé kudu mertobat saka kelakuanmu sing jahat.+ Terus tindakna préntah-Ku, peraturan-Ku, yaiku kabèh hukum sing Tak wènèhké marang nènèk moyangmu lan sing Tak sampèkké marang kowé liwat nabi-Ku.” 14 Ning, wong-wong kuwi ora ngrungokké lan tetep ndableg kaya nènèk moyangé sing ora nduduhké iman marang Yéhuwah Gusti Allahé.+

  • Yérémia 7:12-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”’Saiki lungaa menyang panggonan suci-Ku ing Syilo,+ panggonan sing mauné Tak pilih kanggo mulyakké jeneng-Ku.+ Deloken apa sing wis Tak tindakké marang panggonan kuwi merga kejahatané umat-Ku Israèl.+ 13 Ning, kowé terus-terusan nindakké kabèh kuwi,’ kandhané Yéhuwah, ’lan senajan Aku wis bola-bali ngomong,* kowé ora gelem ngrungokké.+ Aku bola-bali ngundang* kowé, ning kowé ora gelem njawab.+ 14 Mula, apa sing wis Tak tindakké marang Syilo ya bakal Tak tindakké marang omah sing disebut nganggo jeneng-Ku iki,+ sing mbok endelké kuwi.+ Ya ing panggonan sing Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu iki Aku bakal nindakké apa sing wis Tak tindakké marang Syilo.+

  • Yérémia 25:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”Kèt taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon raja Yéhuda nganti dina iki, yaiku 23 taun suwéné, Yéhuwah wis nyampèkké omongané marang aku. Aku ya wis bola-bali nyampèkké kuwi* marang kowé, ning kowé ora gelem ngrungokké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim